Wednesday, June 14, 2017

Ngaji hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun (22)

Hadits kaping 8 "Kehormatane Wong Muslim"


عن ابن عمر رضي الله عنهما أن رسول الله صلى الله عليه وسلم قال " أمرت أن أقاتل الناس حتى يشهدوا أن لا إله إلا الله وأن محمدا رسول الله ويقيموا الصلاة ويؤتوا الزكاة , فإذا فعلوا ذلك عصموا مني دماءهم وأموالهم إلا بحق الإسلام وحسابهم على الله تعالى -رواه البخاري ومسلم

Kacarito saking Ibnu Umar Radliallahu Anhuma, Saktemene Rasulullah Sallallahu Alaihi Wasallam dawuh: “Aku diperintah merangi menungso sahinggo wong mau nyekseni yen saktemene ora ono pengeran kang patut disembah seliyane Allah lan nyekseni saktemene Nabi Muhammad iku utusane Allah, njumenengake sholat lan ngetokake zakat. Sopo wonge wis nglakoni perkoro mau mongko jiwo lan bondo dunyane bakal diayomi kejobo nganggo hak Islam lan itung-tungane ono ing ngarsani Allah subhanahu wata’ala. (HR. Bukhori, Muslim)

Bis jurusan Semarang-Surabya mandeg ono ing terminal Pati, saperlu ngedunke penumpang kang pancen tujuane tekan Pati lan ngunggahke penumpang kang tumuju arah wetan. Parmin cepet-cepet munggah bis arep-arep entuk panggonan lungguh. Nanging ora koyo biasane, dino kuwi ternyata akeh bangku kosong. Parmin banjur lungguh kursi kang ono ing tengah, jejer wong lanang nom-noman kang penganggone rodo ora umum ning Jowo. Jubahan lan surbanan sarwo putih. Jenggote dowo senajan arang-arang lan bathuke ono gosonge, ireng.

Parmin: “Assalamu’alaikum”
Wong lanang: “Waalaikum salam, akhi. Tepangke kulo Roihan. Njenegan kaparingan asmo sinten?”
Parmin: “Kulo Parmin. Niki njenengan badhe tindak pundhi nopo saking pundi?”
Roihan: “Badhe teng Suroboyo. Lha Njenengan?”
Parmin: “Kulo badhe silaturrahim wonten rencang ing Tuban”

Senajan lagi pertama ketemu, nanging gayane Parmin pancen ngunu kuwi, sok akrab.


Durung sempat ngomong opo-opo maneh, hp-ne Parmin nggeter-nggeter pratondo ono warto cekak mlebu. Ternyata soko Atun.
Atun: “Dugi pundi kang?”
Parmin langsung mbalesi, “Lagi munggah bis soko terminal Pati”
Atun: “Ingkang atos-atos”
Parmin: Iyo. Semunu ugo awakmu. Ojo nganti kekeselen yen ngopo-ngopo. Anakmu sing ning njero weteng perlu diperhatekke”
Atun: “Nggih!. Kang.... kulo kok mpun kangen njenengan...”
Parmin: “Yo kudune kangen. Yen ora aku iso diarani bertepuk sebelah tangan. Soale rong jam ninggalke awakmu rasane koyo rong tahun. Wis yo, dongakno selamet wae”

Tukang ngamen leren ulihe nyanyi ganti tukang koran teko. Parmin tuku siji. Isi berita utamane, ono kabar bom kang mbledos ning klub malam Jakarta. Sing mati telu lan sing tatu limo. Parmin ndeleng gambare sing diarani teroris lan jeneng korban-korbane.

Roihan: “Coro sampeyan, wong sing ngebom ngoten niku sepundi?”
Parmin: “Bolone setan”
Roihan kaget krungu jawabane Parmin. “Kok iso?” 
Parmin: “Coba aku tak takon. Kiro-kiro opo alasane wong kuwi ngebom?”
Roihan: “Jihad merangi kemungkaran. Tiyang-tiyang sing wonten ning klub malam iku rak pendosa. Dados macem nek mati. Supoyo kanggo pengiling liyane”
Parmin: “Nek ndelok jenenge wong kang dadi korban iki, Mustofa, Salamah lan Dul Apip... mestine wong Islam. Padahal yen miturut ngendikane kanjeng Nabi, wong kang wis moco syahadat, sholat lan mbayar zakat kuwi jiwo lan bondone dilindungi. Tegese ora keno dipateni tanpo sebab kang jelas diatur syariat”
Royhan: “Lho sampeyan kudu ngerti yen kito weruh kemungkaran, kito wajib tandang. Yen iso, yo ngrubah nganggo tangan, yen ora iso nganggo tangan nganggo nasehat, yen ora iso ngangfo pitutur nembe nganggo ati. Lan kuwi lemah-lemahe iman.”
Parmin: “Lha sakniki, tiyang ingkang nembe maksiyat ngoten niku nek pejah mlebet suwargo nopo neroko?”
Roihan: “Nggih mesti mawon mlebu neroko!”
Parmin: “Syetan mbujuk menungso nglakoni maksiat kuwi supoyo mlebu neroko opo suwargo?”
Roihan: “Yo mesti ngajak mlebu neroko!”
Parmin: “Berarti wong sing ngebom kuwi ngewangi syetan saperlu ngirim menungso mlebu neroko. Sebab yen sempat tobat, ono kemungkinan wong kang seneng maksiat mau ora sido mlebu neroko. Nek di bom berarti ora nulungi wong supoyo tobat tapi malah ngirim langsung mlebu neroko. Terus jenenge opo wong kang ngewangi setan ngunu iku? Bolone syetan, kan?”

Roihan meneng ora ngucap opo-opo. 

Hp-ne Parmin nggeter-nggeter maneh. Miss called soko Atun. Parmin banjur kirim warto cekak.
Parmin: “Ono opo Tun? Kangenmu tambah? Kangenku luwih dene tambah”
Atun: “Njenengan mesti jejer kalih cah estri ayu nggih, kang?”
Parmin: “Ora ono ah!. Kok iso awakmu nebak ngunu?”
Atun: “Lha njenengan mendadak romantis ngoten kok... padahal kulo namung ajeng matur menawi njenengan sampun dugi kulo mangke dikabari”
Parmin: $%&@

No comments:

Post a Comment