Saturday, May 23, 2020

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa 1441H - 2020M

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa 1441H - 2020M


اَللهُ أَكْبَرُ . اَللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ. اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً. اللهُ أَكْبَرُ بِفَضْلِهِ، اَللهُ أَكْبَرُ بحِلْمِهِ وَعَفْوِهِ، اَللهُ أَكْبَرُ بِجُوْدِهِ وَكَرَمِهِ، اَللهُ أَكْبَرُ رَفَعَ السَّمَاوَاتِ بِغَيْرِ عَمَدٍ، وَبَسَطَ الأَرْضَ بِغَيْرِ عَنَتٍ،
الْحَمْدُ ِللهِ الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ حــذر عـبــادَه  مـن الـمـعــاصي والـمـنـكر والأغــتـرار  * ورَغـبـهــم فى الأســتـعــداد لــدار الـقــرار *   أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ   الـذي يخــلـق مــا يــشــاء ويــخــتــار  * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ســيــد الـخــلائــق والـبــشــر * اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدِ نــَور اْلأُنــوار*  َ وَعَلَى آلِهِ  وَأَصْحَابِهِ الـمــهــاجــريــن والأنــصــار *  وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ دار الـقــرار *  أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا اْلحَاضِرُونَ اْلكِرَامُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ*
Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumuilah,
Kapurwakan kanti suruping surya, minangka tengara sampurnanipun wulan Ramadhan, sinambet kanti kumandanging takbir mangangkang ngebaki awang awang, tasbih, tahmid lan tahlil nyertani swantening takbir, minangka tandaning raos syukur saking sedaya ummat Islam sak indenging jagat raya punika. Mahargya dinten kemenangan jalaran lelampah lan jejibahan ingkang sekelangkung awrat sampun kaleksanan kanti sampurna. Lan sinaoso tahun meniko kita mahargyo Idul Fitri wonten ing kawontenan ingkang mboten biasa, inggih ing tengah-tengahipun pandemi covid-19 ingkang ngantos sak mangke taksih dipun raosaken sedoyo tiyang ing ngalam ndunyo meniko, ananging wonten dinten ingkang kebak rahmat, maghfirah, enjang punika,  mangga kita kunjukaken pengalembana lan syukur kita wonten ngayunan dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala, awit peparingipun arupi kanugerahan kekiyatan dateng kita sedaya, kita saget nindakaken shiyam Ramadlan ngantos pari purna soho kito taksih kaparingan kesempatan lan kesehatan sahinggo kito taksih saget ngayahi sholat idul fitri sareng-sareng kaliyan sederek sederek kito sedoyo.  Panyuwun kita mugi sedaya amal ibadah kita langkung langkung shiyam kita sageta  maqbul tinampi wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala. Lan mugi-mugi Allah maringi panjang yuswa kita sedaya sahinggo saget pinanggih malih kaliyan wulan Ramadlan ing tahun tahun ingkang bade dateng wonten swasono ingkang langkung sae. Amiin.
اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ لآ إلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Kaum Muslim lan Muslimat ingkang minulya
Agami Islam sampun paring piwucal dumateng ummatipun bilih saben-saben musibah ingkang dumawah, mesti mengku hikmah kesaenan wonten sakwingkingipun. Samubarang engkang dipun paringaken Allah dumateng kawulonipun, menopo niku perkawis ingkang andamel bungah utawi susah temtu wonten hikmah ingkang saget dipun pendet dening tiyang-tiyang ingkang sabar lan iman dumateng Allah SWT. Kados ingkang kadawuhaken Allah wonten ing surat Al Baqarah ayat 216,
وَعَسٰى اَنْ تَكْرَهُوْا شَيْـئًا وَّهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ  وَعَسٰى اَنْ تُحِبُّوْا شَيْـئًا وَّهُوَ شَرٌّ لَّكُمْ . وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ
Lan menowo-menowo awak iro kabeh podo gething marang siji perkoro, ing mongko perkoro mau sejatine bagus kanggo iro kabeh. Lan menowo-menowo awak iro kabeh podo demen marang siji perkoro, ing mongko perkoro mau sejatine olo kanggo iro kabeh. Allah kuwi pirso lan awak iro podo ora ngerti kabeh.”   
            Pramilo, sinasoso kito rumaos gething lan mboten seneng, utawi kito anggep wabah meniko perkawis ingkang awon, ananging mesti mawon wabah meniko nggadahi pinten-pinten hikmah. Adedasar dawuh Allah kasebat, kito kedah nggadahi sikap optimis lan mboten putus asa soho mboten kelangan keyakinan bilih wonten ing wingkingipun cobaan meniko mengku kesaenan lan pelajaran ingkang positif, ingkang patut kita galih minongko ibroh utawi pangangen-angen kito sedoyo.  
Hadirin Rahimakumullah,
Saking peristiwa meniko wonten pinten-pinten piwucal ingkang saget kito pendet. Antawisipun: Sepindah, sebab wabah meniko, kita saget langkung caket dumateng Allah SWT, Pengeran Ingkang Maha Kuwaos, ingkang mbok menawi kita sampun lirwo dzikir dumateng Panjenganipun amargi kesibukan duniawi kito. Kanti wontene musibah  ingkang kedadosan meniko, kita sedoyo dipun imutaken dening Allah supados kito wangsul dumateng piwucal agami.
Musibah pandemic Covid-19 sakmangke mboten sanes minongko peringatan dumateng kito sedoyo. Amargi menawi kito tingali, pagesanganipun manungso akhir akhir meniko sampun sanget keterlaluan menawi dipun ukur kaliyan ketentuan-ketentuanipun Allah SWT. Menungso sami tebih saking Gusti Pengeranipun, utawi mbok menawi malah sami podo supe. Kanti kemajuan manungso ingkang ngedap-ngedapi wonten bidang ilmu pengetahuan lan teknologi, ndadosaken kathah menungso ingkang rumaos kumalungkung, sombong soho ngremehaken kuwosonipun Gusti. Amargi  kemampuan akalipun ingkang luar biasa kasebat, kepercayaan dumateng gusti Pengeran sangsoyo tipis utawi mungkin mawon sajak sampun ical.
Menawi iman sampun ical, mongko otomatis manungso mboten badhe ngakeni agama minongko aturane Gusti Pengeran. Tiyang-tiyang niku badhe ndamel aturan lan hukum kiyambak ingkang  nyocoki kaliyan nafsune dewe sahinggo badhe nuwuhaken aturan ingkang mboten juntrung kaliyan hukumipun Allah.  Kathahe warto goroh utawi berita hoax, hubungan tunggal jenis, jaler sami jaler, estri kaliyan estri,  jaler estri gesang sareng  sak omah mboten ngangge nikah soho numpuk arto bondho dunyo kanti coro menopo kemawon, mboten peduli halal lan haramipun, mboten ngindahaken pri kemanusiaan sarto kathah penyimpangan-penyimpangan sanesipun wonten ing pagesangan pribadinipun.
Ananging kanti datengipun wabah lan musibah, sedoyo dados kalang kabut. Kesombongan ingkang dipun agul-agulaken wonten ing kekuasaan politik, kekiatan ekonomi, kekiatan ilmu pengetahuan, mboten saget punopo-punopo utawi tanpo guno. Mboten wonten setunggaling kekuasaanpun ingkang saget nolak sakit lan kematian. Mboten wonten setunggaling kekiatan ekonomi ingkang kiat jejeg tanpo goyah. Bisnis ingkang dipun agung-agungaken lumpuh. Katah saudagar bangkrut, katah pabrik ingkang tutup lan pengangguran wonten pundi-pundi. Mekaten ugi Ilmu pengetahuan, mboten gadhah doyo amargi ngantos dinten meniko dereng dipun temokaken obat utawi vaksin virus corona sahinggo ongko kematian taksih inggil. Wonten ing kawontenan kados mekaten, mestinipun manungso kedah sadar bilih menungso meniko apes lan sarwo kirang sahinggo purun enggal-enggal wangsul dumateng Allah SWT.
وَلَنُذِيْقَنَّهُمْ مِّنَ الْعَذَابِ الْاَدْنٰى دُوْنَ الْعَذَابِ الْاَكْبَرِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُوْنَ
“Lan saktemene Ingsun nyicipake wong-wong seperangan azab kang cedhak (ono ing ndunyo) sedurunge azab kang luwih gedhe (ono ing akhirat), mbok menowo-menowo wong-wong mau podo bali (marang dalan kang bener)”(QS As Sajdah:21)
اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ لآ إلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Hadirin Rahimakumullah,
Pelajaran  ingkang kaping kalih, inggih meniko supados manungso enggal-enggal sadar bilih sejatosipun gesang wonteng ing ngalam ndunyo meniko mboten selawase ananging namung sauntoro, lan ing tembe sedoyo badhe tumuju wonten ing akhirat inggih ngalam kelanggengan.
Kanti kathahipun korban ingkang tilar dunyo, sageto dados pelajaran utawi piwucal bilih gesang meniko namung  Allah ingkang nentokaken. Manungso dipun paringi gesang wonten ing ngalam ndunyo meniko gumantung kerso lan ketentuanipun Allah. Mekaten ugi pejah, ugi adedasar kersanipun lan ketentuanipun Allah kiyambak. Namung kerono qudroh lan irodahipun Allah kiyambaklah manungso  lahir ten dunyo, semanten ugi menungso badhe wangsul wonten ngarsane Allah SWT. Wonten pundi kemawon lan kapan mawon sedoyo lumampah kanti taqdiripun Allah SWT.
اِنَّ اللّٰهَ عِنْدَهُ عِلْمُ السَّاعَةِ وَيُنَزِّلُ الْغَيْثَ، وَيَعْلَمُ مَا فِى الْاَرْحَامِ. وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌ مَّاذَا تَكْسِبُ غَدًا، وَمَا تَدْرِيْ نَفْسٌ، بِاَيِّ اَرْضٍ تَمُوْتُ، اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ
Saktemene Allah, (tansah) kangungan ngelmune Dino Kiamat; lan Allah Ta’la kang nurunake udan, lan pirso opo kang ono njero rahime (wong wadon). Lan ora ono siji-sijio wong kang biso mangerteni (kelawan pasti) opo kang bakal dilakoni sesuk. Lan ora ono siji-sijio wong kang mangerti ono ing bumi ngendi deweke bakal mati. Saktemene Allah Moho Pirso ugo Moho Waspodo.” (QS Lukman :34)
اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ لآ إلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Kaum Muslim lan Muslimat ingkang minulya
Pelajaran ingkang ongko tigo, inggih meniko supados manungso sangsoyo anggadhahi kepedulian sosial, purun merhatosaken sederek, sanak lan tetanggi. Menawi wonten ingkang kekirangan, purun mbiyantu sak kiatepun.
Kanti kathahe tiyang ingkang dinten-dinten meniko kelangan pendamelan, ateges sangsoyo kathah tiyang ingkang nandang kesisahan lan kekirangan. Pramilo maringi pitulungan dumateng tetanggi ingkang nandang kesulitan, mongko iman kito badhe langkung sampurno. Kados dawuhipun Rasulullah:
مَا ءَامَنَ بِي مَنْ باتَ شَبْعانَ وَجارُهُ جائِعٌ إِلَى جَنْبِهِ وَهُوَ يَعْلَمُ بِهِ. (رواهُ الطبرانِيّ(
Ora (sampurno) imane maring ingsun wong kang turu kanti kahanan wareg, sauntoro kuwi tonggone nandang luwe nganti tekan lambunge lan wong mau ngerti.
Hadirin ingkang berbahagia,
Saklajengipun, kedhah kados pundi kito ngadhepi musibah meniko? Kito kedhah tetep tenang, waspodo, ndereaken protokol kesehatan saking poro ahli  lan mboten leren-leren nyuwun soho ndungo dumateng Allah SWT kanti donga ingkang tulus lan mboten supe tawakal kaliyan sabar.
وَاسْتَعِيْنُوْا بِالصَّبْرِ وَالصَّلٰوةِ  وَاِنَّهَا لَكَبِيْرَةٌ اِلَّا عَلَى الْخٰشِعِيْنَ *  الَّذِيْنَ يَظُنُّوْنَ اَنَّهُمْ مُّلٰقُوْا رَبِّهِمْ وَاَنَّهُمْ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَ
“Pada nyuwuna pitulung sira kabeh (maring Allah) kelawan sabar lan (nglakoni) shalat. Lan saktemene kang koyo mengkono kuwi abot banget, kejobo kanggone wong kang podo khusu’. (Yoiku) wong kang podho yakin, menowo saktemene wong-wong mau bakal ketemu Pengerane lan sak temene namung maring Pengerane wong-wong mau bakal bali.” ( QS Al Baqarah : 45 -46 )
Hadirin Rahimakumullah
Akhiripun mangga kita sami nyuwun dumateng ngarsa Dalem Allah, mugi-mugi kita tansah dipun jagi, dipun paringi keselamatan, kesehatan soho ketabahan. Amin ya rabbal alamin. Sugeng Riyadi, Nyuwun agunging pangaksami.
جَعَلَنَا اللهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْن*َ وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالحِيِنْ * وَقُلْ رَبَّ اغِفِرْ وَاْرحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ*

Khutbah Kedua
اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ   *اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  * اللهُ أَكْبَرُكَبِيْرًا* وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا* وَسُبْحَانَ اللهُ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً *لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ اِلدّيْنُ وَلَوْ كَرِهَ اْلكَافِرُوْنَ* لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ * صَدَقَ وَعْدَهُ *وَنَصَرَ عَبْدَهُ * وَأَعَزَّ جُنْدَهُ* وَهَزَمَ الأَحَزَابَ وَحْدَهُ* لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ * اللهُ أَكْبَرُ وِللهِ الْحَمْدُ*
اَلْحَمْدُ للهِ اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي خَلَقَ اْلأَشْيَآءَ * أَحْمَـدُهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى حَمْدَ مَنْ عُفِيَ مِنَ الْبَلاَءِ *  أَشْهَدُ أَنْ لآ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لآ شَـرِيْكَ لَهُ شَهَادَةً تُنْجِيْ قَائِلَهَـا يَوْمَ الْجَـزَاءِ* وَأَشْـهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَتْقَى اْلأَتْقِيآءِ* أَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الرُّسُلِ وَاْلأَنْبِيآءِ * وَعَلَى آلِهِ الْكَرَمآءِ *  وَأَصْحَابِهِ اْلأَصْفِيآءِ* وَمَنْ تُبِعَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى يَوْمِ اللِّقَاء * أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَأَشْـكُرُوْهُ عَلَى تَوَالِي النَّعَمآءِ * وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ أَمْرًا عَمِيْمًا *  فَقَالَ جَلَّ جَلاَلُهُ : إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ*  يَآأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا  *  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْمُرْسَلِيْنَ* وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ *  وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنَ *  وَارْحَمْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ * اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ * وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ * إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُّجِيْبُ الدَّعَوَاتِ *  اَللَّهُمَّ أَصْلِحْ أَئِمَتَنَا وَأُمَّتَنَا* وَقُضَاتَنَا وَعُلَمَاءَنَا وَفُقَهَاءَنَا* وَمَشَايِخَنَا صَلاَحًا تَامًّا عَامًّا وَاجْعَلْنَا هُدَاةَ مُهْتَدِيْنَ *  اَللَّهُمَّ اْنصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ *  وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الْمُسْلِمِيْنَ  *  أَللَّهُمَّ أَهْلِكْ أَعْدَاءَ الدِّيْنَ *  وَأَلِّفْ بَيْنَ قُلُوْبِ الْمُؤْمِنِيْنَ *  وَفُكَّ أَسْرَ الْمَأْسُوْرِيْنَ * وَفَرِّجْ عَنِ الْمَكْرُوْبِيْنَ * وَاقْـضِ الدَّيْنَ عَلَى الْمَدْيُوْنِيـْنَ * وَاكْتُبِ اللَّهُمَّ السَّلاَمَةَ عَلَيْنَا * وَعَلَى الْغُزَّاةِ وَالْمُجَاهِدِيْنَ وَالْمُسَافِرِيْنَ *  إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ *  اَللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ * وَالْبَلاَءَ وَالْوَبَاءَ* وَاْلفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَة * وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ *  مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ * مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً *  وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً *  إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ *  رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلإِخْوَانِنَا الَّذِيْنَ سَبَقُوْنَا بالإِيـْمَانِ*  وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِنَا غِلاًّ لِّلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوْفٌ رَّحِيْم*
عِبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِذِى اْلقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشَاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْىِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ *  وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ  يُعْطِكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ*

No comments:

Post a Comment