Monday, March 6, 2017

“Ngaji hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun” (19)

Hadist ke-6 "Halal Lan Haram"

عَنْ أَبِي عَبْدِ اللهِ النُّعْمَانِ بْنِ بَشِيْرٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا قَالَ سَمِعْتُ رَسُوْلَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُوْلُ : إِنَّ الْحَلاَلَ بَيِّنٌ وَإِنَّ الْحَرَامَ بَيِّنٌ وَبَيْنَهُمَا أُمُوْرٌ مُشْتَبِهَاتٌ لاَ يَعْلَمُهُنَّ كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ، فَمَنِ اتَّقَى  الشُّبُهَاتِ فَقَدْ اسْتَبْرَأَ لِدِيْنِهِ وَعِرْضِهِ، وَمَنْ وَقَعَ فِي الشُّبُهَاتِ وَقَعَ فِي الْحَرَامِ، كَالرَّاعِي يَرْعىَ حَوْلَ الْحِمَى يُوْشِكُ أَنْ يَرْتَعَ فِيْهِ، أَلاَ وَإِنَّ  لِكُلِّ مَلِكٍ حِمًى أَلاَ وَإِنَّ حِمَى اللهِ مَحَارِمُهُ 
أَلاَ وَإِنَّ فِي الْجَسَدِ   مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ  أَلاَ وَهِيَ الْقَلْبُ
[رواه البخاري ومسلم]

Dino Seloso Parmin lungo ning pasar kewan saperlu tuku wedhus kanggo persiapan akikah mengko yen anake lahir. Tekan pasar, Parmin ketemu Paijan, koncone sekolah waktu SD.
Parmin: "Paijan...?"
Paijan: "Parmin..... Piye kabare? Golek opo? Sapi po wedhus?"
Parmin: "Alhamdulillah apik. Arep golek wedhus, Jan."
Paijan: "Iki lho Min, wedhusku tuku! Ijeh limo. Tulung ya... Wit isuk rung ono sing payu. Sing paling gedhe regone Sejuta telungatus. Sing rodo cilik, wolung atus ewu. Sing cemek 3  kuwi nem atusan. Nek mbok tuku kabeh tak sudo regane mengko. "
Parmin: "Aku iki lagi teko... Ngko disiklah.... Tak delok-delok liyane".
Paijan: "Ngene wae, Min... Awakmu ngewangi aku ngedol wedus-wedus iki"
Parmin: "Yo! Kene sing loro tak gawane".
Paijan: "Maksudku ngene lho, Min. Awakmu dadi banjet-ku. Dadi yen pas aku nawakke wedhus karo wong.. cedhakono wong sing arep tuku mau. Bisiki wonge supoyo gelem tuku. Yo ngarang-ngarang sitik ngunu supoyo wonge terpengaruh"
Parmin: "Wah... Moh aku yen carane koyo ngono. Nipu jenenge!"
Paijan: "Nipu sitik-sitik ra popo lah, Min".
Paijan: " Sithik akeh sing jenenge nipu, yo tetep ae nipu. Kanjeng Nabi nate ngendikan Sak temene perkoro kang halal kuwi jelas. Lan perkoro kang haram ugo jelas. Ing dalem antarane halal lan haram ono perkoro kang samar-samar (syubhat) kang akeh wong podo ora ngerti. Sopo wonge  wedi marang perkoro syubhat mongko wong mau wis nyelametake agomo lan kehormatane".
Paijan: "Lha enake trus piye, Min?"
Parmin: "Gowo rene wedhusmu tak dolke. Aku wenehi hak adol wedhusmu. Wakilno ning aku!"
Paijan: "Yo. Tapi ojo mbok dol kurang soko rego sing tak sebutke mau ya".
Parmin: "Tak trimo. Iki sing papat tak gowone sing gedhe nomer loro iki cekelen dishik."

Kiro-kiro sejam Parmin bali nemoni Paijan meneh tanpo nggowo wedhus karo ngguya-nguyu.

Paijan: "Piye, Min?"
Parmin: "Alhamdulillah... Sing paling gedhe payu se juta limang atus ewu. Sing cilik-cilik loro payu wolung atusan sing cemek sijine payu 850. Iki duite..."
Paijan: "Wah... Hebat awakmu, Min. Berarti bagianmu 850 ewu iki. Duit bagianmu kanggo tuku wedhus sing iki, ya?"
Parmin: "Iyo!. Nek aku mbok wenehi bagian 850, berarti isih turah 50 ewu yo?"
Paijan: "Iyo... Monggo! Iki duitmu lan wedhusmu. Matur nuwun"
Parmin: "Aku yo matur nuwun. Arep tuku wedhus malah entuk wedhus gratisan. Hahaha.. Sing seket ewu nggo sarapan wae yuk.... Warung ndi sing enak? Nek kurang mengko tak tambahi "
Paijan: "Ning cedhak musholla kono ono swike kodok. Enak!"
Parmin: "Walah, kodok ki senajan ono sing ngarani halal tapi coro mazhabe imam Syafi'i haram dipangan. Berarti yo halale syubhat. Syubhat kuwi ono kalane pancen barange, koyo kodok kang isih dadi persualayan poro ulama masalah hukume, lan ono kalane syubhat sebab ulihe entuk barang nganggo coro kang remeng-remeng hal harame. Liyane wae ah!"

Akhire Parmin lan Paijan sarapan sego gandhul. Mari sarapan, Parmin langsung mulih.  Tekan omah wis ditunggu karo bojone.

Atun: "Angsal mendo regi pinten kang?"
Parmin: "Nol rupiah, Tun"
Atun: "Kok saget, kang?"

Parmin banjur nyritakke kejadian ning pasar mau.

Atun: "Remeng-remeng niku berarti syubhat nggih kang?"
Parmin: "Yo, Tun. Syubhat coro jowone remeng-remeng. Ora cetho"
Atun: "Hihihi... Tapi nek lampune ingkang remang-remang niku langkung asyik lho kang... Lebih romantis getu loh..."
Parmin: ""#%&@!??"

No comments:

Post a Comment