Hadist ke 3 "Sholat"
Gerimis kari sithik-sithik Parmin bali soko masjid krudungan sorban. Sementara Atun nunggu ono ning teras omah
Parmin: "Assalamualaikum"
Atun: "Waalaikum Salam. Mpun kulo damelke teh anget kaliyan rondo royal kang..."
Parmin: "Perawan wae aku moh, Tun. Opo meneh rondo. Aku wis duwe bojo kang _more than extra ordinary kok_ "
Atun intho-intho ra nglegewo njawab: "Rondo royal meniko nama lainne monyos, kang.. tape goreng"
Parmin: "Udan ora patio deres wae wong kok akeh sing podo ora lungo Jum'atan. Padahal sholat Jumatan ning Indonesia banget gampange lho. Jare kang Wakidi pas ning Paitpil Amerika deknen nek lungo Jumatan jarake soko panggonane adohe 40 kilo"
Atun: "Sholat niku penggawean ngibadah kangge tiyang Islam ingkang mboten saget dipun ditilar dalam keadaan menopo kemawon, nggih kang"
Parmin: "Bener banget. Kejobo wong wadon kang lagi _haidh_ utowo _nifas_ ,wong edan lan cah cilik. Senajan ono ing keadaan perang, isih wajib sholat. Lha kadhang lagi ketungkul penggawean sithik wae wong wis lali sholat"
Atun: "Nggih kang. Padahal teng pundi-pundi wonten musholla. Angger kantor lan tiap SPBU wonten mushollane. Eco lho dados tyang Indonesia. Lha menawi teng Amerika sepundi kang?"
Parmin: "Pengalamane kang Wakidi, nalikane ono ing bandara Los Angeles deweke karo kancane sholat dhuhur. Solate gantian ora jamaah soale ora sepakat masalah arah kiblat"
Atun: "Kok saget?"
Parmin: "Kang Wakidi karo kancane podo ora ngerti arah lor kidul. Takon wong yo podo wae ra ngerti. Kompas, ora duwe. Akhire ijtihad dewe-dewe lan hasile ora podho. Kang Wakidi sholat madhep ngalor, kancane madhep ngidul, menowo. Nah, kancane kang Wakidi iki yen sholat karo merem-merem terutama nalikane takbirotul ihram. Ono wong bule lanang wadon kang lungguh ora adoh soko kang Wakidi merhateake kancane kang Wakidi sing nembe sholat. Jare sing wedhok, _do you see that guy over there?_ sampean weruh wong lanang sing ning kono kuwi? Ambi ndudingi kancane kang Wakidi. Sing lanang njawab _what's the matter with him? Has he got sick?_ tapi wong loro mau mung ngomong lan nyawang thok. Nanging bareng ruku', sing lanang langsung nyedhaki kancane kang Wakidi, _are you okay, sir?! Should I get help?_ sampeyan apik-apik mawon?! Njenengan perlu bantuan?. Kang Wakidi banjur ngadhek trus njelasake ambek wong bule mau menowo koncone nembe sholat"
Atun: "Lucu tapi kulo dados mikir, kang. Kathah tyang kaparingan kesempatan lan kemudahan nanging podho sami mboten purun manfaataken"
Parmin: "Iki ono kesempatan ngibadah ganjarane gedhe, gampang pisan. Gelem, Tun?"
Atun: "Nopo kang?"
Parmin: "Pijeti aku, Tun"
Atun: "@#$!!??"
No comments:
Post a Comment