Hadits ke -2. "Iman bagian 3"
Parmin lungguh ing dingklik kayu dowo kang ono ing teras nyawang udan kang tekone ora nganggo mongso kang jelas koyo mbiyen deweke cilik. Let sedelo, Atun melu lungguh njejeri bojone.
Parmin: "Arep masak opo dino iki, Tun?"
Atun: "Udan-udan ngenten niki econe masak santen ingkang buket"
Parmin: "Yen masak sayur bening biso opo ora, Tun?"
Atun: "Nggih saget mawon, kang. Tapi kan mboten sedep"
Parmin: "Lha yen bayu udan ki ujug-ujug ora kepingin mudhun tapi miring langsung mlebu segoro tanpa lewat darat biso opo ora?"
Atun: "Hehe.. Njenengan ki kok lucu to, kang?! Nggih mboten saget"
Parmin: "Llha menowo menuso ora gelem tuwo yo ra gelem mati, biso opo ora?"
Atun: "Mboten..."
Parmin: "Ngono kuwi kang diarani qodho lan qodar. Kabeh makhluk tunduk kelawan qodho (katetepane) gusti Allah. Koyo banyu wis ditetepake Allah kon manggon panggonan kang paling rendah posisine. Mulo banyu mesti bakal mudun angger isih biso.
Geni ditetepke ngobong. Mulo ning ngendi wae bakal ngobong. Nanging wong kang netepake kuwi gusti Allah, yen Allah ngersaake bedo yo biso wae. Koyo ceritane nabi Ibrohim di obong. Allah dawuh: hei geni.. Ademo kowe lan aman kanggo Ibrahim. Geni banjur nurut ora ngobong nabi Ibrahim"
Atun: "Lha menawi kulo rumaos kangen njenengan sianaoso njenengan mepet kalih kulo ngeten niki nggih ketetapane Allah?"
Parmin: "Yo iyo! Eh opo Tun? Baleni jajal..!"
Atun: "Hehehe mpun supe, kang"
Parmin ngeroso gemes banget, Atun banjur didikep kenceng. Atun nglendot ono ing pundhake Parmin.
Parmin: "Kuwilah bedane menungso karo makhluk liyane. Menungso diparingi kemampuan milih, senajan pilihane ora iso lewat soko ketentuane Allah. Koyo ceritane sayyidina Umar nalikane arep tindak Syam, ndadak ono berita menowo ning Syam lagi keserang wabah penyakit. Banjur Sayyidina Umar ora sido tindak Syam. Ono salah sijine sahabat matur: Njenengan kok menghindari taqdire Allah? Sayyidina Umar njawab: Iyo aku ngindari taqdire Allah menuju taqdir Allah kang liyo. Qodar utowo Taqdir kuwi artine kadar utuwo wates. Tiap wong duweni kadar dewe dewe"
Atun; "Gamblange sepundi, kang?"
Parmin: "Gambarane, koyo wong main bal-balan. Dianggep gol menowo bale iso mlebu gawang. Terserah pinter-pintere pemain arep nglebokke lewat tengah pinggir ngarep utowo mburi asal soko njero wates lapangan"
Atun: "Dados menawi wonten kiper nglebetaken bal wonten gawange dewe, nggih taqdir?"
Parmin: "Yo iyo. Tapi dewekne kan biso milih ora nglebokke"
Ujung-ujug Atun njiwit tangane Parmin.
Parmin: "Waduh..!! ???"
Atun; "Niku taqdire Allah, kang. Ampun nesu..."
Atun banjur mlayu mlebu ngomah ditututi Parmin. Untung udane deres dadi glodakan ora ngganggu tonggo.
No comments:
Post a Comment