Wednesday, December 21, 2016

“Ngaji hadist Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun” (13)

Hadist ke 3 “Haji-wukuf"

Atun bola bali ruang tamu, kamar, dapur lan teras.
Parmin: “Goleki opo to, Tun? Kawit mau tak sawang kok koyo gangsingan”
Atun: “Pados jam tangan, kang. Njenengan sumerep?”
Parmin: “Ora Tun. Wit mau aku lungguh ning kene ora ngalih-ngalih. Wis.. leren dhisik. Mengko rak ketemu dewe. Wong awakmu yo ora metu2 soko omah mosok jam iso lungo dewe. Kene lungguh cedak aku kene”
Atun: "Tapi niku jam tangan paringane njenengan".
Parmin: "Lho jane aji wonge opo jame? Neruske sinau ngelmune wong kaji wae."
Atun: "Hehehe....Kang Parmin panci hebat damel kulo tenang"
Parmi: "Ono ing babakan kaji,  Gusti Allah dawuh -watazawwadu, fainna khoiruzzadit taqwa- podo sanguho siro kabeh, saktemene apik-apike sangu iki taqwa. Sing dimaksud taqwa ning kene selamet soko ngemis lan kelaparan serto selamet soko kebodohan ngibadah. Sing masalah sangu bondo awake dewe golek sak kuwate mbi mlaku. Tapi nek sangu pengetahuan tentang ibadah kaji yo iso dipersiapke wiwit saiki."
Atun: "Nggih kang."
Parmin: "Sakbakdane nganggo ihram tanggal 8 Dzul Hijjah jemaah di sunnahake nginep ning Mina malem tanggal 9. Isuke budal menyang Arofah saperlu nindaake wukuf. Wukuf kuwi amalan kaji kang lamun ditinggal, mongko ora sah kajine. Wukuf artine mandeg, arofah artine ngerti. Dadi, mulai Dhuhur jemaah dikongkon tenguk-tenguk ono Arafah, zikir lan istigfar sak akih-akihe, moco quran sak kuate. Angen-angen asal kedadiyan lan akhir uripe menuso. Suasana jemaah kang banget akihe ngumpul sak panggonan, podho mengaggo penganggo kang sarwo sederhana kudune biso nyadareke menuso yen dewekne iku ora ono apa-apane ono ngersaning Allah. Ugo mikir-mikir kepriye mengko yen di uripake meneh ono dino qiyamat lan digiring ono ing oro-oro mahsyar"
Atun: "Nabi Adam lan Ibu Hawa dipun panggihaken ugi wonten Arafah, nggih kang?"
Parmin: "Bener, Tun. Mulo soko kuwi menuso yo kudu ngerti lan nyukuri, namung sebab rahmate Allahlah, jenis makhluk sing aran menuso isih ono ing bumi iki. Lan sebab welase Allah,  kisah Cintane Adam lan Hawa ora berakhir sia-sia. Nanging berakhir indah dan bahagia"
Atun: "Alhamdulillah. Kulo mboten gadhah alasan mboten bersyukur, kang. Kisah cintane kulo kisah cinta ingkang mboten namung indah tapi ugi syar'i lan berlabel halal"
Parmin: "Maksude...?"
Atun: "Oo nggih! Imut kulo. Jam tangan kulo teng kamar mandi. Wau kulo centelke awor kudung!"
Parmin: "Maksude?"
Atun ngloyor ning kamar mandi ninggalke bojone kang lagi bingung mikirke "Cinta syar'i berlabel halal"

No comments:

Post a Comment