"Nabi: maulid (pengetan tanggal lahir)
Wali: khaul (pengetan tanggal sedo)
Kenopo?"
Wis rong dino iki srengenge ora katon cumlorot. Udan namung lungo sedelo-sedelo. Mendung podo nggantung ngulung-nggulung koyo-koyo ngebaki langit.
Kurang luwih tabuh telu sore Atun mulih soko berjanjenan ono ing musholla. Payung werno ijo sajak pantes lan ngepasi marang penganggone kang ugo sarwo ijo. Mlakune thimik-thimik sinambi tangan tengene nyekeli payung lan tangan kiwone nyincing rok supoyo ora keno cipratan banyu udan.
Parmin soko teras mesam-mesem nyawang bojone.
Atun: “Assalamu’alaikum”
Parmin: “Waalaikum salam. Untung bojoku ora patio brai. Coba umpamane awakmu pupuran, gincunan trus kudanan ngene iki opo ra terus mblobor? Dhak koyo badut? Hehehe"
Atun: "Niku namine njenengan ora pengalaman. Hari gini bedhak lan gincu nggih mpun tahan air to kang.! Njenegan ngertose wedhak bayi mawon, sih"
Parmin: "Hmm... Masalahe bojoku ra perlu wedhak wis koyo widodari"
Atun: "Ngendikane.....?! Ben ra kisinan nek ndesit. Hihihi"
Parmin: "Duit sewu diparfumi karo duit satus ewu kecipratan uyoh sapi mesti awakmu bakal milih satus ewu. Mbok o ndesit tapi kan berkualitas. Paling ora, kualitas sayange mbek awakmu sing katro tidak diragukan. Hahaha"
Atun banjur lungguh mepet bojone.
Atun: "Kang, badhe tanglet. Kinging nopo menawi kanjeng nabi ingkang dipun peringati dinten lahiripun tapi menawi poro wali kok dipun peringati sedanipun?"
Parmin: "Soale lahire kanjeng nabi kuwi nggowo berkah kanggo wong ngalam kabeh. Kanjeng nabi diutus Allah saperlu mulang lan nuduhke dalan kang apik kanggo poro menuso. Guru, kiroto bosone digugu lan ditiru. Yen pingin digugu yo kudu iso ditiru. Mulo songko kuwi kanjeng nabi selalu dibimbing gusti Allah lumantar malaikat Jibril. Kurang apik sithik wae, sing coro wong lumrah wis apik, tapi kanjeng nabi isih diilingake."
Atun: "Contone dos pundhi, kang"
Parmin: "Salah sijining dino, kanjeng Nabi lagi ketamon penggedhe-penggedhe Quraish. Lagi ngendikan serius, yoiku nembe njelasaken agomo Islam, ujug-ujug sohabat Abdullah bin Ummi Makhtum sowan kanjeng Nabi. Sahabat Ibnu Ummi Makhtum iki wutho, dadi ora ngerti menowo kanjeng Nabi nembe kagungan tamu. Soko njobo sahabat mau bengok-bengok : Hai Muhammad! Ajari aku babakan agomo!. Kanjeng nabi ora duko yo ora ngendikan opo-opo. Nanging panjenengane mlengos sithik. Jan-jane sahabat ibnu Ummi Mahktum yo ora weruh. Nanging ewo semono langsung turun ayat _Abasa watawalla_ sak teruse kang surasane kanjeng Nabi ora enthuk mlengosi sahabate. Padahal nek wong saiki, coba bayangke pejabat lagi rapat terus ono rakyate moro bengok-bengok koyo ngono?"
Atun: "Mboten diusir mawon mpun pol sae, kang"
Parmin: " Lha iku bedane menuso lumrah kelawan kanjeng nabi! Kawit lahir sampun dijamin tetep apik. Mulo pantes menowo sing diperingati kelahirane. Saiki yen menuso biasa piye? Kawit cilik apik, bareng wis tuwo duwe polah aneh-aneh sahinggo mati ora sido husnul khotimah, yo iso wae. Dadi...layak diperingati opo ora, kuwi biso jelas yen wis mati. Sahinggo nek jelas apik, mongko kaapikane bakal diiling-iling wong akeh kang ono sak mburine. Kuwilah kenopo nek seliyane nabi di khauli dino sedane"
Atun: "Kados criose kiyai Barseso ingkang puluhan tahun mboten nate duso nanging akhiripun mboten pantes di khauli, ngoten kang?. Mudheng kulo. Tapi nek kulo ulang tahun jane dipun ramekke ngoten... Kan kulo sejak lahir mpun ditaqdiraken dados bojone njenengan? Bojo setia ingkang tiada duanya...."
Mari muni ngono Atun banjur ngadhek mlebu ngomah ninggalke Parmin lungguh dewe ono ing teras plonga-plongo.
No comments:
Post a Comment