Hadits ke-3 "Sa'i"
Parmin markir vespa ono ing teras. Koyo biasane Atun langsung jenggirat metu mapak bojone.
Atun: "Mpun bakdo kang anggene nanjak banggal?" (nandur ketela pohon)
Parmin: "Wis, Tun. Mugo-mugo hasile koyo tahun iki nanging regane apik koyo tahun wingi"
Atun: "Amin!'
Rampung adus, daharan wis cemawis. Semur jengkol, iwak gereh lan sambel terasi tumoto ono ing mejo makan. Lalapan timun, pete bakar lan bedoyo (krai di godhog) ora ketinggalan.
Atun: "Monggo kang...."
Parmin lungguh ono kursi kang ngadep marang Atun, banjur nyekel tangan bojone, "Matur nuwun yo Tun."
Atun: "Nggih, sami sami. Kulo nggih semanten ugi"
Parmin: "Songko ambu sedepe, aku biso mbayangke koyo opo enake masakanmu. Sebab aku krungu olehmu manggaake koyo unine mbak Janis Joplin, have... have a piece of my heart, beibe"
Atun: "Monggo.. monggo dipun nikmati potongan jantung kulo, katrisnan kulo, gesang kulo sedoyo kagem njenengan. Ngoten a... kang maksude...?"
Parmin: "Wah awakmu pinter bahasa Inggris, kawit kapan, Tun?
Atun: "Njenengan ingkang lalinan. Jaman nganten anyar riyen, njenengan ngajak dansa, lagune niku trus njenengan mbisiki kulo artine. Terus terang mawon kulo lqngsung klepek-klepek".
Parmin: "Hehehe... Wis ayo mangan.
Atun: "Nggih kang. Sinaoso namung tiyang tani, nanging Alhamdulillah masalah panganan kito mboten nate kekirangan".
Parmin: "Masalah nyambut gawe karo rezeki kuwi jalure bedo, lho Tun. Rezeki kuwi wis dadi jatahe menusosoko gusti Allah. Sementara nyambut gawe minongko kewajibane menuso. Mulo ono wong kang kerjane ora kesel tapi hasile akeh. Sementara ono wong kerjane payah tapi ora ono hasile. Nalikane sayyidah Hajar garwane kanjeng nabi Ibrohim ditinggal ono ing Makkah kang ora ono apa-apane, ora ono banyu ora ono wit-witan ugo ora ono wonge, Sayyidah Hajar matur garwone: Njenengan ninggal kulo kalih putro njenengan ingkang taksih bayi wonten mriki ngeten iki kersane sinten? Njenengan kiyambak nopo kersane Allah?. Nabi Ibrohim ngendiko: Iki perintah soko Allah mulo aku ora biso mbantah. Sayyidah Hajar nuli matur, Menawi ngoten, gusti Allah mesti bakal nyekapi kawulo lan anak kawulo. Nggih mangestoaken dawuh. Sak pungkure Kanjeng Nabi Ibrohim ora let suwe, bayi Nabi Ismail mulai nangis keplongor. Sayyidah Hajar mbanjur gumregah golek banyu. Ono ing gunung Sofa katon ono banyu. Bareng ditiliki ternyata mung amun-amun. Soko gunung Sofa katon ono banyu ing gunung Marwa, Sayyidah Hajar marani karo mlayu. Bareng tekan Marwa ternyata yo mung amun-amun. Bareng noleh mburi, katon ono banyu ono ing Sofa. Sayyidah Hajar mlayu balik ono ing Sofa lan ternyata cuma amun-amun. Ngono kuwi nganti ambal ping pitu"
Atun: "Dados sai wonten ibadah haji meniko asal usulipun mekaten nggih, kang?"
Parmin: "Iyo bener. Mulo sai minongko pralambang kanggo menoso, sopo wonge kang kepingin oleh kamulyan yo kudu usaha. Lan nalikane usaha, kudu sing temenanan ora kok angger usaha. Senajan Allah wis njamin bakal nyukupi Sayyida Hajar nanging panjenengane ora banjur tenguk-tenguk nunggu rezeki tibo songko langit utowo metu soko lemah. Sayyidah Hajar tetep usaha golek banyu lan ulihe golek ora santai-santai nanging karo mlayu, tegese temenanan. Lan akhire Allah paring kanugrahan. Soko ngisor sukune Nabi Ismail nyumber sumberan kang nganti saiki tetep metu banyune, yoiku kang diarani sumur zam-zam."
Atun: "Dados ngantos sakniki kito dereng gadah momongan amergi panci dereng dipun paringi kalih gusti Allah, nggih kang? Mboten sebab kurang usaha?"
Parmin: "Hmmm Opo kurang olehku usaha piye Tun? Frequensi-ne ditambah nek ngono ya..... Seminggu ping piro!?!"
Atun: "Nyumanggaken menawi coro njenegan niku sae. Jamu setengah wulan pisan mawon larange ngoten kok".
Parmin: "Loh kok jamu? Tak kiro hohohiho?"
No comments:
Post a Comment