Wednesday, July 29, 2020

Khutbah Idul Adha 1441/2020 Bahasa Jawa: Wurung Haji, Qurban Lan Pandemi Covid-19


اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهْ

اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ  * اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ *اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ   * اللهُ أَكْبَرُكَبِيْرًا *  وَالْحَمْدُ ِللهِ كَثِيْرًا *  وَسُبْحَانَ اللهُ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً  *  لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ اِلدّيْنُ وَلَوْ كَرِهَ اْلكَافِرُوْنَ *  لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحَزَابَ وَحْدَهُ * لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ * اللهُ أَكْبَرُ وِللهِ الْحَمْدُ * الْحَمْدُ ِللهِ الَّذِيْ جَعَلَ اْلأَعْيَادَ مُوْسِمَ اْلخَيْرَاتِ *  أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ رَبُّ الأَرَضِيْنَ وَالسَّمَاوَاتِ * وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إِلىَ دِيْنِهِ بِأَوْضَحِ اْلبَيِّنَاتِ  *  اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِ الْكَائِنَاتِ * سَيّدِناَ محُمَّدِ النَّبِيِّ اْلأُمِّيَّ  وَعَلَى آلِهِ   وَأَصْحَابِه ِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ  إِلىَ آخِرِ الدُّهُوْرِ  وَالسَّنَوَاتِ * أَماَّ بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ *أُوْصِيْكُمْ وَاِياَّيَ بِتَقْوَاللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ* وَاعْلَمُوْا أَنْ يَوْمَكُمْ هَذَا يِوْمَ الْعِيْدِ اْلأَكْبَرِ

Jamaah shalat Idul Adha, Rahimakumullah.

Mangga kita samiya tansah  netepi taqwa dateng Allah, kanti taqwa ingkang sakestu sarana nindakaken sedaya perintah lan dawuh dawuhipun, saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun, wonten ing swasana kados menapa kemawon, kapan mawon, lan wonten ing pundi kemawon,  nuju suka utawi berduka, kawontenan sulit utawi gampil, ing kawontenan sepen utawi rame, tansah netepana taqwa lan thaat dateng Allah supados kita tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, kebahagyaan gesang  saking ngarsa Dalem Allah Ta’ala. Langkung langkung wonten ing mangsa pagesangan ingkang sangsoyo angel punika, kanti taqwallah Insya Allah kita bade manggehaken margi gampil saking kawontenan angel menika,  Gusti Allah sampun  dawuh :
وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا
“Sing sapa wonge taqwa marang Allah, Mangka Allah bakal ndadekake perkarane wong kuwi dadi gampang ” (QS. At Thalaq : 4).

Hadirin hadâkumullâh,

Wonten ing sak lebetipun wulan Dzul Hijjah meniko, kathah kedadosan peristiwa penting. Antawisipun prastawo nabi Ibrahim AS dipun perintah supados nyembelih putronipun Nabi Ismail AS, pembangunan Ka’bah dening Nabi Ibrahim lan Islamil alihima salam, ibadah haji, shalat ied lan ibadah Kurban.

Tahun meniko, ibadah haji lan ibadah qurban kedah dipun laksanaaken wonten ing swasono pandemi Covid-19 ingkang ngantos sak mangke dereng lerem. Ananging kito kedah yakin bilih sedoyo wau mboten lepas saking ketentuanipun Allah subhanahu wata'ala, sahinggo minongko ummat Islam ampun ngantos semangat ibadah kito dados mlempem.

Kados ingkang kito mangertosi sedoyo, amargi pandemi Covid-19, Jamaah Haji Indonesia tahun 2020 mboten saget tindak wonten ing Tanah Suci. Pemerintah damel keputusan mbatalaken pemberangkatan haji mboten sanes nggadahi tujuan anjagi keselametan jiwo jamaah supados mboten ketularan virus Corona. Semanten ugi Pemerintah Arab Saudi kiyamak ugi mboten paring izin dumateng jamaah saking luar negeri nglampahi rukun Islam ingkang nomer gangsal meniko. Namung wargo Arab Saudi lan wargo Asing ingkang netep wonten ing Arab Saudi, ingkang dipun parengaken nindaaken ibadah Haji. Ngoten mawon kanti wates wilangan soho protokol ingkang ketat sanget.  

Kagem calon jamaah haji tahun 2020, temtu awrat sanget anggenipun nampi keputusan meniko. Sak sampune ngrantos antrian kuota haji ingkang mboten sekedap lan nglunasi ongkos naik haji (ONH) ingkang mboten sekedhik, nanging sareng giliran kantun berangkat, ndadak dipun wurungaken.

Pembatalan meniko wajar menawi nuwuhaken raos kuciwo. Mbok menawi raos kuciwo meniko sami kaliyan ingkang dipun raosaken kaum muslimin wonten tahun 6 Hijriyah. Wekdal semanten kanjeng nabi ingkang dipun derekaken 1400 sahabat nggadahi niat badhe nindaaken ibadah haji lan umroh. Ananging sak sampunipun ngliwati margi ingkang tebih, kirang langkung 450 km, lan perjalanan ingkang mboten gampil kados zaman sak mangke, saking Madinah dumugi Hudaibiyah, Rasulullah soho sahabat-sahabatipun mboten saget nerasaken mlebet kutho Makkah ingkang kantun 22 km kemawon. Sebabipun inggih meniko tiyang kafir Quraisy ingkang wekdal semanten taksih nguwasai Makkah mboten nampi rawuhipun kanjeng Nabi lan rombongan. Sak sampune diwontenaken rundingan antawisipun pihak Kafir Qurais lan pihak tiyang Islam, akhiripun lahir setunggal perjanjian damai ingkang kuncoro kasebat perjanjian Hudaibiyah. Wondene salah setunggale isi perjanjian meniko, Kanjeng nabi sak penderek kedah wangsul Madinah mboten saget nindaaken haji lan umroh tahun meniko.

Jelas poro sahabat sami kuciwo, ngantos-ngantos upami saget milih, sami badhe milih perang tinimbang wangsul dumateng Madinah. Nanging kadospundi kemawon kuciwonipun, poro sahabat tetep setiyo lan tuhu dumateng dawuhipun Kanjeng Nabi lan purun nampi kanti sabar.

Sinaoso kadose perjanjian meniko ngrugekaken ummat Muslim, nanging sejatosipun perjanjian meniko ngangkat derajatipun kaum muslimin wekdal semanten. Kanti perjanjian meniko, tiyang Islam nggadahi kedudukan ingkang sejajar kalian tiyang Quraish Makkah. Lenggah sami rendah jumeneng sami inggil.

Soho sak sampune wonten perjanjian meniko, dakwah Islam saget dipun laksanaaken kanti raos aman lan mboten was-was dipun perangi kaliyan tiyang kafir Makkah. Sematen ugi sak lajengipun ummat Islam saget tindhak Haji kati aman wonten ing tahun-tahun ngajengipun.

Mboten dangu saking anggenipun dipun setujoni Perjanjian Hudaibiyah, agami Islam saget berkembang pesat ngantos akhiripun Makkah saged dipun taklukaken kanti tanpo ngangge peperangan.

Sami kaliyan kedadosan meniko, kegagalan haji tahun 2020 kedah dipun adepi kaliyan sabar soho tetep nggadhahi penyono ingkang sae dumateng Allah.  

Hadirin Rahimakumullah

Mboten namung masalah wurung tindak haji kemawon, wonten ing pagesangan kita sabendinanipun kadang kito ngadepi perkawis ingkang mboten nyenengaken manah. Minongko tiyang mukmin, kito kedah tansah husnudzhan dateng Allah bilih menopo ingkang sampun dipun garisaken Allah dumateng kito meniko, sejatosipun ingkang paling sae tumprap kito sedoyo.

Syeikh Ibnu Athoillah As-Sakandaroni wonten ing kitab Hikam, ngendiko:
متى فتح لك باب الفهم في المنع عاد المنع عين العطاء
”Kapan Allah mbukak lawang pemahaman kanggo siro ingdalem bab kenopo siro ora diparingi (perkoro kang siro karepake), mongko, mengkunu ora diparingi kuwi, sejatine peparing.”   

Tegesipun, setunggaling tiyang ingkang dipun uji Allah kanti mboten dipun sembadani kekajengane, hakikatipun Allah nembe nedahaken dalan kesuksesan ingkang langkung ageng.

Pramilo menawi nembe ngadhepi kawontenan ingkang kados mekaten, tiyang meniko kedah:

Setunggal: sabar lan narimo dumateng qodho qodaripun Allah soho tetep nggadhahi penyono ingkang sae dumateng Allah lan ngeyakini bilih wonten ing wingkingipun sedoyo perkawis ingkang kedadosan meniko, mesti mengku hikmah tumrap kita sedaya, sianosa kita dereng mangertosi sak nalika.   
Allah subhanahu wata'ala dawuh wonten ing Surat Al-Anfal ayat 46:
 وَاصْبِرُوا إِنَّ اللَّهَ مَعَ الصَّابِرِينَ  
“Podo sabaro siro kabeh, saktemene Allah iku tansah anyertani wong wong kang pada sabar”.  
Lan ing setunggaling hadits, kanjeng nabi dawuh:
إِنَّ حُسْنَ الظَّنِّ بِاللَّهِ مِنْ حُسْنِ عِبَادَةِ اللَّهِ
“Sak temene nyono apik marang gusti Allah kuwi kalebu saapik-apike ngibadah (HR. Abu Daud)

Kaping kalih: Ampun ngantos putus asa saking rohmatipun Allah.
لَا تَقْنَطُوا مِن رَّحْمَةِ ٱللَّهِ
“Ojo podo putus asa siro kabih saking rohmate Allah” az-zumar ayat 53

Nomer tigo inggih meniko: Tansah nderekaken pitedah-pitedah lan planggeran-planggeran ingkang sampun dipun tetepaken agami. Sinten tiyange ingkang leres-leres netepi dalanipun Allah inggih agaminipun Allah badhe pikanthuk kabegjan lan kebahagiaan.
وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَالرَّسُولَ فَأُولَئِكَ مَعَ الَّذِينَ أَنْعَمَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ مِنَ النَّبِيِّينَ وَالصِّدِّيقِينَ وَالشُّهَدَاءِ وَالصَّالِحِينَ وَحَسُنَ أُولَئِكَ رَفِيقًا
“Lan sopo wonge kang taat marang Allah lan Utusane, wong-wong mau bakal bareng-bareng kelawan wong-wong kang dianugerahi nikmat dining Allah, yaiku: Nabi-nabi, poro shiddiiqiin, poro syuhada, lan wong-wong shalih. Lan saktemene wong-wong kasebut mau sak apik-apike konco (ono ing suwargo)” (QS. An-Nisa’: 69)    
 اَللهُ أَكْبَرْ، اَللهُ أَكْبَرْ،  اَللهُ أَكْبَرْ، لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ

Jamaah shalat Idul Adha Rahimakumullâh,

Ibadah sanes ingkang kita lampahi wonten ing wulan Dzul Hijjah, inggih meniko ibadah Qurban. Ibadah qurban saget dados sarana taqorrub nyaketaken diri dateng Allah, minangka bukti ketha’atan dateng Allah, kanti nglilakaken sak perangan hak milik kita, banda kita ingkang arupi hewan ternak menda utawi lembu lajeng kasembelih minangka qurban.

Kurban ugi saget dados bukti kepekaan sosial masyarakat ingkang mampu dumateng masyarakat ingkang lemah. Ibadah kurban saget nyadaraken kito bilih bondo dunyo ingkang kito gadahi sejatosipun mboten gadhahane kito, ananging namung titipanipun Gusti Allah. Ingkang ing lebete bondho wau wonten hak-hak ipun tiyang sanes.

Semanten ugi, ibadah qurban punika saget kinarya sarana mediasi nggalang dateng kemanunggalan umat, saha sarana nyaketaken antawis tiyang ingkang sugih, lebih luwih, lan ingkang miskin sarwa kekirangan, sahingga mboten wonten garis pemisah antawis kekalihipun.

Jamaah shalat Idul Adha hadâkumullâh,

Akhiripun mangga kita sami nyuwun dateng ngarsa Dalem Allah, mugi-mugi kita saget ngunduh buah lan hikmahipun Idul Adha, sahingga kita saget nggayuh kawilujengan, katentreman lan kanugrahan saha kebahagiaan, wusananipun manggih kabekjan lan pikantuk karidlan saking ngarsa dalem Allah swt. Amiin ya Robbal 'alamiin.
 بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم   

Khutbah kedua:

 اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


No comments:

Post a Comment