Saturday, December 31, 2016

Ngaji hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun” (16)

Hadits ke-3 "Sa'i"

Parmin markir vespa ono ing teras. Koyo biasane Atun langsung jenggirat metu mapak bojone.
Atun: "Mpun bakdo kang anggene nanjak banggal?" (nandur  ketela pohon)
Parmin: "Wis, Tun. Mugo-mugo hasile koyo tahun iki nanging regane apik koyo tahun wingi"
Atun: "Amin!'
Rampung adus, daharan wis cemawis. Semur jengkol, iwak gereh lan sambel terasi tumoto ono ing mejo makan. Lalapan timun, pete bakar lan bedoyo (krai di godhog) ora ketinggalan.
Atun: "Monggo kang...."
Parmin lungguh ono kursi kang ngadep marang Atun, banjur nyekel tangan bojone, "Matur nuwun yo Tun."
Atun: "Nggih, sami sami. Kulo nggih semanten ugi"
Parmin: "Songko ambu sedepe, aku biso mbayangke koyo opo enake masakanmu. Sebab aku krungu olehmu manggaake koyo unine mbak Janis Joplin, have... have a piece of my heart, beibe"
Atun: "Monggo.. monggo dipun nikmati potongan jantung kulo, katrisnan kulo, gesang kulo sedoyo kagem njenengan. Ngoten a... kang maksude...?"
Parmin: "Wah awakmu pinter bahasa Inggris, kawit kapan, Tun?
Atun: "Njenengan ingkang lalinan. Jaman nganten anyar riyen, njenengan ngajak dansa, lagune niku trus njenengan mbisiki kulo artine. Terus terang mawon  kulo lqngsung klepek-klepek".
Parmin: "Hehehe... Wis ayo mangan.
Atun: "Nggih kang. Sinaoso namung tiyang tani, nanging Alhamdulillah masalah panganan kito mboten nate kekirangan".
Parmin: "Masalah nyambut gawe karo rezeki kuwi jalure bedo, lho Tun. Rezeki kuwi wis dadi jatahe menusosoko gusti Allah. Sementara nyambut gawe minongko kewajibane menuso. Mulo ono wong kang kerjane ora kesel tapi hasile akeh. Sementara ono wong kerjane payah tapi ora ono hasile. Nalikane sayyidah Hajar garwane kanjeng nabi Ibrohim ditinggal ono ing Makkah kang ora ono apa-apane, ora ono banyu ora ono wit-witan ugo ora ono wonge, Sayyidah Hajar matur garwone: Njenengan ninggal kulo kalih putro njenengan ingkang taksih bayi wonten mriki ngeten iki kersane sinten? Njenengan kiyambak nopo kersane Allah?. Nabi Ibrohim ngendiko: Iki perintah soko Allah mulo aku ora biso mbantah. Sayyidah Hajar nuli matur, Menawi ngoten, gusti Allah mesti bakal nyekapi kawulo lan anak kawulo. Nggih mangestoaken dawuh. Sak pungkure Kanjeng Nabi Ibrohim ora let suwe, bayi Nabi Ismail mulai nangis keplongor.  Sayyidah Hajar mbanjur gumregah golek banyu. Ono ing gunung Sofa katon ono banyu. Bareng ditiliki ternyata mung amun-amun. Soko gunung Sofa katon ono banyu ing gunung Marwa, Sayyidah Hajar marani karo mlayu. Bareng tekan Marwa ternyata yo mung amun-amun. Bareng noleh mburi, katon ono banyu ono ing Sofa. Sayyidah Hajar mlayu balik ono ing Sofa lan ternyata cuma amun-amun. Ngono kuwi nganti ambal ping pitu"
Atun: "Dados sai wonten ibadah haji meniko asal usulipun mekaten nggih, kang?"
Parmin: "Iyo bener. Mulo sai minongko pralambang kanggo menoso, sopo wonge kang kepingin oleh kamulyan yo kudu usaha. Lan nalikane usaha, kudu sing temenanan ora kok angger usaha. Senajan Allah wis njamin bakal nyukupi Sayyida Hajar nanging panjenengane ora banjur tenguk-tenguk nunggu rezeki tibo songko langit utowo metu soko lemah. Sayyidah Hajar tetep usaha golek banyu lan ulihe golek ora santai-santai nanging karo mlayu, tegese temenanan. Lan akhire Allah paring kanugrahan. Soko ngisor sukune Nabi Ismail nyumber sumberan kang nganti saiki tetep metu banyune, yoiku kang diarani sumur zam-zam."
Atun: "Dados ngantos sakniki kito dereng gadah momongan amergi panci dereng dipun paringi kalih gusti Allah, nggih kang? Mboten sebab kurang usaha?"
Parmin: "Hmmm Opo kurang olehku usaha piye Tun? Frequensi-ne ditambah nek ngono ya..... Seminggu ping piro!?!"
Atun: "Nyumanggaken menawi coro njenegan niku sae. Jamu setengah wulan pisan mawon larange ngoten kok".
Parmin: "Loh kok jamu? Tak kiro hohohiho?"

Thursday, December 29, 2016

Ngaji hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun” (15)

Hadist ke 3 “Haji-Tawaf

Parmin: "Ono telung amalan ibadah haji sing kudu rampung dilakoni lagi iso diarani tahallul tsani. Yoiku jumrah aqobah, tawaf ifadah lan sa'i serto nyukur rambut. Dadi yen wis mari jumrah aqabah lan motong rambut tanggal sepuluh Dzul Hijjah, biso langsung menyang Mekkah saperlu tawaf ifadah lan sa'i. Nanging yen ora memungkinkan yo tawafe mengko sak bakdane mabit ono ing Mina. Mabit utowo nginep ning Mina iso rong wengi kang diarani nafar awal iso ugo telung wengi kang iku diarani nafar tsani"

Atun: "Selama wonten Mina lahnopo mawon, kang?"

Parmin: "Selain mabit yo balang Jumrah. Nek pas tanggal 10 mung jumrah Aqabah, nanging selama mabit, mbalang telung nggon. Yoiku jumrah ula, wustho lan aqobah. Yen wis bubar anggone mabit, mongko nuli bali Makkah saperlu thowaf ifadhoh lan sa’i menawa durung nglakoni"

Atun: "Tawaf meniko mengku filosofi nopo, to?"

Parmin: "Koyo sing tak kondho, iku ngamal ta'abbudi. Ananging yen menuso gelem angen-angen, gelem zdikir kekuasaane Allah, tawaf kuwi ngubengi ka'bah. Pergerakan mubeng kang podho karo pergerakane planet-planet. Planet, lintang lan kabeh benda langit podo tunduk kelawan ketetapan Allah tanpa ono siji-sijio sing mbantah. Coba dipikir.... Menowo bumi kang kito enggoni iki kang dahsyate koyo ngene, lintang-lintang kang akehe koyo ngono podo manut lan wedi marang gusti Allah, kok iso wani-wanine menuso kang ringkih tanpa doyo podo duroko marang pengerane. Kanti tawaf kito diajak biso tunduk marang Allah kanti total. Nah ikilah kang diarani Islam. Islam artine totalitas tunduk lan pasrah marang Allah"

Atun: "Kulo nggih pasrah kaliyan kersane Allah lho kang. Kulo dipun paringi jodho njenengan, manut mawon. Kulo tampi kanti syukur"

Parmin: "Tenane, Tun?"

Atun: "Njenengan taksih betah bukti?

Parmin: "Contone?"

Atun: "Tiap dalu njenengan ngersakke, nanging kulo mboten nate mbantah nggih mboten nate ngresulo"

Parmin: "Kok iso angger bengi, Tun? Seminggu yo mung  ping telu kadang malah mung ping pindho ngunu kok..."


Atun: "Eee... Lha dalah! Maksude kulo njenenngan nyuwun pijet!!! Sinaoso pijet elek-elek tapi kan tiap dalu....?!"

Saturday, December 24, 2016

Ngaji Hadist Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun (14)

Hadist ke 3 "Haji-Jumrah"

Parmin nyruput kopi njur mbuka toples sing isine krupuk jengkol asli gawean dewe.
Parmin: "Iki halal po ra, Tun? Kok ra ono labele"
Atun: "Insya Allah halal, kang. Sianaoso wonten label halal menawi hasil mboten bener nggih dados haram."
Parmin: "Bojoku emang luar biasa. Terus sik mbok maksud Cinta syar'i berlabel halal wingi kae opo?"
Atun: "Hihihi... Taksih penasaran, ya? Perkawinan kita ingkang penuh cinta meniko kawit awal sampun halal. Kulo jatuh cinta dan bercinta kalih njenengan kan sak sampunipun nikah. Lha wong kenalan mawon sak sampunipun akad kok"
Parmin: "Ooo... Lagi mudheng aku."
Atun: "Nggih kang. Monggo njenengan terasaken pelajaran kaji mawon"
Parmin: "Sak rampunge wukuf ning padang Arafah, jemaah haji nuli nerusake laku tumuju muzdalifah sakbakdane magrib saperlu mabit utowo nginep. Poro ulama sepakat menowo mabit ning Muzdalifah cukup leren sawetoro nganti ngliwati tengah wengi. Mari ngono, jemaah banjur tumuju marang Mina. Ono ing kono jemaah mbalang jumrah aqabah diterusake motong rambut. Yen wis ngono, iku diarani tahallul awal. Tegese wis entuk copot pakaian ihram nanging durung entuk kumpul karo bojone"
Atun: "Menawi mbalang jumrah niku tujuane nopo kang?"
Parmin: "Sejatine amalan-amalan ngibadah kuwi, anut kelawan piwulange kanjeng nabi. Dadi yo ora biso dinalar. Amalan mengkono mau diarani ta'abbudi.  Nanging menungso diparingi akal, mulo yo keno wae angen-angen hikmahe supoyo iso luwih khusu' anggone ngibadah. Sebagian ulama duwe pendapat menowo mbalang jumrah iku minongko pralambang musuhane menuso karo syetan. Mbiyen nalikane nabi Ibrahim arep nindhaaken perintahe Gusti Allah yoiku nyembelih putrane, diridu karo setan. Kanjengs nabi Ibrahim mbanjur mbalangi setan mau."
Atun: "Lajeng menuso ingkang kelakuane kados setan menawi pas jumrah, rak sami ugi setan ,mbalang setan, jeruk makan jeruk, kang?"
Parmun: "Hahaha... Wallahu A'lam"
Atun: "Menawi tahallul tsani, niku sepundi kang"
Parmin: "Yo berarti wis oleh hohohiho mbi bojone dewe-dewe"
Atun: "Nggih paham, kang. Maksude kulo nek mpun nglampahi rangkaian ibadah nopo mawon, ingkang dipun sebat tahallul tsani? Njenengan niki lho. angger caket kulo kok pikirane ngeres...."
Bersambung.....

Wednesday, December 21, 2016

“Ngaji hadist Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun” (13)

Hadist ke 3 “Haji-wukuf"

Atun bola bali ruang tamu, kamar, dapur lan teras.
Parmin: “Goleki opo to, Tun? Kawit mau tak sawang kok koyo gangsingan”
Atun: “Pados jam tangan, kang. Njenengan sumerep?”
Parmin: “Ora Tun. Wit mau aku lungguh ning kene ora ngalih-ngalih. Wis.. leren dhisik. Mengko rak ketemu dewe. Wong awakmu yo ora metu2 soko omah mosok jam iso lungo dewe. Kene lungguh cedak aku kene”
Atun: "Tapi niku jam tangan paringane njenengan".
Parmin: "Lho jane aji wonge opo jame? Neruske sinau ngelmune wong kaji wae."
Atun: "Hehehe....Kang Parmin panci hebat damel kulo tenang"
Parmi: "Ono ing babakan kaji,  Gusti Allah dawuh -watazawwadu, fainna khoiruzzadit taqwa- podo sanguho siro kabeh, saktemene apik-apike sangu iki taqwa. Sing dimaksud taqwa ning kene selamet soko ngemis lan kelaparan serto selamet soko kebodohan ngibadah. Sing masalah sangu bondo awake dewe golek sak kuwate mbi mlaku. Tapi nek sangu pengetahuan tentang ibadah kaji yo iso dipersiapke wiwit saiki."
Atun: "Nggih kang."
Parmin: "Sakbakdane nganggo ihram tanggal 8 Dzul Hijjah jemaah di sunnahake nginep ning Mina malem tanggal 9. Isuke budal menyang Arofah saperlu nindaake wukuf. Wukuf kuwi amalan kaji kang lamun ditinggal, mongko ora sah kajine. Wukuf artine mandeg, arofah artine ngerti. Dadi, mulai Dhuhur jemaah dikongkon tenguk-tenguk ono Arafah, zikir lan istigfar sak akih-akihe, moco quran sak kuate. Angen-angen asal kedadiyan lan akhir uripe menuso. Suasana jemaah kang banget akihe ngumpul sak panggonan, podho mengaggo penganggo kang sarwo sederhana kudune biso nyadareke menuso yen dewekne iku ora ono apa-apane ono ngersaning Allah. Ugo mikir-mikir kepriye mengko yen di uripake meneh ono dino qiyamat lan digiring ono ing oro-oro mahsyar"
Atun: "Nabi Adam lan Ibu Hawa dipun panggihaken ugi wonten Arafah, nggih kang?"
Parmin: "Bener, Tun. Mulo soko kuwi menuso yo kudu ngerti lan nyukuri, namung sebab rahmate Allahlah, jenis makhluk sing aran menuso isih ono ing bumi iki. Lan sebab welase Allah,  kisah Cintane Adam lan Hawa ora berakhir sia-sia. Nanging berakhir indah dan bahagia"
Atun: "Alhamdulillah. Kulo mboten gadhah alasan mboten bersyukur, kang. Kisah cintane kulo kisah cinta ingkang mboten namung indah tapi ugi syar'i lan berlabel halal"
Parmin: "Maksude...?"
Atun: "Oo nggih! Imut kulo. Jam tangan kulo teng kamar mandi. Wau kulo centelke awor kudung!"
Parmin: "Maksude?"
Atun ngloyor ning kamar mandi ninggalke bojone kang lagi bingung mikirke "Cinta syar'i berlabel halal"

Monday, December 19, 2016

"Ngaji hadist arbain nawawi bareng Parmin lan Atun" (12)

Hadist ke 3 "Haji-Ihram"

Mari sholat dhuha, Parmin clingukan goleki bojone. Ning ruang tamu ora ono. Ning teras, ning dapur ugo ora ono.
Parmin: "Tun...! Atun!"
Karo mlayu-mlayu soko mburi omah, Atun njawab, "Dalem kang...! Niki kulo ngentasi kumbahan"
Parmin: "Wis ra sah mlayu... Nek tibo, aku ngko sing luwih dene ngrasakno loro"
Atun: "Lho dos pundi to kang? Ditimbali garwo nggih kudu secepete. Kanjeng nabi dawuh menawi wonten tiyang saget nyembah menuso liyane niku, nggih tyang estri dumateng garwane. Mugi-mugi saget nyababiyahi kito dipun timbali dados tamune Allah wonten baitullah lan saget sowan Rasulullah"
Parmin: "Amin! Tun, iku klambi seragam opo wae? Kok ono ijo, ijo mupus, njambon.....?"
Atun: "Niki seragam, RT-nan, Takhtiman, PKK..."
Parmin: "Pakaian kuwi kanggone opo, to? Nutup aurot, pepaes, kebanggan, identitas, nglindungi awak, nuduhno status lan liya-liyane. Mulane Tun, wong kaji diperintah nganggo pakaian sing jenenge ihram. Ihram kuwi mung kain rong lembar kang ora keno di jahit. Perlune.. menuso ki supoyo gelem mikir lan menyadari yen sejatine ning ngersane Allah iku podho. Sing mbedhakke mung ngamal ngibadahe. Ra peduli pejabat, rakyat, sugih mlarat, wong cilik utowo ningrat, menowo mertamu maring Allah dipadhakke penganggonee. Ben ora rumongso luwih mulyo dibanding menuso liyane. Sebab nek ono wong kok ngroso luwih mulyo, sakbenere wong kuwi durung mulyo utowo malah dadi ashor"
Atun: "Menawi tyang estri kok mboten, kang?
Parmin: "Nek wong wedhok nganggo ngono ngko yo ra sido ngibadah. Karo meneh kuwi kan minongko pralambang"
Atun: "Lha menawi maksudipun bojomu minongko penganggomu lan awakmu penganggone bojomu, niku sepundi kang?"
Parmin: "Koyo fungsine pakaian, wong wedhok kudu iso nutupi kekurangan utowo aibe sing lanang, lan suwalike. Wong lanang kudu iso melindungi bojone, semono ugo bojo wadon, yo kudu iso njogo kaluhurane utowo nama baike kakunge. Lan sak teruse...."
Atun: "Dados menawi musim jawoh sing estri kademen, ingkang kakung kedahe......."
Parmin: "Awakmu pingin tak angeti piye, Tun?"
Atun: "Hiiii ....kang parmin......! Kulo dereng bakdo anggene matur, njenengan mpun mikir sing mboten-mboten. Maksud kulo, tumbas pemanas air kajenge menawi siram isuk-isuk mboten usah nggodhok toya riyen."

Saturday, December 10, 2016

Parmin lan Atun Edisi sepesial Maulid Nabi

"Nabi: maulid (pengetan tanggal lahir)
Wali: khaul (pengetan tanggal sedo)
Kenopo?"

Wis rong dino iki srengenge ora katon cumlorot. Udan namung lungo sedelo-sedelo. Mendung podo nggantung ngulung-nggulung koyo-koyo ngebaki langit.
Kurang luwih tabuh telu sore Atun mulih soko berjanjenan ono ing musholla. Payung werno ijo sajak pantes lan ngepasi marang  penganggone kang ugo sarwo ijo. Mlakune thimik-thimik sinambi tangan tengene nyekeli payung lan tangan kiwone nyincing rok supoyo ora keno cipratan banyu udan.
Parmin soko teras mesam-mesem nyawang bojone.
Atun: “Assalamu’alaikum”
Parmin: “Waalaikum salam. Untung bojoku ora patio brai. Coba umpamane awakmu pupuran, gincunan trus kudanan ngene iki opo ra terus mblobor? Dhak koyo badut? Hehehe"
Atun: "Niku namine njenengan ora pengalaman. Hari gini bedhak lan gincu nggih mpun tahan air to kang.! Njenegan ngertose wedhak bayi mawon, sih"
Parmin: "Hmm... Masalahe bojoku ra perlu wedhak wis koyo widodari"
Atun: "Ngendikane.....?! Ben ra kisinan nek ndesit. Hihihi"
Parmin: "Duit sewu diparfumi karo duit satus ewu kecipratan uyoh sapi mesti awakmu bakal milih satus ewu. Mbok o ndesit tapi kan berkualitas. Paling ora, kualitas sayange mbek awakmu sing katro tidak diragukan. Hahaha"
Atun  banjur lungguh mepet bojone.
Atun: "Kang, badhe tanglet. Kinging nopo menawi kanjeng nabi ingkang dipun peringati dinten lahiripun tapi menawi poro wali kok dipun peringati sedanipun?"
Parmin: "Soale lahire kanjeng nabi kuwi nggowo berkah kanggo wong ngalam kabeh. Kanjeng nabi diutus Allah saperlu mulang lan nuduhke dalan kang apik kanggo poro menuso. Guru, kiroto bosone digugu lan ditiru. Yen pingin digugu yo kudu iso ditiru. Mulo songko kuwi kanjeng nabi selalu dibimbing gusti Allah lumantar malaikat Jibril. Kurang apik sithik wae,  sing coro wong lumrah wis apik, tapi kanjeng nabi isih diilingake."
Atun: "Contone dos pundhi, kang"
Parmin: "Salah sijining dino, kanjeng Nabi lagi ketamon penggedhe-penggedhe Quraish. Lagi ngendikan serius, yoiku nembe njelasaken agomo Islam, ujug-ujug sohabat Abdullah bin Ummi Makhtum sowan kanjeng Nabi. Sahabat Ibnu Ummi Makhtum iki wutho, dadi ora ngerti menowo kanjeng Nabi nembe kagungan tamu. Soko njobo sahabat mau bengok-bengok : Hai Muhammad! Ajari aku babakan agomo!. Kanjeng nabi ora duko yo ora ngendikan opo-opo. Nanging panjenengane mlengos sithik. Jan-jane sahabat ibnu Ummi Mahktum yo ora weruh.  Nanging ewo semono langsung turun ayat _Abasa watawalla_ sak teruse kang surasane kanjeng Nabi ora enthuk mlengosi sahabate. Padahal nek wong saiki, coba bayangke pejabat lagi rapat terus ono rakyate moro bengok-bengok koyo ngono?"
Atun: "Mboten diusir mawon mpun pol sae, kang"
Parmin: " Lha iku bedane menuso lumrah kelawan kanjeng nabi! Kawit lahir sampun dijamin tetep apik. Mulo pantes menowo sing diperingati kelahirane. Saiki yen menuso biasa piye? Kawit cilik apik, bareng wis tuwo duwe polah aneh-aneh sahinggo mati ora sido husnul khotimah, yo iso wae. Dadi...layak diperingati opo ora, kuwi biso jelas yen wis mati. Sahinggo nek jelas apik, mongko kaapikane bakal diiling-iling wong akeh kang ono sak mburine. Kuwilah kenopo nek seliyane nabi di khauli dino sedane"
Atun: "Kados criose kiyai Barseso ingkang puluhan tahun mboten nate duso nanging akhiripun mboten pantes di khauli, ngoten kang?. Mudheng kulo. Tapi nek kulo ulang tahun jane dipun ramekke ngoten... Kan kulo sejak lahir mpun ditaqdiraken dados bojone njenengan? Bojo setia ingkang tiada duanya...."
Mari muni ngono Atun banjur ngadhek mlebu ngomah ninggalke Parmin lungguh dewe ono ing teras plonga-plongo.

Wednesday, December 7, 2016

"Ngaji Hadists Arbain Nawawi bareng Parmin dan Atun" (11)

Sesuai dengan usul beberapa pembaca, serial Ngaji bareng Parmin dan Atun edisi ke 11 ini hadir dalam Bahasa Indonesia. Namun begitu saya minta pendapat pembaca yang lain. Apakah untuk selanjutnya kembali saya tulis dalam bahasa Jawa atau saya lanjutkan dalam bahasa Insonesia?
FB : www.facebook.com/wahidmg
Blog: http://abiraad.blogspot.com
Terima kasih

“Ngaji Hadist Arbain Nawawi bareng Parmin dan Atun” (11)
Hadist ke-3 “Puasa”

Atun hendak menyiram bunga yang ditanam rapi di pinggiran halaman rumah. Namun tiba-tiba dia menghentikan langkahnya. Seekor kupu-kupu yang bersayap indah berwarna-warni menari-nari di atas mawar merah yang sedang mekar.
Dari belakang Parmin memperhatikan istrinya lalu berkata, “Subhanallah...! Cantik sekali!”.
Atun: “Kang Parmin ini  seperti baru tahu saja kalau aku memang cantik”
Parmin: “Kamu Cantik? Rasanya tidak tepat kalimat itu untuk menyebut dirimu. Kamu lebih dari sekedar cantik. Itu lho... kupu-kupu yang cantik!”
Atun: “Ah! kang Parmin bisa aja”.
Parmin: “Kamu tahu gak sebelum jadi kupu-kupu yang cantik, dia seperti apa?
Atun: “Sebelumnya adalah ulat yang menjijikkan”.
Parmin: “Demikianlah Allah memberi gambaran kepada manusia. Untuk menjadi lebih baik, indah dan disukai semua orang, seseorang perlu untuk menahan diri dari keinginan nafsu yang bermacam-macam. Oleh karenanya rukun Islam yang ke empat adalah puasa. Ulat yang sebelumnya rakus, akan berhenti makan dan berpuasa selama beberapa hari atau ada juga yang beberapa bulan. Kulitnya akan menjadi kepompong dan tubuhnya akan berubah menjadi makhluk baru yang indah dipandang. Allah memerintahkan hambanya untuk berpuasa selama bulan Ramadhan agar manusia bisa bermetamorfosis seperti ulat. Yah tentu saja kalau metamorfosa yang dialami manusia bukan secara fisik tetapi secara mental”
Atun: “Dan manusia dihargai, dihormati lebih karena kepribadian mereka. Bukan sebab penampilan fisik belaka”
Parmin: “That’s my wife! -istriku emang hebat. Dan Atun tahu gak? Puasa itu ada di syariat agama manapun. Kristen, Yahudi, Hindu, Budha dan lain sebagainya. Tata caranya saja yang tidak sama. Shoum secara bahasa artinya adalah menahan diri. Dalam syariat Islam, berpuasa adalah menahan diri dari makan, minum dan hal lain yg membatalkan puasa sejak fajar hingga matahari tenggelam dengan disertai niat. Sedangkan dalam agama atau kepercayaan lain ada puasa bisu –menahan diri tidak berbicara, puasa tidur –menahan diri agar tetap terjaga, puasa dengan tidak memakan makanan bernyawa dan seterusnya”
Atun: “Ular juga puasa. Kok tidak berubah bentuk, kang?”
Parmin: “Tapi ular menjadi sakti. Sekali sembur atau gigit, seekor sapi bisa mati, Tun. Coba perhatikan hewan-hewan yang berbahaya. Singa sehari puasa rata-rata bisa lebih dari 20 jam. Beruang kutub bahkan hingga sampai berbulan-bulan. Bandingkan dengan kambing atau kerbau yang tak mau berhenti makan. Kalau kambing menggugit, paling-paling hanya ajan menimbulkan luka luar saja. Tidak mematikan. Ya... semuanya itu contoh agar manusia bisa mengambil pelajaran”
Atun: “ Kalau melihat sejarah orang-orang hebat, rata-rata mereka adalah orang yang tahan berpuasa  atau bahasa jawanya kuat tirakat
Parmin: “Mau langsing juga harus mampu menahan diri dengan membatasi jenis dan jumlah makanan. Lha... kamu gimana, Tun?
Atun: “Bukannya kang Parmin bilang, aku jangan terlalu kurus biar kelihatan kalau kang Parmin bisa ngasih makan istrinya??”
Parmin menggaruk kepalanya yang tidak gatal lalu memeluk istrinya.
Atun: “Ih! Jangan disini kang nanti kelihatan orang... dosa pamer kemesraan di depan umum”

Sunday, December 4, 2016

"Ngaji Hadist Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (10).

 Hadist ke 3   “Zakat”

Parmin moco koran ono ing ruang tamu. Atun metu nyuguhke kopi ireng.
Atun: “Monggo kopine, kang”
Parmin: “Hmm... enak banget, Tun. Ora ono sing iso mbandingi kopi gaweanmu”
Atun: “Soale anggen kulo damel, mboten namung ngangge gendhis kalih kopi serasan. Nanging kulo campuraken ati lan jantung kulo wonten adodan”
Parmin: “Lan olehku nyicip ora mung nganggo ilat, olehku ngombe ora mung nganggo cangkem, nanging olehku ngrasakke nganggo sukmo lan nyawaku bebarengan roso tresno kang tan keno kinoyo opo”
Atun: “Hihihi….. Nuwun sewu kang…. Njenengan maos berita nopo? Kulo tingali kok kados tiyang gumun ngoten?”
Parmin: “Iyo Tun, iki berita babakan Klub Sepakbola Eropa. Duit koyo ra ono ajine. Bayaran wong siji semigggu nganti 2 milyar rupiah kaporo luwih. Padahal mung playon nggudhag bal ngono wae.”
 Atun: “Klub nopo niku kang?”
Parmin: “Yo akeh… Ono Real Madrid,  Barcelona, Manchester City….”
Atun: “Sing terakhir niku gadhahane tiyang Islam mesti!”
Parmin: “Kok ngerti?”
Atun: “Lha niku namine Siti Mansurah…. Duite akih men yo kang.“
Parmin: “ Manchester City kok dadi Siti Mansurah ki piye? Pancen sing duwe klub kuwi wong Arab sugih. Ngene Tun, umpamane duit 2 milyar gajine pemain siji ping 40 pemain dienggo nyekolahake bocah-bocah muslim kang ra duwe biaya, rak iso ndadekke 40 doktor tiap minggune, yo?”
Atun: “Leres kang… menawi tiyang sugih lan loma ngoten niku cacahe 1000 mawon, lajeng tiap minggu nyumbang 80 milyar setunggale, kulo kinten tiyang Islam sak dunyo ingkang jumlahe sekitar setunggal milyar niki, genep setahun mawon, mesti mboten badhe wonten ingkang gesang dibawah garis kemiskinan, nggih kang?”
Parmin: “Iyo Tun, zamane Kholifah Umar bin Abdul Aziz, wong sak negoro ora ono sing mlarat. Sampe-sampe wong arep sodaqoh wae kangelan. Sebab opo? Wong Islam podho gelem mbayar zakat kabeh.”
Atun: “Berarti gusti Allah majibaken zakat meniko arah tujuane sakliyane ngibadah ugi wonten unsur sosial, ekonomi lan kemanusiaan. Lan wonten sejarah sampun nate terbukti ampuh memberantas kemiskinan”
Parmin: “Mulo songko kuwi zakat termasuk dadi soko gurune agama Islam. Lamun wong Islam kang mampu gelem nglaksanaake zakat, opo meneh ditambah nganggo sedekah sunnah, mesti kemakmuran lan kesejahteraan bakal terwujud. Yen wis ngono, ora bakal ono ceritane ono ing peradaban dunia koyo dino iki, wong Islam dadi wong pinggiran”.
Atun: "Kang...sedekah kulo monggo dipun tampi"
Parmin: "Sing endi?"
Atun: "Niku.... KOPI CINTA!"

"Ngaji Hadist Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (9)

Hadist ke 3   "Sholat"

Gerimis kari sithik-sithik Parmin bali soko masjid krudungan sorban. Sementara Atun nunggu ono ning teras omah
Parmin: "Assalamualaikum"
Atun: "Waalaikum Salam. Mpun kulo damelke teh anget kaliyan rondo royal kang..."
Parmin: "Perawan wae aku moh, Tun. Opo meneh rondo. Aku wis duwe bojo kang _more than extra ordinary kok_ "
Atun intho-intho ra nglegewo njawab: "Rondo royal meniko nama lainne monyos, kang.. tape goreng"
Parmin: "Udan ora patio deres wae wong kok akeh sing podo ora lungo Jum'atan. Padahal sholat Jumatan ning Indonesia banget gampange lho. Jare kang Wakidi pas ning Paitpil Amerika deknen nek lungo Jumatan jarake soko panggonane adohe 40 kilo"
Atun: "Sholat niku penggawean ngibadah kangge tiyang Islam ingkang mboten saget dipun ditilar dalam keadaan menopo kemawon, nggih kang"
Parmin: "Bener banget. Kejobo wong wadon kang lagi _haidh_ utowo _nifas_ ,wong edan lan cah cilik. Senajan ono ing keadaan perang, isih wajib sholat. Lha kadhang lagi ketungkul penggawean sithik wae wong wis lali sholat"
Atun: "Nggih kang. Padahal teng pundi-pundi wonten musholla. Angger kantor lan tiap SPBU wonten mushollane. Eco lho dados tyang Indonesia. Lha menawi teng Amerika sepundi kang?"
Parmin: "Pengalamane kang Wakidi, nalikane ono ing bandara Los Angeles deweke karo kancane sholat dhuhur. Solate gantian ora jamaah soale ora sepakat masalah arah kiblat"
Atun: "Kok saget?"
Parmin: "Kang Wakidi karo kancane podo ora ngerti arah lor kidul. Takon wong yo podo wae ra ngerti. Kompas, ora duwe. Akhire ijtihad dewe-dewe lan hasile ora podho. Kang Wakidi sholat madhep ngalor, kancane madhep ngidul, menowo. Nah, kancane kang Wakidi iki yen sholat karo merem-merem terutama nalikane takbirotul ihram. Ono wong bule lanang wadon kang lungguh ora adoh soko kang Wakidi merhateake kancane kang Wakidi sing nembe sholat. Jare sing wedhok, _do you see that guy over there?_ sampean weruh wong lanang sing ning kono kuwi? Ambi ndudingi kancane kang Wakidi. Sing lanang njawab _what's the matter with him? Has he got sick?_ tapi wong loro mau mung ngomong lan nyawang thok. Nanging bareng ruku', sing lanang langsung nyedhaki kancane kang Wakidi, _are you okay, sir?! Should I get help?_ sampeyan apik-apik mawon?! Njenengan perlu bantuan?. Kang Wakidi banjur ngadhek trus njelasake ambek wong bule mau menowo koncone nembe sholat"
Atun: "Lucu tapi kulo dados mikir, kang. Kathah tyang kaparingan kesempatan lan kemudahan nanging podho sami mboten purun manfaataken"
Parmin: "Iki ono kesempatan ngibadah ganjarane gedhe, gampang pisan. Gelem, Tun?"
Atun: "Nopo kang?"
Parmin: "Pijeti aku, Tun"
Atun: "@#$!!??"

"Ngaji Hadist Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (8)

Hadist ke 3  " Syahadat"

عن أبي عـبد الرحمن عبد الله بن عـمر بـن الخطاب رضي الله عـنهما ، قـال سمعت رسول الله صلى الله عليه وسـلم يقـول : بـني الإسـلام على خـمـس : شـهـادة أن لا إلـه إلا الله وأن محمد رسول الله ، وإقامة الصلاة ، وإيـتـاء الـزكـاة ، وحـج البيت ، وصـوم رمضان

Koyo biasane saben dino Jumat sedurunge jumatan, Parmin ora lungo ngendi-endi. Opo meneh yen Jumat pahing. Dewekne entuk giliran khutbah, dadi wiwit isuk anteng ning omah. Kiro-kiro jam songo Parmin moco kitab karo nyekel pulpen lan kertas saperlu nyiapake bahan khutbah. Atun mari masak nyedhaki bojone.
Atun: "Khotbah mangke temanipun nopo kang?"
Parmin: "Rukun Islam"
Atun: "Niku rak mpun biasa tho kang"
Parmin: "Iku mungguhmu, Tun. Sebab kawit lahir awakmu wis dikenalke Islam. Urip mulai cilik nganti gedhe ning lingkungan Islam. Sedino sewengi krungu azan kaping limo. Jajal umpamane awakmu urip ning negoro kang Islame minoritas. Opo meneh krungu adzan, ketemu masjid wae ora gampang"
Atun: "Ndak nggih to, kang?
Parmin: "Iyo, Tun. Jare kang Wakidi sing tau menyang Amerika, Ning kota Paitpil Karo Lina Lor....,"
Atun: " Hihihi... Jeneng kutho kok Paitpil to kang... ? mboten pil pait mawon?"
Parmin: "Hush...! Ra oleh ngono. Iku ilat jowoku wae. Tulisane sih f-a-y-e-t-t-e-v-i-l-l-e. n-o-r-t-h c-a-r-o-l-i-n-a. Lha, north iku artine lor"
Atun: "Oo.. Ngaten.."
Parmin: "Ho oh. Jarene ning kutho paitpil masjid mung ono siji. Ngono wae cilik. Suwalike, angger prapatan mesti ono grejone. Genthorane (loud speaker:-red) masjid ora iso dirungu soko njobo. Masjide kedap suara"
Atun: "Wah menawi ngoten, angel nggih dados tiyang Islam wonten mriko"
Parmin: "Padahal miturut dawuhe kanjeng Nabi, Islam kuwi diumpamaake koyo bangunan kang duweni soko guru. Soko gurune kuwi pertama syahadat. Ning Njowo, memproklamirkan diri dadi wong Islam, entheng sebab kancane akeh. Yen ning Amerika, butuh keberanian doble, lho. Ning kono akeh wong kang ora ngerti opo iku Islam. Kang duweni pengertian menowo Islam iku teroris ugo akeh. Mulane ra sah rumongso hebat dadi wong Islam ning Indonesia. Ngakehnoho istighfar supoyo iso syukur. Teruse... mengko bar jumatan wae yo, Tun"
Atun; "Nggih kang... Berarti supados kito meniko saget syukur kedah angen-angen karo peparing lan kanugrahane Allah. Lan kanugrahan ingkang paling ageng inggih meniko dipun paringi iman lan Islam. Ngoten, kang?"
Parmin: "Yo bener. Termasuk kowe angen-angen kaparingan bojo kang sayang banget mbi awakmu kuwi yo biso ndadeaken syukur, Tun"
Atun: "Njenengan ngendikani kulo nopo nembe angen-angen awak njenengan kiyambak, kang?"
Parmin: "Eh kopine wis adem..."
Atun; "ehm...ehm..pengalihan opini saiki ora ning tipi thok..."
Parmin ora nyauri bojone tapi menang-meneng koyo kucing "Haaap!! Lalu menangkap!

"Ngaji Hadist Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (7)

 Hadist ke 2 "Ihsan"

Jam 10 esuk Parmin karo Atun lungo buwoh ning tonggo deso boncengan numpak Vespa Sprint tahun 75. Senajan umure motor luwih tuwo tinimbang sing numpak, nanging tenagane isih roso lan arang rewel. Panggonan lungguhe di modifikasi dadi los lan dipasangi koco spion kiwo tengen kang nganggo cagak duwur ndadeake tambah gagah lan antike.
Nalikane tekan cedhak alun-alun, akeh wong kang podo puter walik.
Atun: "Niku tiyang kok kathah ingkang puter walik wonten nopo kang?"
Parmin: "Kae ono pak polisi lagi tugas mrikso kelengkapan berkendara"
Atun: "Oo.. ngoten, kang".
Parmin: "Klathuk-klatuk wae yo, Tun, sinambi ngaji. Enake ngaji karo bojo yo ngene iki, karo numpak montor yo iso, karo lomah-lameh ning kasur yo rapopo karo mangan yo keno"
Atun: "Ten facebook utawi WA nggih monggo.."
Parmin: "Nek Facebook karo WA yo ra karo bojo, Tun. Mosok bebojoan kok melalui Internet. Dhak mbayangke thok...Ra ono rasane.."
Atun ngithik-ngithik Parmin.
Parmin: ""Heh..! Ning ndalan iki, Tun... Bahaya..! Ngko bengi wae..!
Atun: "Hihihi...Ngapuntene!"
Parmin: "Menowo wong kuwi gelem menyadari yen taat marang aturan lalu lintas iku kebutuhane dewe, mesti kahanan bakal tumoto tur apik kabeh. Aturan-aturan kang digawe menuso kan ora liyo mung supoyo masyarakat tertib lan aman anggone urip bebrayan ono ing ngalam ndunyo. Dene syaringate Allah, seliyane kanggo kepentingan menungso ning ndunyo ugo kanggo kebutuhan akhirate"
Nalikane ngliwati polisi kang lagi mrikso SIM lan STNK poro pengendara sepeda motor, Parmin arep minggirake vespane. Nanging salah sijine pak polisi menehi tondo supoyo Parmin mlaku terus ora usah mandeg.
Atun: "Kok njenengan mboten dipun ndeg, kang?"
Parmin: "Pak polisi wis ngerti karo wong kang duweni persyaratan lengkap. Ndelok gayane wis ketoro. Umpamane tetep ngendeg, kuwi mung prosedural wae. Wong kang numpak kendaraan kok gelem nganggo helm, duwe SIM lan bayar pajak tanpa kerono ono operasi lalu lintas ki jane gawe ayem lan ora kuwatir kwatir ono cegatan zebra. Sebab ulihe nglakoni kewajiban memang tulus lan murni nindaake kewajiban tumprap aturan negoro. Semono ugo wong ngibadah, yen ulihe ngibadah ora kerono menungso yo ora kerono pamrih opo-opo, nanging minangka syukur lan pasrah narimo maring titahe kang Moho Kuwoso, ulihe ngibadah mesti iso nikmat lan khusu'. Mulane menuso kudu selalu menghadirkan Allah ono ing tiap-tiap tumindake. Lagi sholat umpamane, kudu ngroso yen bener-bener madhep ono ing ngarsane Allah. Menowo durung biso koyo ngono, yo kudu yakin lan iling-iling yen Allah iku selalu pirso. Semono ugo ono ing njobone sholat. Yen rumongso lan yakin menowo Allah mirsani, mongko umpamane arep nglakoni olo yo mesti ora sido. Nah... Kuwi kang aran Ihsan"
Atun: "Kados pundi Allah mirsani sedoyo tindak tanduke sedoyo menuso niku, kang?"
Parmin: "Ojo dipadhakke karo menuso, Tun. Allah iku ora ono sing madhani. Tapi tak wenehi gambaran yo. Sekedar gambaran. Sepisan meneh Allah ora biso dipadhakke kelawan opo-opo. Awakmu bar nggoreng iwak, supoyo aman mbok deleh ning rak lan mbok tutupi baskom. Terus awakmu lungo ngaji ning musholla. Aku teko sawah arep mangan golek lawuh tapi ora weruh sebab ketutupan. Lan yo ora ngerti anggonmu ndeleh ono ngendi. Trus aku sms awakmu. Senajan ora weruh tapi awakmu ngerti ning endi panggonane, iwak opo, jumlahe piro, olehmu tuku ning ngendi, rego piro, kasinen opo ora sak teruse. Sebabe opo? Awakmu kang gawe lan ngatur panggonane lawuh. Lha.. Saiki sopo kang gawe menuso lan ngatur menuso? Allah kan? Mulane Allah pirso piye wae pasang polahe menuso. Gusti Allah ulihe pirso soko arah Al-Khalik (sang pencipta) dudu arahe makhluk"
Atun: "Lha njenengan menawi tindaan mboten kalih kulo, lajeng ketemu cah wedhok ayu, njenengan rumaos joko nopo dudo, kang?"
Parmin: "Yo tergantung keadaan, Tun! Hehehe"
Atun meneng cep ora ngomong opo-opo. Eseme ilang kari nyaprute. Cangkeme mecucu koyo pucuke doran pacul.
Parmin: "Halah diguyoni ngono wae nesu... Senyum dong.. Koco spion sing kiwo iki olehku masang tak pancerke awakmu lho.. Soale aku ora tenang yen semenit ora weruh awakmu"
Atun njur ngguyu karo ngrakut bojone.

"Ngaji Hadist Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (6)

Hadist ke-2 "Islam"

Malem tanggal patbelas, rembulan katon mencorong edi koyo peraupane widodari. Lintang siji loro isin-isin ngancani kanjeng putri purnomo.
Parmin: "Assalamu'alaikum". Atun; "Waalaikum salam. Sampun ba'dho anggenipun tahlil, kang? Kok cepet"
Parmin: "Wis. Bubar tahlil aku langsung bali. Selak kangen bojoku kang denok debleng"
Atun: "Kok ngertos menawi kulo ngrantos njenengan"
Parmin: "Pancene ono opo?"
Atun: "Niki lho.. Ten HP-ne njenengan kok wonten lagu Arab kulo pireng-pirangken kok kulo malah bingung. Asyhadu an la imro'atan atqonat lu'bata illa anti. Maksude dos pundi? Koyo syahadat... Tapi kok mboten.."
Parmin: "Ooo kuwi.. Artine: aku nekseni menowo ora ono wong wadon endi wae kang hebat babakan nglakoake lelakon urip kejobo awakmu"
Atun: "Kulo, kang? Ndak nggih no?"
Parmin: "Hehe... (Banget gemese Parmin mletet irunge Atun). Kuwi maksude declaration of love and admiration- pengakuan, penegasan cinta lan kekaguman"
Atun: "Berarti syahadat niku pengakuan dan penegasan diri bilih kito meniko namung nyembah gusti Allah. Ngoten kang?"
Parmin: "Iyo. Menowo iman iku kan manggone ono ning ati. Dadi sing ngerti hakekate namung Allah. Sementara urip ning ngalam dunyo, menuso urip kalawan menuso lan makhluk-makhluk liyane. Koyo kang wus mbok mangerteni, dene urip ning ngalam ndunyo kuwi minongko dadi sangu ono ing akhirat. Lha urip ning ngalam ndunyo kuwi yo kudu sesuai kelawan aturane ndunyo. Contone, awakmu ngerti yen aku iki sayang banget mbi awakmu. Kepriye carane awakmu ngerti? Siji aku ngomong yen aku trisno marang sliramu. Loro sak iso isoku awakmu tak perhatikke. Yo blonjomu, penganggomu, manggonmu, *ehm-ehm*mu lan liya-liyane. Semono ugo yen kito bener pasrah kelawan gusti Allah tegese mlebu agomone Allah, yo kudu nyekseni yen Allah iku siji-sijine sesembahan lan Nabi Muhammad iku bener utusane gusti Allah. Ora mung ngono Tun, kesaksian yo kudu dibuktiake kanti ngadep Gusti limang ambalan sabendinane nganggo aturan kang wis ditetetape. Seliyane noto awak, ndidik nepsu kelawan poso supoyo luwih caket karo Pengeran, lan sepodho-podho, ugo kudu duwe roso peduli maring liyan. Kepedulian mau diwujudake kanti zakat kanggone wong kang kaparingan bondo dunyo cukup. Tegese cukup tutuk jumlah lan mongso kang ditetepake syaringat. Lan paling akhir yoiku ngibadah kang ono hikmahe napak tilas sejarah leluhur. Hiyo iku Nabi Ibrahim sak keluargane. Kang rupane ngibadah kaji kanggo kang kuwoso"
Atun: "Lajeng sepundi kang menawi badhe haji lereh ngentosi 20 tahun kados tiyang Indonesia ngeten niki?"
Parmin: "Gusti Allah ora nate mekso kawulane nglakoni perkoro kang diluar kemampuane"
Atun: "Menawi kulo Insya Allah malem Jumat taksih kiat mboten ngangge dipekso"
Parmin: "Hmmm maksudmu? Hohohiho?"
Atun: "Yeee... Kang Parmin ngeres. Niku lho.. Maos sholawat ping sewu!!!. Rak njenengan tho ingkang marai kulo....?!"