Saturday, November 5, 2016

"Ngaji Hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (5)

Hadits ke -2. "Iman bagian 3"

Parmin lungguh ing dingklik kayu dowo kang ono ing teras nyawang udan kang tekone ora nganggo mongso kang jelas koyo mbiyen deweke cilik. Let sedelo, Atun melu lungguh njejeri bojone.
Parmin: "Arep masak opo dino iki, Tun?"
Atun: "Udan-udan ngenten niki econe masak santen ingkang buket"
Parmin: "Yen masak sayur bening biso opo ora, Tun?"
Atun: "Nggih saget mawon, kang. Tapi kan mboten sedep"
Parmin: "Lha yen bayu udan ki ujug-ujug ora kepingin mudhun tapi miring langsung mlebu segoro tanpa lewat darat biso opo ora?"
Atun: "Hehe.. Njenengan ki kok lucu to, kang?! Nggih mboten saget"
Parmin: "Llha menowo menuso ora gelem tuwo yo ra gelem mati, biso opo ora?"
Atun: "Mboten..."
Parmin: "Ngono kuwi kang diarani qodho lan qodar. Kabeh  makhluk tunduk kelawan qodho (katetepane) gusti Allah. Koyo banyu wis ditetepake Allah kon manggon panggonan kang paling rendah posisine. Mulo banyu mesti bakal mudun angger isih biso.
Geni ditetepke ngobong. Mulo ning ngendi wae bakal ngobong. Nanging wong kang netepake kuwi gusti Allah, yen Allah ngersaake bedo yo biso wae. Koyo ceritane nabi Ibrohim di obong. Allah dawuh: hei geni.. Ademo kowe lan aman kanggo Ibrahim. Geni banjur nurut ora ngobong nabi Ibrahim"
Atun: "Lha menawi kulo rumaos kangen njenengan sianaoso njenengan mepet kalih kulo ngeten niki nggih ketetapane Allah?"
Parmin: "Yo iyo! Eh opo Tun? Baleni jajal..!"
Atun: "Hehehe mpun supe, kang"
Parmin ngeroso gemes banget, Atun banjur didikep kenceng. Atun nglendot ono ing pundhake Parmin.
Parmin: "Kuwilah bedane menungso karo makhluk liyane. Menungso diparingi kemampuan milih, senajan pilihane ora iso lewat soko ketentuane Allah. Koyo ceritane sayyidina Umar nalikane arep tindak Syam, ndadak ono berita menowo ning Syam lagi keserang wabah penyakit. Banjur Sayyidina Umar ora sido tindak Syam. Ono salah sijine sahabat matur: Njenengan kok menghindari taqdire Allah? Sayyidina Umar njawab: Iyo aku ngindari taqdire Allah menuju taqdir Allah kang liyo. Qodar utowo Taqdir kuwi artine kadar utuwo wates. Tiap wong duweni kadar dewe dewe"
Atun; "Gamblange sepundi, kang?"
Parmin: "Gambarane, koyo wong main bal-balan. Dianggep gol menowo bale iso mlebu gawang. Terserah pinter-pintere pemain arep nglebokke lewat tengah pinggir ngarep utowo mburi asal soko njero wates lapangan"
Atun: "Dados menawi wonten kiper nglebetaken bal wonten gawange dewe, nggih taqdir?"
Parmin: "Yo iyo. Tapi dewekne kan biso milih ora nglebokke"
Ujung-ujug Atun njiwit tangane Parmin.
Parmin: "Waduh..!! ???"
Atun; "Niku taqdire Allah, kang. Ampun nesu..."
Atun banjur  mlayu mlebu ngomah  ditututi Parmin. Untung udane deres dadi glodakan ora ngganggu tonggo.

"Ngaji Hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (4)

Hadits ke-2  "Iman bagian 2"

Sinambi turonan ono ing kasur, Parmin nakoni bojone.
Parmin: "Obatmu sing soko dokter mau wis mbok ombe, Tun?"
Atun: "Sampun kang!"
Parmin: "Obat opo to kuwi?"
Atun: "Njenengan kan mpun ngertos obat kangge watuk lan flu."
Parmin: 'Lha awakmu ngerti obat kuwi digawe songko opo? Bahane opo wae?, halal opo haram? Aman opo ora?"
Atun: "Nggih mboten ngertos kang. Tapi wong niku paringane dokter, nggih kulo inum"
Parmin: "Berarti awakmu percoyo mbi dokter?"
Atun: "inggih kang.."
Parmi : " Lah iman yo ngono kuwi, Tun. Rukun iman ono nem. Yo kuwi iman marang Allah kang nyiptaaken kabeh makhluk termasuk menuso. Sarehne Allah kang gawe, Allah yo tanggung Jawab ngajar lan ndidik serto ngurusi ciptaane. Mulo Allah gawe malaikat supoyo dundum rejeki, njogo lan nyateti amale menuso, ono kang mulang kanti nyampeake wahyu kang tertuang ono kitab2e Allah. Allah yo nunjuk utusan rupo nabi supoya dadi guru lan conto. Nek wis ngono samubarang makhluk kuwi kudu rumongso menowo ono watese. Mulo ono kang diarani dino akhir. Yo iku dino kang namung Allah sing tetep. Sementara liyane rusak. Sing paling akhir, kito kudu percoyo menowo kahanan apik lan elek kuwi kabeh taqdire Allah"
Atun: "Oo.. dados tiyang saget dipun sebat iman meniko, menawi purun nggugu dawuhe Allah wonten ing dalil Quran lan anut piwulangipun kanjeng nabi, ngakeni keterbatasanipun soho tansah syukur nampi peparingipun Gusti. Lan percados menawi peparing Allah meniko sedoyo sae. Umpami kok menuso rumangso awon, niku namung amargi akale menuso ingkang cekak. Ngoten, kang?
Parmin: "Ho'o. Wah pinter tenan bojoku! I love you, Tun!"
Atun: "lop yu tu, kang... Hihihi awake dewe kok dados tyang londo. Tapi nuwun sewu kang, kulo kok taksih sekedhik gagal faham masalah qodho lan qodar"
Parmin: "Yo sesuk-sesuk dilanjut. Saiki ayo podho ngibadah bareng.... "
Atun: "Menawi tahajjud kan taksih kesontenan tho, kang.....?!"
Parmin: "Ngibadah iku kan akeh maceme."
Sinambi ngepruk-ngepruk bantal Parmin ngundang bojone, "Kene turu wae... Wis tak tatakno nggon iki"
Atun: "Ye..... Kang Parmin mupeng, ya...!!"
Parmin: "Opo maksude mupeng Tun?"
Atun: "Kirangan kang.......!?☺☺☺☺☺
Parmin: "Lho kok wis lali ki piye to... Turu menowo diniate supoyo bengi biso tangi tahajjud, isuk iso seger nyambut gawe nekani kewajiban lan ngabekti marang gusti Allah yo dadi ngibadah.....'
Atun: "Mboten kang Parmin menawi mboten pinter ngeles.. "

"Ngaji Hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (3)

Hadits ke-2 "Iman bagian 1"

Mulih solat isya songko masjid, Parmin disambut bojone sing ugo lagi lebar solat. Isih nganggo rukoh, Atun cepet2 mbukakno lawang.
Parmin: "Assalamu'alaikum ya habibti.. "
Atun: "Wa'alaikum salam, ya ruhi wa qolbi.." (Jawabe Atun ora gelem kalah)
Mari nyelehake kupluk lan klambi koko, Parmin lungguh ono ing ruang tengah sinambi nyruput kopi adem siso mau sore.
Atun: "Kulo damelke kopi malih, kang?
Parmin: "ora usah. Iki ijeh setengah gelas kok. Senajan adem nek kopi gaweanmu tetep enak. Persis karo sing gawe kopi. Senajan wis mulai melar kesamping tetep sedep.
Atun: "gombal, ah! (Gayane Atun nesu, tapi ngguya- ngguyu seneng atine) O nggih kang, nek njenengan nerasaken keterangan hadis no kalih, mbok dijelasaken masalah iman riyin, nembe Islam"
Parmin: "iman kuwi artine percoyo. Manggone percoyo iku ning ati. Nek urusan ati kuwi, Tun, kadang ora iso dipikir utowo dijelasake. Contone awakmu kok iso seneng aku, ki coro akal ra ketemu lho. Lha wong aku iki elek, ora sugih yo ora pinter. Sementara awakmu ayu lan pinter. Nanging wong seneng yo ra iso di paido. Mulane nek iman marang Allah, coro imam Sanusi ora usah kakean di akal-akal. Sebab disamping cekak, akale menuso iku wis terbiasa tunduk karo hukum adat. Panjenengane maringi conto: nek wiji kang cilik iku menowo ditandur iso thukul njur dadi wit sing gedhe, ora tau terjadi, mesti wong ora percoyo yen ujug2 awakmu moro karo nggowo wiji asem trus kondo wiji iki nek dipendhem ing jero lemah bakal dadi gedhe ngluwehi awakmu. Yo koyo umpamane ono wong ngomong nek watu akik iso ditandur terus uwoh akik sing akih mesti wong ora percoyo. Bedo ning coro Allah, Tun. Allah kuoso nyiptaake opo wae senajan ora masuk akale menuso. Mulo nalikane nabi Zakaria ndonga marang Allah nyuwun putro njur disembadani Allah, nabi Zakariya malah bingung. Duh gusti kulo niki mpun tuwo bojo kulo mandul mosok saget gadah putro. Dijawab dening Allah, aku iso gawe Adam from nothing- kang asale ora ono apa-apane, opo meneh gawe anak kang ono bapak lan ibune. Dadi Tun, menuso ki wis kesuwen anut karo hukum sebab musabbab. Kroso ngelak, bareng ngombe banyu dadi seger. Terus gawe kesimpulan nek kang marai seger iku banyu. Padahal nalikane ngombe butuh kerja ribuan saraf kang ono ing awak. Lha sopo sing ngaktifno syaraf2 kuwi? Yo gusti Allah. Jajal Allah gawe syarafe wong ra berfungsi, banyu sak kali ra bakal iso gawe seger.
Atun: "Hwaah..... Hwahhhh"
Parmin: "Wis wis ayo dho turu, aku duwe penggawehan akeh sesuk"
Atun: "Monggo.. tapi jane kulo dereng ngantuk...."
Parmin: "Lha awakmu wis klakeban ngono kok?!"
Atun: "Kulo namung ngilingno janjine njenengan nek ngajine badhe diterusaken teng kasur"
Parmin: "weee ladalah.... "

"Ngaji Hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (2)

Hadits ke-2 "Adabe Sowan penggedhe"

عن عمر بن الخطاب رضي الله عنه قال : بينما نحن جلوس عند رسول الله صلى الله عليه وسلم ذات يوم إذ طلع علينا رجل شديد بياض الثياب شديد سواد الشعر , لا يرى عليه أثر السفر , ولا يعرفه منا أحد حتى جلس إلى النبي صلى الله عليه وسلم فأسند ركبته إلى ركبتيه ووضح كفيه على فخذيه , وقال : يا محمد أخبرني عن الإسلام , فقال رسول الله صلى الله عليه وسلم " الإسلام أن تشهد أن لا إله إلا الله وأن محمدا رسول الله وتقيم الصلاة وتؤتي الزكاة وتصوم رمضان وتحج البيت إن استطعت إليه سبيلا " قال صدقت فعجبا له يسأله ويصدقه , قال : أخبرني عن الإيمان قال " أن تؤمن بالله وملائكته وكتبه ورسله واليوم الآخر وتؤمن بالقدر خيره وشره " قال : صدقت , قال : فأخبرني عن الإحسان , قال " أن تعبد الله كأنك تراه , فإن لم تكن تراه فإنه يراك " قال , فأخبرني عن الساعة , قال " ما المسئول بأعلم من السائل " قال فأخبرني عن اماراتها . قال " أن تلد الأمة ربتها وأن ترى الحفاة العراة العالة رعاء الشاء يتطاولون في البنيان " . ثم انطلق فلبث مليا , ثم قال " يا عمر , أتدري من السائل ؟" , قلت : الله ورسوله أعلم , قال " فإنه جبريل أتاكم يعلمكم دينكم " رواه مسلم


Parmin: "Tun, ngko sore awakmu arep tak jak sowan pak Kiyai"
Atun: "ndere'aken, kang"
Parmim: "ojo lali nganggo klambi sing paling apik. Lan adus sing resik"
Atun: "Nggih. Tapi kok ngoten, kang?"
Parmin: "Ono ing Hadist nomer 2 songko arbain nawawi.. kang diriwayatake sayyidina Umar bin Khottob isine yen mailaikat Jibril nate mendho-mendho dadi menuso sowan kanjeng Nabi Muhammad Salla Allhu alaihi wasallam, saperlu mulang poro sahabat masalah iman islam lan ihsan. Ulihe mulang kanti takon marang kanjeng Nabi.
Atun: "Hubungane nopo kaliyan ngangem rasukan sae menawi badhe sowan kiyai...?"
Parmin: "Sabar to , Tun... Senengamu ki ra sabaran. Ing hadist kuwi diceritaake menowo ono wong lanang kang sowan kanjeng Nabi penganggone klambi kang banget putihe. Rambute banget irenge, resik awake... Coro bocah saiki styled and fashionable.... Ngono lho Tun.
Atun: "wah njenengan kok ngertos bosone londo barang..."
Parmin: "Yo kudu ngono a....Tun. Santri ki kudu up to date -mengikuti perkembangan terbaru. Wis tak teruske ya... Secara tidak langsung malaikat Jibril ngajari lan nyontoni kepriye patute menganggo nalikane sowan karo wong gedhe. Terusane hadist.... Mengko bengi nek arep turu tak terangke. Kan enak to Tun, ngaji karo kelon.... Ganjarane dobel dobel Hehehehehe"
Atun: "Halah.... Njenengan ki senengane...... (Ngomong ngono karo nyiwel pipine Parmin).

"Ngaji Hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (1)

Hadits ke-1 "Niat lan Ikhlas"

عن أمير المؤمنين أبي حفص عمر بن الخطاب رضي الله عنه قال سمعت رسول الله صلى الله عليه وسلم يقول " إنما الأعمال بالنيات , وإنما لكل امرئ ما نوى , فمن كانت هجرته إلى الله ورسوله فهجرته إلى الله ورسوله , ومن كانت هجرته إلى دنيا يصيبها و امرأة ينكحها فهجرته إلى ما هاجر إليه " متفق عليه

Koyo biasane, sedurunge budhal sawah, Parmin moco koran disik. Ono ing lempiran berita daerah, judul berita utamane 'bupati nyambangi bocah2 yatim bagi-bagi amplop lan peralatan sholat".
Nalika maspadaake gambare pak bupati sing arep nyalon meneh, Atun bojone Parmin ndeleh kopi karo telo godhok ono ing mejo.
Atun: "Monggo, kang! Kok njigleng.. Nopo wonten berita ingkang menarik?"
Parmin: "iki lho Tun, bupati menehi sumbangan bocah yatim"
Atun: "lha terus ingkang menarik, bagian pundi, kang?"
Parmin: "Yo jane ora ono. Tapi aku arep takon awakmu Tun. Niatmu gawekke kopi karo godhokke telo aku ngene iki opo?"
Atun: "kulo niati ngibadah to kang. Kulo dereng supe warahane njenengan kok. Ngendikane wonten ing hadis no swtunggal saking hadis 40 pilihanipun kiyai nawawi, Gusti Kanjeng Nabi dawuh, Sekabihane ngamal ibadah ora sah tanpo niat. Menuso iku bakal diwales sesuai kelawan niate. Dados anggen kulo laden garwo menawi kulo niati ngibadah nggih dados ngibadah"
Parmin: "wah pinter banget bojoku..."
Atun: "lha inggih tho... Garwane Parmin, getu loh...?!
Parmin: "hahahaha... Ora keliru pak Yai ulihe milih awakmu kanggo aku"
Atun: ngendikane njenengan wonten kitabe Kiyai Jardani Dimyati ingkang aran.. Nopo kang?"
Parmin: "al- Jawahir al-lu'luiyyah fi al syarkhi al arbain al-nawawi"
Atun: "nggih niku... Ning kitab kuwi dicritaake nek mbesok ning dino qiyamat ono wong sing nrimo kitab amale kanti tangan tengen. Bareng dibuka dewekne kaget sebab ono catetan jihad, kaji lan sedekah. Wong mau banjur madep gusti Allah. Niki mboten kitab kulo gusti, nalikane wonten dunyo kulo mboten nate nglampahi ngibadah kados ingkang tertulis wonten mriki. Allah dawuh: ora salah! Kuwi pancen kitab catetan amalmu. Nalikane urip ning dunyo, awakmu asring banget ngomong menowo duwe duit awakmu arep kaji, arep sedekah lan siap jihad. Aku pirso yen anggonmu ngomong tulus tekan ati. Mula Aku ngganjar kabeh sing mbok niati kanti bener"
Parmin: "wah Tun,... ngene iki jelas aku ora duwe alasan ugo ora duwe niatan ape wayoh...tambaho bojo telu urung karuan biso madani awakmu, Tun. "
Atun: "monggo nek ngersakke."
Parmin: "awakmu ngijini aku kawin meneh, Tun?"
Atun: "mboten.... Niku lho telone... !"
Parmin: oooalah,...