أَلاَ وَإِنَّ فِي الْجَسَدِ مُضْغَةً إِذَا صَلَحَتْ صَلَحَ الْجَسَدُ كُلُّهُ وَإِذَا فَسَدَتْ فَسَدَ الْجَسَدُ كُلُّهُ أَلاَ وَهِيَ الْقَلْبُ --- رواه البخاري ومسلم
Mongso rendeng sajak luwih dowo tinimbang biasane. Wulan Maret kang adate wis rodo marit udan, tahun iki durung ono tondo-tondo mongso ketigo arep enggal teko.
Kurang luwih tabuh loro Atun nglilir amergo kaget krungu suarane angin lan gludhug kang banget bantere. Noleh menengen, bojone katon angler, ora rumongso keganggu karo langit kang koyo-koyo lagi pamer kesaktiane. Atun noto selimute Parmin, banjur mesem nyawang bojone kang turu koyo bocah cilik. Nong njero ati, Atun ngomong, "Kok umpamane Gusti Allah gawe langit runtuh saiki, angin dikersaake biso maburake gunung-gunung lan ngrataake bumi, aku ora bakal protes. Gusti Allah wis paring aku kanugrahan kang tanpo upami. Yo iku biso nyawang panjenengan kados mekaten. Nek jare nyanyiane Omm Kultsum: mbarke wae aku ono ing sandingmu, panggonke aku ning njero atimu, yen menowo iki mung ngimpi, yo wis ora opo-opo. Benlah aku ngimpi selawase. Alhdulillah...!"
Mari ngono Atun banjur tangi, moro kulah, wudhu lan solat dalu. Kurang luwih setengah jam, Parmin ugo tangi. Weruh bojone lagi wiridan, deweke tumuli ning kulah, wudhu lan sholat dalu.
Parmin: "Assalamu alaikum".
Atun: "Waalaikum salam. Kathah kang ingkang jamaah shubuh?"
Parmin: "Iseh ono telung shof. Lumayanlah wong udan koyo ngene kok!"
Atun: "Kang...."
Parmin: "Opo, Tun?"
Atun: "Kulo pingin masak daging sapi. Tulung njenengan tumbaske bagian ingkang paling sae sangking sapi setengah kilo, kaliyan bagian ingkang paling awon setengah kilo".
Parmin: " Insya Allah"
Ora luwih seko sejam, Parmin wis bali ulihe lungo pasar.
Parmin: "Iki lho Tun, pesenanmu wis tak tukokno".
Bareng dibuka bungkusan blonjone, Atun kaget, " Lho kang... Kok sami?
Bagian paling sae kalian bagian paling awon kok sami-sami ati kalian ilat?"
Parmin: "Yo pancen koyo kuwi Tun. Kanjeng nabi Muhammad dawuh kang surasane koyo ngene: Ngertiyo yen sak jerone awak iki ono sekempel daging. Lamun daging mau apik mongko kabeh sak awak dadi apik. Lan lamun daging mau elek, mongko kabeh sak awak dadi elek. Ngertiyo sak temene daging mau iku ati . Mulo soko kuwi ati iso dadi bagian sing paling apik ugo biso dadi bagian sigg palong olo. Lha ilat kuwi bakal landep migunani asal atine apik. Sewalike bakal landep natoni yen atine elek"
Atun: "Lajeng wonten tiyang ingkang atine dicangkok niku dospundi kang?"
Parmin: "Hahaha... Ngene lho Tun, songko arah bahasa...... qolb artine jantung, coro Inggrise heart Bahasa Arabe ati kang physically kuwi kabidun. Lha... qolb ning hadits mau dudu ati secara fisik, ananging ati kang ora ono wujude kang biso ditengeri kelawan indrane menuso. Ono kalane diarani kalbu utowo manah. Hiyo kuwi suwijine latifah/titik sensor/dimensi ketuhanan kang ora duwe bentuk fisik. Paham"
Atun: "Kadose paham."
Parmin: "Kok kadose? Masalah ati, menungso pancen diparingi dining gusti Allah pengetahuan kang banget sitike . Sing jelas, atine menungso iku menowo diumpamake banyu, iso koyo segoro lan iso koyo banyu ning baskom. Nek banyu segoro iso nampung opo wae. Apik elek ora berpengaruh. Semono ugo atine menuso yen koyo segoro. Ono masalah opo wae biso tenang. Gampang ngapuro wong kang duwe kesalahan, ora tersinggungan, lan ora kagetan. Bedo yen atine cilik koyo banyu ning baskom. Ono masalah mung sepele, wis gonjang ganjing koyo meh kiamat. Mengko dhisik......., aku arep takon. Kenopo awakmu kok njaluk di tukokno bagian sapi sing paling apik sekaligus sing paling elek?"
Atun: "Oh.. Jane niku namung pralambang mawon. Kulo nampi njenengan komplit. Mulai ingkang awon ngantos ingkang sae. Totalitas nampi panduman saking Allah"
Parmin: "Opo ora pasemon yen menungso kuwi duwe sisi apik lan sisi olo?"
Atun: "Ngoten nggih saget".
Parmin: " Opo jane awakmu arep ngomong yen asline aku iki ora gantheng tapi awakmu wis kadung seneng dadi yo dianggep apik wae, ngono?"
Atun: "Ngoten nggih saget".
Parmin: "Opo awakmu rumongso ora pati ayu nanging piye wae ono bagian liyo kang luwih apik tinimbang rupo?'
Atun: "Ngoten nggih saget".
Parmin: "Kok? Opo piye?
Atun: "Ngoten nggih saget".
Parmin: " Ha? Maksudmu?'
Atun: "Ngoten nggih saget".
Atun cepet-cepet ninggal Parmin tumuju pawon. Parmin nututi soko mburi tumuli nyikep bojone. Kanti lirih Parmin muni, "I love you.."
No comments:
Post a Comment