Tuesday, March 21, 2017

Ngaji hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun” (21)

Hadits ke 7 "Agomo kuwi Nasehat"

عن أبي تميم بن أوس الـداري رضي الله عنه أن النبي صلى الله عليه وسلم قال " الدين النصيحة قلنا لمن ؟ قال : لله ولرسوله وللأئمة المسلمين و عامتهم

Ning ruang tamu, Parmin lagi ngotak-atik Blackberry anyar paringane gus Mat, koncone jaman aliyah sekaligus guru spirituale. Senajan ora anyar gres nanging kondisine hp isih apik.

Atun: "Njenengan kok  ketingale serius sanget, kang?"
Parmin: "Ho-oh. Tak poto ya, Tun?"
Atun: "Walah, mboten ah. Isin kulo"
Parmin: "Ra popo lah. Gelem Ya..? ya..?"
Atun: "Mangke nek wonten rencange njenengan ingkang sumerep, sepundi?"
Parmin: "Pancene kenopo nek ono sing ngerti bojoku super ayu?"
Atun: "Kulo pingin, nek disenengi menuso, nggih namung njenengan kiyambak thok thil. No one else!"
Parmin: "Wih! So sweet..!"
Atun: "Hehehe.. Atun getu loh.."

Parmin durung sempat  njawabi bojone, ujug-ujug ono wong uluk salam "Assalamu alaikum...."

Parmin lan Atun njawab bebarengan, "Waalaikum salam warahmatullah"

Bareng mbukak lawang Parmin rodo kaget weruh wong lanang kang umure kiro-kiro telungpuluhan. Rambute gondrong nganggo kaos oblong putih, kopyah ireng kalungan tasbih Brengos lan jenggote dowo. Ngaggo sarung, sabukan gedhe wernane ijo,  koyo sabuke wong kaji. Sandale bakiak sing digawe soko kayu.

Parmin: "Mmm...  Monggo!"

Wong lanang mau takon karo mesem, "Leres niki daleme pak Ja'far Amin?"
Parmin: "Sekedap.... ! Iki Paidi?!  Wah sampeyan kok mandan rowo tenan, manglingi! Monggo-monggo.."
Paidi: "Hahaha....  Sehat, Min? Wis manak piro?"
Parmin: "Alhamdulillah.. Meh siji. Oh yo... Tun... Gawekke kopi. Iki kancaku mondhok, Fuaidi, tapi terkenale Paidi. Iki bojoku Di, Atun, Sholihatun"
Paidi: "Wilujeng, mbak"
Atun: "Pangestune, kang"

Dikancani kopi lan blanggem- telo goreng, Parmin karo Paidi ngobrol ngalor-ngidul nostalgia nyolong onthel pisang kiyaine, mlumpat pager pondok lungo nonton film lanyar tancep lan liya-liyane.

Paidi: "Oh iyo, Min, aku arep takon. Jaman ning pondok awakmu yen perkoro kitab kan luwih pinter tinimbang aku. Senajan nek gelut aku sing menangan. Hahaha..."
Parmin: "Hehehe yo, piye?"
Paidi: "Wingi ono wong takon penjelasane hadits kang isine ngene: Kanjeng Nabi dawuh: Agomo kuwi nasehat. Poro sahabat mbanjur takon, kagem sinten kanjeng rasul?, kanggo gusti Allah, kitabe Allah, utusane Allah, pimpinane ummat muslim lan kabeh rakyate.
Parmin: "Nasehat kuwi coro arti bahasane "murni". Tegese misahake perkoro kang apik soko perkoro kang ora apik. Contone wong kang meres madu. Hiyo iku murniake madu kanti misahake madu soko lilin.  Ono meneh artine nasehat songko arah boso yoiku "njahit". Wong kang njahit pakaian ora liyo perlune kejobo supoyo dadi apik lan kepenak dienggo. Mulo nasihat kuwi berarti karep ati kang tulus merhatikake kang dinasehati supoyo apik  Dadi nasehat kagem Allah yo murnikake Allah songko samubarang opo wae. Menungso kudu manggonake awake dewe ono ngersane Gusti Allah ing panggonan kang sak mestine. Iyo iku menungso minongko kawula lan Allah siji-sijine zat kang kudu disembah. Percoyo marang Allah kelawan ati kang sumeleh. Siap nglakoni opo kang diperintahake lan ngedohi kabeh awisane. Lan maksude nasihat kagem Kitabullah kuwi percoyo isine  lan ndadeake Al-Quran dadi pedoman urip. Nasihat kagem Rasulullah tegese nyonto perilaku lan anut dawuhipun Rasulullah. Sak teruse, nasehat kanggo pemimpin kuwi maknane patuh marang pimpinan menowo isih ora metu soko tatanan. Yen pemimpin kok ora pantes di anut yo dikandani menowo kuwoso. Yen ora biso ngandani yo di dongakno. Kang terakhir nasehat kanggo rakyat. Menowo deweke pejabat kudu welas lan adil kelawan rakyate. Menowo podho-podho  rakyate yo tulung tinulung sarto saling wasiat kelawan sabar lan ora metu soko keapikan"

Paidi: "Cocok! Siji meneh... Supoyo ati ayem lan ora atos piye, Min?"
Parmin nuli nyanyi, " Tombo Ati iku limo ing wernane, Kaping pisan moco Qur'an angen-angen sak maknane, Kaping pindo sholat wengi lakonono, Kaping telu wong kang sholeh kumpulono, Kaping papat kudu weteng ingkang luwe, Kaping limo dzikir wengi ingkang suwe"

Paidi: "Nek kumpul wong soleh tapi wis sedo piye, Min?"

Soko ruang tengah Atun ngomong banter,  "Yo ora penak nek mati!. Dhak ora iso ngremes-ngremes. Ra sido ehm.. ehm.... yen ngunu...!"

Paidi: "Opo, Min?
Parmin: " Mbuh.....! Opo Tun?"
Atun: "Niki lho kang, iklan alat pijet elektric teng tivi. Nek baterene telas dhak mboten saget mijet kan..?!"

Paidi  : "Oh..... Tak kiro opo Hahahahaha..."
Parmin : "Hehehehehe....."

Friday, March 10, 2017

“Ngaji hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun” (20)

Hadits ke 6  bagian ke-2 "Apik Alane Wong Tergantung Atine"

 أَلاَ وَإِنَّ فِي الْجَسَدِ   مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ  أَلاَ وَهِيَ الْقَلْبُ --- رواه البخاري ومسلم 

Mongso rendeng sajak luwih dowo tinimbang biasane. Wulan Maret kang adate wis rodo marit udan, tahun iki durung ono tondo-tondo mongso ketigo arep enggal teko.  

Kurang luwih tabuh loro Atun nglilir amergo kaget krungu suarane angin  lan gludhug  kang banget bantere. Noleh menengen, bojone katon angler, ora rumongso keganggu karo langit kang koyo-koyo lagi pamer kesaktiane. Atun noto selimute Parmin, banjur mesem nyawang  bojone kang turu koyo bocah cilik. Nong njero ati, Atun ngomong, "Kok umpamane Gusti Allah gawe langit runtuh saiki, angin dikersaake biso maburake gunung-gunung lan ngrataake bumi, aku ora bakal protes. Gusti Allah wis paring aku kanugrahan kang tanpo upami. Yo iku biso nyawang panjenengan kados mekaten. Nek jare nyanyiane Omm Kultsum: mbarke wae aku ono ing sandingmu, panggonke aku ning njero atimu, yen menowo iki mung ngimpi, yo wis ora opo-opo. Benlah aku ngimpi selawase. Alhdulillah...!" 

Mari ngono Atun banjur tangi, moro kulah, wudhu lan solat dalu. Kurang luwih setengah jam, Parmin ugo tangi. Weruh bojone lagi wiridan, deweke tumuli ning kulah, wudhu lan sholat dalu.

Parmin: "Assalamu alaikum".
Atun: "Waalaikum salam. Kathah kang ingkang jamaah shubuh?"
Parmin: "Iseh ono telung shof. Lumayanlah wong udan koyo ngene kok!"
Atun: "Kang...."
Parmin: "Opo, Tun?"
Atun: "Kulo pingin masak daging sapi. Tulung njenengan tumbaske bagian ingkang paling sae sangking sapi setengah kilo, kaliyan bagian ingkang paling awon setengah kilo".
Parmin: " Insya Allah"

Ora luwih seko sejam, Parmin wis bali ulihe lungo pasar.

Parmin: "Iki lho Tun, pesenanmu wis tak tukokno".

Bareng dibuka bungkusan blonjone, Atun kaget, " Lho kang... Kok sami? 
Bagian paling sae kalian bagian paling awon kok sami-sami ati kalian ilat?"
Parmin: "Yo pancen koyo kuwi Tun. Kanjeng nabi Muhammad dawuh kang surasane koyo ngene: Ngertiyo yen sak jerone awak iki ono sekempel daging. Lamun daging mau apik mongko kabeh sak awak dadi apik. Lan lamun daging mau elek, mongko kabeh sak awak dadi elek. Ngertiyo sak temene daging mau iku ati . Mulo soko kuwi ati iso dadi bagian sing paling apik ugo biso dadi bagian sigg palong olo. Lha ilat kuwi bakal landep migunani asal atine apik. Sewalike bakal landep natoni yen atine elek"
Atun: "Lajeng wonten tiyang ingkang atine dicangkok niku dospundi kang?"
Parmin: "Hahaha... Ngene lho Tun, songko arah bahasa......  qolb artine jantung, coro Inggrise heart  Bahasa Arabe ati kang physically kuwi kabidun. Lha... qolb ning hadits mau dudu ati secara fisik,  ananging ati kang ora ono wujude kang biso ditengeri kelawan indrane menuso. Ono kalane diarani kalbu utowo manah. Hiyo kuwi suwijine latifah/titik sensor/dimensi ketuhanan kang ora duwe bentuk fisik. Paham"
Atun: "Kadose paham."
Parmin: "Kok kadose? Masalah ati,  menungso pancen diparingi dining gusti Allah pengetahuan kang banget sitike . Sing jelas, atine menungso iku  menowo diumpamake banyu, iso koyo segoro lan iso koyo banyu ning baskom. Nek banyu segoro iso nampung opo wae. Apik elek ora berpengaruh. Semono ugo atine menuso yen koyo segoro. Ono masalah opo wae biso tenang. Gampang ngapuro wong kang duwe kesalahan, ora tersinggungan, lan ora kagetan. Bedo yen atine cilik koyo banyu ning baskom. Ono masalah mung sepele, wis gonjang ganjing koyo meh kiamat. Mengko dhisik......., aku arep takon. Kenopo awakmu kok njaluk di tukokno bagian sapi sing paling apik sekaligus sing paling elek?"
Atun: "Oh.. Jane niku namung pralambang mawon. Kulo nampi njenengan komplit. Mulai ingkang awon ngantos ingkang sae. Totalitas nampi panduman saking Allah"
Parmin: "Opo ora pasemon yen menungso kuwi duwe sisi apik lan sisi olo?"
Atun: "Ngoten nggih saget".
Parmin: " Opo jane awakmu arep ngomong yen asline aku iki ora gantheng tapi awakmu wis kadung seneng dadi yo dianggep apik wae, ngono?"
Atun: "Ngoten nggih saget".
Parmin: "Opo awakmu rumongso ora pati ayu nanging piye wae ono bagian liyo kang luwih apik tinimbang rupo?'
Atun: "Ngoten nggih saget".
Parmin: "Kok? Opo piye?
Atun: "Ngoten nggih saget".
Parmin: " Ha? Maksudmu?'
Atun: "Ngoten nggih saget".

Atun cepet-cepet ninggal Parmin tumuju pawon. Parmin nututi soko mburi tumuli nyikep bojone. Kanti lirih Parmin muni, "I love you.."

Monday, March 6, 2017

“Ngaji hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun” (19)

Hadist ke-6 "Halal Lan Haram"

عَنْ أَبِي عَبْدِ اللهِ النُّعْمَانِ بْنِ بَشِيْرٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا قَالَ سَمِعْتُ رَسُوْلَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُوْلُ : إِنَّ الْحَلاَلَ بَيِّنٌ وَإِنَّ الْحَرَامَ بَيِّنٌ وَبَيْنَهُمَا أُمُوْرٌ مُشْتَبِهَاتٌ لاَ يَعْلَمُهُنَّ كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ، فَمَنِ اتَّقَى  الشُّبُهَاتِ فَقَدْ اسْتَبْرَأَ لِدِيْنِهِ وَعِرْضِهِ، وَمَنْ وَقَعَ فِي الشُّبُهَاتِ وَقَعَ فِي الْحَرَامِ، كَالرَّاعِي يَرْعىَ حَوْلَ الْحِمَى يُوْشِكُ أَنْ يَرْتَعَ فِيْهِ، أَلاَ وَإِنَّ  لِكُلِّ مَلِكٍ حِمًى أَلاَ وَإِنَّ حِمَى اللهِ مَحَارِمُهُ 
أَلاَ وَإِنَّ فِي الْجَسَدِ   مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ  أَلاَ وَهِيَ الْقَلْبُ
[رواه البخاري ومسلم]

Dino Seloso Parmin lungo ning pasar kewan saperlu tuku wedhus kanggo persiapan akikah mengko yen anake lahir. Tekan pasar, Parmin ketemu Paijan, koncone sekolah waktu SD.
Parmin: "Paijan...?"
Paijan: "Parmin..... Piye kabare? Golek opo? Sapi po wedhus?"
Parmin: "Alhamdulillah apik. Arep golek wedhus, Jan."
Paijan: "Iki lho Min, wedhusku tuku! Ijeh limo. Tulung ya... Wit isuk rung ono sing payu. Sing paling gedhe regone Sejuta telungatus. Sing rodo cilik, wolung atus ewu. Sing cemek 3  kuwi nem atusan. Nek mbok tuku kabeh tak sudo regane mengko. "
Parmin: "Aku iki lagi teko... Ngko disiklah.... Tak delok-delok liyane".
Paijan: "Ngene wae, Min... Awakmu ngewangi aku ngedol wedus-wedus iki"
Parmin: "Yo! Kene sing loro tak gawane".
Paijan: "Maksudku ngene lho, Min. Awakmu dadi banjet-ku. Dadi yen pas aku nawakke wedhus karo wong.. cedhakono wong sing arep tuku mau. Bisiki wonge supoyo gelem tuku. Yo ngarang-ngarang sitik ngunu supoyo wonge terpengaruh"
Parmin: "Wah... Moh aku yen carane koyo ngono. Nipu jenenge!"
Paijan: "Nipu sitik-sitik ra popo lah, Min".
Paijan: " Sithik akeh sing jenenge nipu, yo tetep ae nipu. Kanjeng Nabi nate ngendikan Sak temene perkoro kang halal kuwi jelas. Lan perkoro kang haram ugo jelas. Ing dalem antarane halal lan haram ono perkoro kang samar-samar (syubhat) kang akeh wong podo ora ngerti. Sopo wonge  wedi marang perkoro syubhat mongko wong mau wis nyelametake agomo lan kehormatane".
Paijan: "Lha enake trus piye, Min?"
Parmin: "Gowo rene wedhusmu tak dolke. Aku wenehi hak adol wedhusmu. Wakilno ning aku!"
Paijan: "Yo. Tapi ojo mbok dol kurang soko rego sing tak sebutke mau ya".
Parmin: "Tak trimo. Iki sing papat tak gowone sing gedhe nomer loro iki cekelen dishik."

Kiro-kiro sejam Parmin bali nemoni Paijan meneh tanpo nggowo wedhus karo ngguya-nguyu.

Paijan: "Piye, Min?"
Parmin: "Alhamdulillah... Sing paling gedhe payu se juta limang atus ewu. Sing cilik-cilik loro payu wolung atusan sing cemek sijine payu 850. Iki duite..."
Paijan: "Wah... Hebat awakmu, Min. Berarti bagianmu 850 ewu iki. Duit bagianmu kanggo tuku wedhus sing iki, ya?"
Parmin: "Iyo!. Nek aku mbok wenehi bagian 850, berarti isih turah 50 ewu yo?"
Paijan: "Iyo... Monggo! Iki duitmu lan wedhusmu. Matur nuwun"
Parmin: "Aku yo matur nuwun. Arep tuku wedhus malah entuk wedhus gratisan. Hahaha.. Sing seket ewu nggo sarapan wae yuk.... Warung ndi sing enak? Nek kurang mengko tak tambahi "
Paijan: "Ning cedhak musholla kono ono swike kodok. Enak!"
Parmin: "Walah, kodok ki senajan ono sing ngarani halal tapi coro mazhabe imam Syafi'i haram dipangan. Berarti yo halale syubhat. Syubhat kuwi ono kalane pancen barange, koyo kodok kang isih dadi persualayan poro ulama masalah hukume, lan ono kalane syubhat sebab ulihe entuk barang nganggo coro kang remeng-remeng hal harame. Liyane wae ah!"

Akhire Parmin lan Paijan sarapan sego gandhul. Mari sarapan, Parmin langsung mulih.  Tekan omah wis ditunggu karo bojone.

Atun: "Angsal mendo regi pinten kang?"
Parmin: "Nol rupiah, Tun"
Atun: "Kok saget, kang?"

Parmin banjur nyritakke kejadian ning pasar mau.

Atun: "Remeng-remeng niku berarti syubhat nggih kang?"
Parmin: "Yo, Tun. Syubhat coro jowone remeng-remeng. Ora cetho"
Atun: "Hihihi... Tapi nek lampune ingkang remang-remang niku langkung asyik lho kang... Lebih romantis getu loh..."
Parmin: ""#%&@!??"

Sunday, February 12, 2017

“Ngaji hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun” (18)

Hadist ke 5 "Bid'ah"

Amergo kulino, senajan wis diwanti-wanti karo bojone supoyo ora ngangkat abot-abot, Atun kelalen. Ember kang isine kebak banyu arep dijunjung saperlu mbilasi kumbahan. Parmin kang wit mau nunggoni bojone umbah-umbah, langsung mbengok, "Mandeg, Tun! Ben aku wae sing njunjung embere!"
Atun: "Nggih kang.. Ngapuntene, supe"
Parmin: "Sesuk meneh diiling-iling. Piye kandane bu bidan? Selama kehamilan dilarang mengangkat beban berat."
Atun: "Nggih kang..."
Parmin: "Terus terang..., Kebahagiaan sing tak rasakno sedurunge ketemu awakmu kuwi ora liyo mung amun-amun --fatamorgana, ora nyoto. Urip sing sak benere yo sing tak lakoni bareng awakmu , Tun. Dadi nek ono wong takon kapan aku lahir, mongko jawabe tanggal pernikahan awake dewe kuwilah tanggal kelahiranku. Mulo yen awakmu nganti mringis gedhene nangis, dudu awakmu dewe kang ngrasakno tapi bojomu luwih dene loro".
Pipine Atun kang putih maleh dadi njambon amergo atine bombong ambi gombalane bojone.
 
Sinambi njerengi kumbahan, Atun takon marang Parmin, "Kang, bid'ah niku nopo?"
Parmin: "Bid'ah kuwi, nglakoni perkoro anyar kang ora pernah ditindhaake Kanjeng Nabi. Kenopo kok ujug-ujug takon bid'ah?"
Atun: "Wingi pas blonjo, kulo kepanggih mbak Sri ingkang jilbabe panjang niku lho kang. Kulo dipun sanjangi nek tahlilan, berjanjenan, muludan lan tingkepan niku bid'ah. Menawi bid'ah niku mboten angsal ganjaran malah duso."
Parmin: "Ono ing Hadist Arbain Nawawi kang nomer limo, diriwayatake menowo kanjeng Nabi nate dawuh sing surasane koyo ngene: sopo wonge kang nglakoni penggawean kang ora ono dasar perintah agomo, mongko ngamal penggawean mau ora diterimo. Ananging ulama duweni pendapat dewe-dewe masalah bid'ah iki. Miturut Imam Ibnu Arabi bidah asal ora bertentangan kelawan syariat ora masalah. Nanging yen bid'ah kang nulayani dalil Quran lan hadits mongko kuwi sasar utowo dholalah. Dene imam Nawawi, panjenengane mbagi bid'ah dadi limang perangan. Suwijine Wajib, koyo mbangun sarana transportasi, kapindo sunnah koyo nglafalake niyat nalikane sholat. Nomer telu mubah koyo nganggo sarung utowo kaos. Kaping pat makruh koyo maesi masjid. Lan terakhir haram koyo ngalalake daging babi senajan babi mau wis aman lan resik soko bakteri lan penyakit".
Atun: "Menawi ganjarane tahlilan niku dugi dumateng arwah ingkang dipun kintuni nopo mboten, kang?"
Parmin: "Tahlilan kuwi sing diwoco opo? Kan yo kalimah tahlil, tahmid, tasbih, takbir ayat-ayat quran sholawat, lan liya-liyane kang ora ono sing karangan dewe. Dawuhe kanjeng nabi, tasbih, tahmid, tahlil lan takbir kuwi minongko sodaqoh. Nek miturut imam Syafi'i ganjaran sodaqoh kuwi asal diniati lan ditujukake jelas kanggo sopo, Insya Allah tutuk. Pancen yen duso ora iso ditanggung karo wong liyo, nanging nek ganjaran kan bedo maneh. Contone ono wong duwe anak 5. Terus wong iki ketangkep korupsi. Bareng diputus karo pengadilan penjara 5 tahun, anak-anake banjur maju trus ngomong nek ukumane bapake arep diwakili anal limo mau gentenan saben wong siji setahun. Opo kiro-kiro ditrimo? Dhak yo ra kan? Duso ora bisa dilimphake. Bedo nek wong mau duwe utang limang juta lan jatuh tempo. Trus debt collector moro arep nyita jaminane kang rupo sepeda motor misale. Anak-anake kang limo mau ngomong karo debt collector ampun disita pak... Kito urunan saben tiyang setunggal jutanan kangge mbayar utange bapak, monggo. Mesti wae bakal ditrimo. Semono ugo ganjaran. Iso dihadiahno"
Atun: "Ooo... Dados mboten sedoyo bid'ah meniko awon, nggih kang?".
Parmin: "Iyo ngono coro aku"
Atun: "Berarti menawi ngoten njenengan niku ahsanul bid'ah -- sak sae-saene bid'ah."
Parmin: "Kok iso?"
Atun: "Tiyang ingkang rupinipun kados njenengan meniko mboten wonten zamane Rasulullah."
Parmin: "Hahaha iso-iso wae, awakmu, Tun!!"

Wednesday, February 8, 2017

Ngaji hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun (17)

Hadist ke 4 “Proses perkembangan Janin ono ing rahim"


عَنْ أَبِي عَبْدِ الرَّحْمَنِ عَبْدِ اللهِ بنِ مَسْعُوْدٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ : حَدَّثَنَا رَسُوْلُ اللهِ صلى الله عليه وسلم وَهُوَ الصَّادِقُ الْمَصْدُوْقُ : إِنَّ أَحَدَكُمْ يُجْمَعُ خَلْقُهُ فِي بَطْنِ أُمِّهِ أَرْبَعِيْنَ يَوْماً نُطْفَةً، ثُمَّ يَكُوْنُ عَلَقَةً مِثْلَ   ذَلِكَ، ثُمَّ يَكُوْنُ مُضْغَةً مِثْلَ ذَلِكَ، ثُمَّ يُرْسَلُ إِلَيْهِ الْمَلَكُ فَيَنْفُخُ فِيْهِ الرُّوْحَ، وَيُؤْمَرُ بِأَرْبَعِ كَلِمَاتٍ: بِكَتْبِ رِزْقِهِ وَأَجَلِهِ وَعَمَلِهِ وَشَقِيٌّ      أَوْ سَعِيْدٌ.    فَوَ اللهِ الَّذِي لاَ إِلَهَ غَيْرُهُ إِنَّ أَحَدَكُمْ لَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ الْجَنَّةِ حَتَّى مَا يَكُوْنُ بَيْنَهُ وَبَيْنَهَا إِلاَّ ذِرَاعٌ فَيَسْبِقُ عَلَيْهِ الْكِتَابُ فَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ النَّارِ فَيَدْخُلُهَا، وَإِنَّ أَحَدَكُمْ لَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ النَّارِ حَتَّى مَا يَكُوْنُ بَيْنَهُ وَبَيْنَهَا إِلاَّ ذِرَاعٌ فَيَسْبِقُ عَلَيْهِ الْكِتَابُ فَيَعْمَلُ بِعَمَلِ أَهْلِ  الْجَنَّةِ فَيَدْخُلُهَا                       
[رواه البخاري ومسلم]

Wis seminggu iki tiap isuk Atun muntah-muntah.

Parmin: "Kenopo Tun, masuk angin meneh? Ayo dho priksan ning bidan wae"

Atun: "Nyumanggaaken kang. Kadose kok mboten masuk angin niki. Biasane akhir wulan prei niki mpun telat sedoso dinten."

Parmin cepet-cepet nyiapake mobil brondol. Kiro-kiro rong puluh menit, wis tekan PKD (Poliklinik Kesehatan Desa).

Rampung mrikso Atun, bu bidan mesem marang Parmin lan Atun, "Selamat mas..., Mbak.... Insya Allah njenengan badhe kagungan momongan. Perkiraaan kulo, umur kehamilane niki, sampun masuk empat minggu"

Parmin, "Leres, bu? alhamdulillah!"

Parmin spontan sujud syukur ono ing ruang prakteke bu bidan. Atun banget bungahe nganti nangis.

Rampung mangan dalu, Atun ngomong maring bojone, "Kang, anake dewe niki kinten-kinten mpun kados pundi nggih?"

Parmin: "Ngendikane kanjeng Nabi ono ing hadits no 4 soko hadits Arbain Nawawi dijelasake yen proses kedadiyane menuso ono ing rahim ibu iku ono tahapan-tahapane. 40 dino pertama isih rupo nutfah tegese proses pembuahan antarane mani lan sel telur. 40 dino sakteruse wis mulai ono plasenta lan janin wis mulai mbentuk tapi isih rupo sekempel getih kang diarani alaqoh. Sakteruse.. 40 dino meneh mulai dadi daging lan ono rupane, nanging durung sempurno. Rupo iki diarani mudghoh. Nah nek wis genep 120 dino yo iku 4 wulan Allah nuli ngutus malaikat nyebulake ruh, lan janin ditetepake rizkine, umure, ngamale lan bakale termasuk ahli suwargo opo neroko"

Atun: "Menawi ngoten mangke dipun dongaaken sekaligus dipun sodaqohi kanti ngundang tonggo tepalih pas 4 wulan, kang?"

Parmin: "Ndungo ki yo sewayah-wayah to, Tun. Semono ugo sodaqoh. Tapi, yen pingin ulihe selametan dipaske patang sasi utowo pitu yo ora opo-opo. Loro-lorone papat karo pitu yo apik".

Atun: " Menawi papat niku kan nepaki manjinge ruh wonten jabang bayi. Menawi pitu, kang?"

Parmin: "Sing dimaksud pitu babakan mitoni coro wong Njowo kuwi yen si ponang jabang bayi ono ing kandutan ibune wis menangi pitung purnomo. Tegese pitung tanggal 14. Dadi menowo ono ibu hamil mulai tanggak 1 lan ibu liyo tanggal 10 wulan rajab misale, mulo yo ora ono bedane. Tutuk pitune bareng yoiku sasi suro"

Atun: "Kok ngaten, kang?"

Parmin: "Sabar... Urung tutug olehku njelaske. Coro Imam Syafi'I, lan ternyata bener secara medis, minimal kehamilan sing sampurno, tegese biso selamet nalikane lahir kuwi 6 wulan. Mulo cocok petungane wong Jowo babakan mitoni. Mitoni kuwi yen janin wis genep 6 wulan 7 mlaku, dudu genep 7 wulan. Yo iku mau, wis pitung purnomo. Nah.. Berari mitoni iku nepaki hari jadi utowo kesampurnan. Yen mapati nepaki manjinge ruh ono ing janin. Mulo coro aku pas petang wulan yo dibancaki 7 wulan yo dibancaki. Salah sijine utowo loro-lorone sing sederhana"

Atun: "Oo ngaten to, kang. Tapi wonten setunggal malih.. Trimester (tigang wulan) pertama niki njenengan kedah poso lho..Soale nek mboten ngati-ngati rawan ambrol"

Parmin: "Lho hubungane opo aku poso karo ngati-ngati kehamilan? Aneh awakmu iki!"

Atun: "Maksude kulo, njenegan poso hohohiho ...."

Parmin: "?#!$%&*@"

Atun: "Idih... njenengan kok terus lemes ngoten... Nek mboten kerso poso nggih.... Kepiye carane aman lah..."



Parmin: J J J

Saturday, December 31, 2016

Ngaji hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun” (16)

Hadits ke-3 "Sa'i"

Parmin markir vespa ono ing teras. Koyo biasane Atun langsung jenggirat metu mapak bojone.
Atun: "Mpun bakdo kang anggene nanjak banggal?" (nandur  ketela pohon)
Parmin: "Wis, Tun. Mugo-mugo hasile koyo tahun iki nanging regane apik koyo tahun wingi"
Atun: "Amin!'
Rampung adus, daharan wis cemawis. Semur jengkol, iwak gereh lan sambel terasi tumoto ono ing mejo makan. Lalapan timun, pete bakar lan bedoyo (krai di godhog) ora ketinggalan.
Atun: "Monggo kang...."
Parmin lungguh ono kursi kang ngadep marang Atun, banjur nyekel tangan bojone, "Matur nuwun yo Tun."
Atun: "Nggih, sami sami. Kulo nggih semanten ugi"
Parmin: "Songko ambu sedepe, aku biso mbayangke koyo opo enake masakanmu. Sebab aku krungu olehmu manggaake koyo unine mbak Janis Joplin, have... have a piece of my heart, beibe"
Atun: "Monggo.. monggo dipun nikmati potongan jantung kulo, katrisnan kulo, gesang kulo sedoyo kagem njenengan. Ngoten a... kang maksude...?"
Parmin: "Wah awakmu pinter bahasa Inggris, kawit kapan, Tun?
Atun: "Njenengan ingkang lalinan. Jaman nganten anyar riyen, njenengan ngajak dansa, lagune niku trus njenengan mbisiki kulo artine. Terus terang mawon  kulo lqngsung klepek-klepek".
Parmin: "Hehehe... Wis ayo mangan.
Atun: "Nggih kang. Sinaoso namung tiyang tani, nanging Alhamdulillah masalah panganan kito mboten nate kekirangan".
Parmin: "Masalah nyambut gawe karo rezeki kuwi jalure bedo, lho Tun. Rezeki kuwi wis dadi jatahe menusosoko gusti Allah. Sementara nyambut gawe minongko kewajibane menuso. Mulo ono wong kang kerjane ora kesel tapi hasile akeh. Sementara ono wong kerjane payah tapi ora ono hasile. Nalikane sayyidah Hajar garwane kanjeng nabi Ibrohim ditinggal ono ing Makkah kang ora ono apa-apane, ora ono banyu ora ono wit-witan ugo ora ono wonge, Sayyidah Hajar matur garwone: Njenengan ninggal kulo kalih putro njenengan ingkang taksih bayi wonten mriki ngeten iki kersane sinten? Njenengan kiyambak nopo kersane Allah?. Nabi Ibrohim ngendiko: Iki perintah soko Allah mulo aku ora biso mbantah. Sayyidah Hajar nuli matur, Menawi ngoten, gusti Allah mesti bakal nyekapi kawulo lan anak kawulo. Nggih mangestoaken dawuh. Sak pungkure Kanjeng Nabi Ibrohim ora let suwe, bayi Nabi Ismail mulai nangis keplongor.  Sayyidah Hajar mbanjur gumregah golek banyu. Ono ing gunung Sofa katon ono banyu. Bareng ditiliki ternyata mung amun-amun. Soko gunung Sofa katon ono banyu ing gunung Marwa, Sayyidah Hajar marani karo mlayu. Bareng tekan Marwa ternyata yo mung amun-amun. Bareng noleh mburi, katon ono banyu ono ing Sofa. Sayyidah Hajar mlayu balik ono ing Sofa lan ternyata cuma amun-amun. Ngono kuwi nganti ambal ping pitu"
Atun: "Dados sai wonten ibadah haji meniko asal usulipun mekaten nggih, kang?"
Parmin: "Iyo bener. Mulo sai minongko pralambang kanggo menoso, sopo wonge kang kepingin oleh kamulyan yo kudu usaha. Lan nalikane usaha, kudu sing temenanan ora kok angger usaha. Senajan Allah wis njamin bakal nyukupi Sayyida Hajar nanging panjenengane ora banjur tenguk-tenguk nunggu rezeki tibo songko langit utowo metu soko lemah. Sayyidah Hajar tetep usaha golek banyu lan ulihe golek ora santai-santai nanging karo mlayu, tegese temenanan. Lan akhire Allah paring kanugrahan. Soko ngisor sukune Nabi Ismail nyumber sumberan kang nganti saiki tetep metu banyune, yoiku kang diarani sumur zam-zam."
Atun: "Dados ngantos sakniki kito dereng gadah momongan amergi panci dereng dipun paringi kalih gusti Allah, nggih kang? Mboten sebab kurang usaha?"
Parmin: "Hmmm Opo kurang olehku usaha piye Tun? Frequensi-ne ditambah nek ngono ya..... Seminggu ping piro!?!"
Atun: "Nyumanggaken menawi coro njenegan niku sae. Jamu setengah wulan pisan mawon larange ngoten kok".
Parmin: "Loh kok jamu? Tak kiro hohohiho?"

Thursday, December 29, 2016

Ngaji hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun” (15)

Hadist ke 3 “Haji-Tawaf

Parmin: "Ono telung amalan ibadah haji sing kudu rampung dilakoni lagi iso diarani tahallul tsani. Yoiku jumrah aqobah, tawaf ifadah lan sa'i serto nyukur rambut. Dadi yen wis mari jumrah aqabah lan motong rambut tanggal sepuluh Dzul Hijjah, biso langsung menyang Mekkah saperlu tawaf ifadah lan sa'i. Nanging yen ora memungkinkan yo tawafe mengko sak bakdane mabit ono ing Mina. Mabit utowo nginep ning Mina iso rong wengi kang diarani nafar awal iso ugo telung wengi kang iku diarani nafar tsani"

Atun: "Selama wonten Mina lahnopo mawon, kang?"

Parmin: "Selain mabit yo balang Jumrah. Nek pas tanggal 10 mung jumrah Aqabah, nanging selama mabit, mbalang telung nggon. Yoiku jumrah ula, wustho lan aqobah. Yen wis bubar anggone mabit, mongko nuli bali Makkah saperlu thowaf ifadhoh lan sa’i menawa durung nglakoni"

Atun: "Tawaf meniko mengku filosofi nopo, to?"

Parmin: "Koyo sing tak kondho, iku ngamal ta'abbudi. Ananging yen menuso gelem angen-angen, gelem zdikir kekuasaane Allah, tawaf kuwi ngubengi ka'bah. Pergerakan mubeng kang podho karo pergerakane planet-planet. Planet, lintang lan kabeh benda langit podo tunduk kelawan ketetapan Allah tanpa ono siji-sijio sing mbantah. Coba dipikir.... Menowo bumi kang kito enggoni iki kang dahsyate koyo ngene, lintang-lintang kang akehe koyo ngono podo manut lan wedi marang gusti Allah, kok iso wani-wanine menuso kang ringkih tanpa doyo podo duroko marang pengerane. Kanti tawaf kito diajak biso tunduk marang Allah kanti total. Nah ikilah kang diarani Islam. Islam artine totalitas tunduk lan pasrah marang Allah"

Atun: "Kulo nggih pasrah kaliyan kersane Allah lho kang. Kulo dipun paringi jodho njenengan, manut mawon. Kulo tampi kanti syukur"

Parmin: "Tenane, Tun?"

Atun: "Njenengan taksih betah bukti?

Parmin: "Contone?"

Atun: "Tiap dalu njenengan ngersakke, nanging kulo mboten nate mbantah nggih mboten nate ngresulo"

Parmin: "Kok iso angger bengi, Tun? Seminggu yo mung  ping telu kadang malah mung ping pindho ngunu kok..."


Atun: "Eee... Lha dalah! Maksude kulo njenenngan nyuwun pijet!!! Sinaoso pijet elek-elek tapi kan tiap dalu....?!"