Saturday, May 23, 2020

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa 1441H - 2020M

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa 1441H - 2020M


اَللهُ أَكْبَرُ . اَللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ. اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا، وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً. اللهُ أَكْبَرُ بِفَضْلِهِ، اَللهُ أَكْبَرُ بحِلْمِهِ وَعَفْوِهِ، اَللهُ أَكْبَرُ بِجُوْدِهِ وَكَرَمِهِ، اَللهُ أَكْبَرُ رَفَعَ السَّمَاوَاتِ بِغَيْرِ عَمَدٍ، وَبَسَطَ الأَرْضَ بِغَيْرِ عَنَتٍ،
الْحَمْدُ ِللهِ الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ حــذر عـبــادَه  مـن الـمـعــاصي والـمـنـكر والأغــتـرار  * ورَغـبـهــم فى الأســتـعــداد لــدار الـقــرار *   أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ   الـذي يخــلـق مــا يــشــاء ويــخــتــار  * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ســيــد الـخــلائــق والـبــشــر * اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدِ نــَور اْلأُنــوار*  َ وَعَلَى آلِهِ  وَأَصْحَابِهِ الـمــهــاجــريــن والأنــصــار *  وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ دار الـقــرار *  أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا اْلحَاضِرُونَ اْلكِرَامُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ اْلمُتَّقُوْنَ*
Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumuilah,
Kapurwakan kanti suruping surya, minangka tengara sampurnanipun wulan Ramadhan, sinambet kanti kumandanging takbir mangangkang ngebaki awang awang, tasbih, tahmid lan tahlil nyertani swantening takbir, minangka tandaning raos syukur saking sedaya ummat Islam sak indenging jagat raya punika. Mahargya dinten kemenangan jalaran lelampah lan jejibahan ingkang sekelangkung awrat sampun kaleksanan kanti sampurna. Lan sinaoso tahun meniko kita mahargyo Idul Fitri wonten ing kawontenan ingkang mboten biasa, inggih ing tengah-tengahipun pandemi covid-19 ingkang ngantos sak mangke taksih dipun raosaken sedoyo tiyang ing ngalam ndunyo meniko, ananging wonten dinten ingkang kebak rahmat, maghfirah, enjang punika,  mangga kita kunjukaken pengalembana lan syukur kita wonten ngayunan dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala, awit peparingipun arupi kanugerahan kekiyatan dateng kita sedaya, kita saget nindakaken shiyam Ramadlan ngantos pari purna soho kito taksih kaparingan kesempatan lan kesehatan sahinggo kito taksih saget ngayahi sholat idul fitri sareng-sareng kaliyan sederek sederek kito sedoyo.  Panyuwun kita mugi sedaya amal ibadah kita langkung langkung shiyam kita sageta  maqbul tinampi wonten ngarsa dalem Allah Ta’ala. Lan mugi-mugi Allah maringi panjang yuswa kita sedaya sahinggo saget pinanggih malih kaliyan wulan Ramadlan ing tahun tahun ingkang bade dateng wonten swasono ingkang langkung sae. Amiin.
اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ لآ إلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ  اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Kaum Muslim lan Muslimat ingkang minulya
Agami Islam sampun paring piwucal dumateng ummatipun bilih saben-saben musibah ingkang dumawah, mesti mengku hikmah kesaenan wonten sakwingkingipun. Samubarang engkang dipun paringaken Allah dumateng kawulonipun, menopo niku perkawis ingkang andamel bungah utawi susah temtu wonten hikmah ingkang saget dipun pendet dening tiyang-tiyang ingkang sabar lan iman dumateng Allah SWT. Kados ingkang kadawuhaken Allah wonten ing surat Al Baqarah ayat 216,
وَعَسٰى اَنْ تَكْرَهُوْا شَيْـئًا وَّهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ  وَعَسٰى اَنْ تُحِبُّوْا شَيْـئًا وَّهُوَ شَرٌّ لَّكُمْ . وَاللّٰهُ يَعْلَمُ وَاَنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ
Lan menowo-menowo awak iro kabeh podo gething marang siji perkoro, ing mongko perkoro mau sejatine bagus kanggo iro kabeh. Lan menowo-menowo awak iro kabeh podo demen marang siji perkoro, ing mongko perkoro mau sejatine olo kanggo iro kabeh. Allah kuwi pirso lan awak iro podo ora ngerti kabeh.”   
            Pramilo, sinasoso kito rumaos gething lan mboten seneng, utawi kito anggep wabah meniko perkawis ingkang awon, ananging mesti mawon wabah meniko nggadahi pinten-pinten hikmah. Adedasar dawuh Allah kasebat, kito kedah nggadahi sikap optimis lan mboten putus asa soho mboten kelangan keyakinan bilih wonten ing wingkingipun cobaan meniko mengku kesaenan lan pelajaran ingkang positif, ingkang patut kita galih minongko ibroh utawi pangangen-angen kito sedoyo.  
Hadirin Rahimakumullah,