Sunday, February 12, 2017

“Ngaji hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun” (18)

Hadist ke 5 "Bid'ah"

Amergo kulino, senajan wis diwanti-wanti karo bojone supoyo ora ngangkat abot-abot, Atun kelalen. Ember kang isine kebak banyu arep dijunjung saperlu mbilasi kumbahan. Parmin kang wit mau nunggoni bojone umbah-umbah, langsung mbengok, "Mandeg, Tun! Ben aku wae sing njunjung embere!"
Atun: "Nggih kang.. Ngapuntene, supe"
Parmin: "Sesuk meneh diiling-iling. Piye kandane bu bidan? Selama kehamilan dilarang mengangkat beban berat."
Atun: "Nggih kang..."
Parmin: "Terus terang..., Kebahagiaan sing tak rasakno sedurunge ketemu awakmu kuwi ora liyo mung amun-amun --fatamorgana, ora nyoto. Urip sing sak benere yo sing tak lakoni bareng awakmu , Tun. Dadi nek ono wong takon kapan aku lahir, mongko jawabe tanggal pernikahan awake dewe kuwilah tanggal kelahiranku. Mulo yen awakmu nganti mringis gedhene nangis, dudu awakmu dewe kang ngrasakno tapi bojomu luwih dene loro".
Pipine Atun kang putih maleh dadi njambon amergo atine bombong ambi gombalane bojone.
 
Sinambi njerengi kumbahan, Atun takon marang Parmin, "Kang, bid'ah niku nopo?"
Parmin: "Bid'ah kuwi, nglakoni perkoro anyar kang ora pernah ditindhaake Kanjeng Nabi. Kenopo kok ujug-ujug takon bid'ah?"
Atun: "Wingi pas blonjo, kulo kepanggih mbak Sri ingkang jilbabe panjang niku lho kang. Kulo dipun sanjangi nek tahlilan, berjanjenan, muludan lan tingkepan niku bid'ah. Menawi bid'ah niku mboten angsal ganjaran malah duso."
Parmin: "Ono ing Hadist Arbain Nawawi kang nomer limo, diriwayatake menowo kanjeng Nabi nate dawuh sing surasane koyo ngene: sopo wonge kang nglakoni penggawean kang ora ono dasar perintah agomo, mongko ngamal penggawean mau ora diterimo. Ananging ulama duweni pendapat dewe-dewe masalah bid'ah iki. Miturut Imam Ibnu Arabi bidah asal ora bertentangan kelawan syariat ora masalah. Nanging yen bid'ah kang nulayani dalil Quran lan hadits mongko kuwi sasar utowo dholalah. Dene imam Nawawi, panjenengane mbagi bid'ah dadi limang perangan. Suwijine Wajib, koyo mbangun sarana transportasi, kapindo sunnah koyo nglafalake niyat nalikane sholat. Nomer telu mubah koyo nganggo sarung utowo kaos. Kaping pat makruh koyo maesi masjid. Lan terakhir haram koyo ngalalake daging babi senajan babi mau wis aman lan resik soko bakteri lan penyakit".
Atun: "Menawi ganjarane tahlilan niku dugi dumateng arwah ingkang dipun kintuni nopo mboten, kang?"
Parmin: "Tahlilan kuwi sing diwoco opo? Kan yo kalimah tahlil, tahmid, tasbih, takbir ayat-ayat quran sholawat, lan liya-liyane kang ora ono sing karangan dewe. Dawuhe kanjeng nabi, tasbih, tahmid, tahlil lan takbir kuwi minongko sodaqoh. Nek miturut imam Syafi'i ganjaran sodaqoh kuwi asal diniati lan ditujukake jelas kanggo sopo, Insya Allah tutuk. Pancen yen duso ora iso ditanggung karo wong liyo, nanging nek ganjaran kan bedo maneh. Contone ono wong duwe anak 5. Terus wong iki ketangkep korupsi. Bareng diputus karo pengadilan penjara 5 tahun, anak-anake banjur maju trus ngomong nek ukumane bapake arep diwakili anal limo mau gentenan saben wong siji setahun. Opo kiro-kiro ditrimo? Dhak yo ra kan? Duso ora bisa dilimphake. Bedo nek wong mau duwe utang limang juta lan jatuh tempo. Trus debt collector moro arep nyita jaminane kang rupo sepeda motor misale. Anak-anake kang limo mau ngomong karo debt collector ampun disita pak... Kito urunan saben tiyang setunggal jutanan kangge mbayar utange bapak, monggo. Mesti wae bakal ditrimo. Semono ugo ganjaran. Iso dihadiahno"
Atun: "Ooo... Dados mboten sedoyo bid'ah meniko awon, nggih kang?".
Parmin: "Iyo ngono coro aku"
Atun: "Berarti menawi ngoten njenengan niku ahsanul bid'ah -- sak sae-saene bid'ah."
Parmin: "Kok iso?"
Atun: "Tiyang ingkang rupinipun kados njenengan meniko mboten wonten zamane Rasulullah."
Parmin: "Hahaha iso-iso wae, awakmu, Tun!!"

Wednesday, February 8, 2017

Ngaji hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun (17)

Hadist ke 4 “Proses perkembangan Janin ono ing rahim"


عَنْ أَبِي عَبْدِ الرَّحْمَنِ عَبْدِ اللهِ بنِ مَسْعُوْدٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ : حَدَّثَنَا رَسُوْلُ اللهِ صلى الله عليه وسلم وَهُوَ الصَّادِقُ الْمَصْدُوْقُ : إِنَّ أَحَدَكُمْ يُجْمَعُ خَلْقُهُ فِي بَطْنِ أُمِّهِ أَرْبَعِيْنَ يَوْماً نُطْفَةً، ثُمَّ يَكُوْنُ عَلَقَةً مِثْلَ   ذَلِكَ، ثُمَّ يَكُوْنُ مُضْغَةً مِثْلَ ذَلِكَ، ثُمَّ يُرْسَلُ إِلَيْهِ الْمَلَكُ فَيَنْفُخُ فِيْهِ الرُّوْحَ، وَيُؤْمَرُ بِأَرْبَعِ كَلِمَاتٍ: بِكَتْبِ رِزْقِهِ وَأَجَلِهِ وَعَمَلِهِ وَشَقِيٌّ      أَوْ سَعِيْدٌ.    فَوَ اللهِ الَّذِي لاَ إِلَهَ غَيْرُهُ إِنَّ أَحَدَكُمْ لَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ الْجَنَّةِ حَتَّى مَا يَكُوْنُ بَيْنَهُ وَبَيْنَهَا إِلاَّ ذِرَاعٌ فَيَسْبِقُ عَلَيْهِ الْكِتَابُ فَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ النَّارِ فَيَدْخُلُهَا، وَإِنَّ أَحَدَكُمْ لَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ النَّارِ حَتَّى مَا يَكُوْنُ بَيْنَهُ وَبَيْنَهَا إِلاَّ ذِرَاعٌ فَيَسْبِقُ عَلَيْهِ الْكِتَابُ فَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ  الْجَنَّةِ فَيَدْخُلُهَا                       
[رواه البخاري ومسلم]

Wis seminggu iki tiap isuk Atun muntah-muntah.

Parmin: "Kenopo Tun, masuk angin meneh? Ayo dho priksan ning bidan wae"

Atun: "Nyumanggaaken kang. Kadose kok mboten masuk angin niki. Biasane akhir wulan prei niki mpun telat sedoso dinten."

Parmin cepet-cepet nyiapake mobil brondol. Kiro-kiro rong puluh menit, wis tekan PKD (Poliklinik Kesehatan Desa).

Rampung mrikso Atun, bu bidan mesem marang Parmin lan Atun, "Selamat mas..., Mbak.... Insya Allah njenengan badhe kagungan momongan. Perkiraaan kulo, umur kehamilane niki, sampun masuk empat minggu"

Parmin, "Leres, bu? alhamdulillah!"

Parmin spontan sujud syukur ono ing ruang prakteke bu bidan. Atun banget bungahe nganti nangis.

Rampung mangan dalu, Atun ngomong maring bojone, "Kang, anake dewe niki kinten-kinten mpun kados pundi nggih?"

Parmin: "Ngendikane kanjeng Nabi ono ing hadits no 4 soko hadits Arbain Nawawi dijelasake yen proses kedadiyane menuso ono ing rahim ibu iku ono tahapan-tahapane. 40 dino pertama isih rupo nutfah tegese proses pembuahan antarane mani lan sel telur. 40 dino sakteruse wis mulai ono plasenta lan janin wis mulai mbentuk tapi isih rupo sekempel getih kang diarani alaqoh. Sakteruse.. 40 dino meneh mulai dadi daging lan ono rupane, nanging durung sempurno. Rupo iki diarani mudghoh. Nah nek wis genep 120 dino yo iku 4 wulan Allah nuli ngutus malaikat nyebulake ruh, lan janin ditetepake rizkine, umure, ngamale lan bakale termasuk ahli suwargo opo neroko"

Atun: "Menawi ngoten mangke dipun dongaaken sekaligus dipun sodaqohi kanti ngundang tonggo tepalih pas 4 wulan, kang?"

Parmin: "Ndungo ki yo sewayah-wayah to, Tun. Semono ugo sodaqoh. Tapi, yen pingin ulihe selametan dipaske patang sasi utowo pitu yo ora opo-opo. Loro-lorone papat karo pitu yo apik".

Atun: " Menawi papat niku kan nepaki manjinge ruh wonten jabang bayi. Menawi pitu, kang?"

Parmin: "Sing dimaksud pitu babakan mitoni coro wong Njowo kuwi yen si ponang jabang bayi ono ing kandutan ibune wis menangi pitung purnomo. Tegese pitung tanggal 14. Dadi menowo ono ibu hamil mulai tanggak 1 lan ibu liyo tanggal 10 wulan rajab misale, mulo yo ora ono bedane. Tutuk pitune bareng yoiku sasi suro"

Atun: "Kok ngaten, kang?"

Parmin: "Sabar... Urung tutug olehku njelaske. Coro Imam Syafi'I, lan ternyata bener secara medis, minimal kehamilan sing sampurno, tegese biso selamet nalikane lahir kuwi 6 wulan. Mulo cocok petungane wong Jowo babakan mitoni. Mitoni kuwi yen janin wis genep 6 wulan 7 mlaku, dudu genep 7 wulan. Yo iku mau, wis pitung purnomo. Nah.. Berari mitoni iku nepaki hari jadi utowo kesampurnan. Yen mapati nepaki manjinge ruh ono ing janin. Mulo coro aku pas petang wulan yo dibancaki 7 wulan yo dibancaki. Salah sijine utowo loro-lorone sing sederhana"

Atun: "Oo ngaten to, kang. Tapi wonten setunggal malih.. Trimester (tigang wulan) pertama niki njenengan kedah poso lho..Soale nek mboten ngati-ngati rawan ambrol"

Parmin: "Lho hubungane opo aku poso karo ngati-ngati kehamilan? Aneh awakmu iki!"

Atun: "Maksude kulo, njenegan poso hohohiho ...."

Parmin: "?#!$%&*@"

Atun: "Idih... njenengan kok terus lemes ngoten... Nek mboten kerso poso nggih.... Kepiye carane aman lah..."



Parmin: J J J