Hadist ke 5 "Bid'ah"
Amergo kulino, senajan wis diwanti-wanti karo bojone supoyo ora ngangkat abot-abot, Atun kelalen. Ember kang isine kebak banyu arep dijunjung saperlu mbilasi kumbahan. Parmin kang wit mau nunggoni bojone umbah-umbah, langsung mbengok, "Mandeg, Tun! Ben aku wae sing njunjung embere!"
Atun: "Nggih kang.. Ngapuntene, supe"
Parmin: "Sesuk meneh diiling-iling. Piye kandane bu bidan? Selama kehamilan dilarang mengangkat beban berat."
Atun: "Nggih kang..."
Parmin: "Terus terang..., Kebahagiaan sing tak rasakno sedurunge ketemu awakmu kuwi ora liyo mung amun-amun --fatamorgana, ora nyoto. Urip sing sak benere yo sing tak lakoni bareng awakmu , Tun. Dadi nek ono wong takon kapan aku lahir, mongko jawabe tanggal pernikahan awake dewe kuwilah tanggal kelahiranku. Mulo yen awakmu nganti mringis gedhene nangis, dudu awakmu dewe kang ngrasakno tapi bojomu luwih dene loro".
Pipine Atun kang putih maleh dadi njambon amergo atine bombong ambi gombalane bojone.
Sinambi njerengi kumbahan, Atun takon marang Parmin, "Kang, bid'ah niku nopo?"
Parmin: "Bid'ah kuwi, nglakoni perkoro anyar kang ora pernah ditindhaake Kanjeng Nabi. Kenopo kok ujug-ujug takon bid'ah?"
Atun: "Wingi pas blonjo, kulo kepanggih mbak Sri ingkang jilbabe panjang niku lho kang. Kulo dipun sanjangi nek tahlilan, berjanjenan, muludan lan tingkepan niku bid'ah. Menawi bid'ah niku mboten angsal ganjaran malah duso."
Parmin: "Ono ing Hadist Arbain Nawawi kang nomer limo, diriwayatake menowo kanjeng Nabi nate dawuh sing surasane koyo ngene: sopo wonge kang nglakoni penggawean kang ora ono dasar perintah agomo, mongko ngamal penggawean mau ora diterimo. Ananging ulama duweni pendapat dewe-dewe masalah bid'ah iki. Miturut Imam Ibnu Arabi bidah asal ora bertentangan kelawan syariat ora masalah. Nanging yen bid'ah kang nulayani dalil Quran lan hadits mongko kuwi sasar utowo dholalah. Dene imam Nawawi, panjenengane mbagi bid'ah dadi limang perangan. Suwijine Wajib, koyo mbangun sarana transportasi, kapindo sunnah koyo nglafalake niyat nalikane sholat. Nomer telu mubah koyo nganggo sarung utowo kaos. Kaping pat makruh koyo maesi masjid. Lan terakhir haram koyo ngalalake daging babi senajan babi mau wis aman lan resik soko bakteri lan penyakit".
Atun: "Menawi ganjarane tahlilan niku dugi dumateng arwah ingkang dipun kintuni nopo mboten, kang?"
Parmin: "Tahlilan kuwi sing diwoco opo? Kan yo kalimah tahlil, tahmid, tasbih, takbir ayat-ayat quran sholawat, lan liya-liyane kang ora ono sing karangan dewe. Dawuhe kanjeng nabi, tasbih, tahmid, tahlil lan takbir kuwi minongko sodaqoh. Nek miturut imam Syafi'i ganjaran sodaqoh kuwi asal diniati lan ditujukake jelas kanggo sopo, Insya Allah tutuk. Pancen yen duso ora iso ditanggung karo wong liyo, nanging nek ganjaran kan bedo maneh. Contone ono wong duwe anak 5. Terus wong iki ketangkep korupsi. Bareng diputus karo pengadilan penjara 5 tahun, anak-anake banjur maju trus ngomong nek ukumane bapake arep diwakili anal limo mau gentenan saben wong siji setahun. Opo kiro-kiro ditrimo? Dhak yo ra kan? Duso ora bisa dilimphake. Bedo nek wong mau duwe utang limang juta lan jatuh tempo. Trus debt collector moro arep nyita jaminane kang rupo sepeda motor misale. Anak-anake kang limo mau ngomong karo debt collector ampun disita pak... Kito urunan saben tiyang setunggal jutanan kangge mbayar utange bapak, monggo. Mesti wae bakal ditrimo. Semono ugo ganjaran. Iso dihadiahno"
Atun: "Ooo... Dados mboten sedoyo bid'ah meniko awon, nggih kang?".
Parmin: "Iyo ngono coro aku"
Atun: "Berarti menawi ngoten njenengan niku ahsanul bid'ah -- sak sae-saene bid'ah."
Parmin: "Kok iso?"
Atun: "Tiyang ingkang rupinipun kados njenengan meniko mboten wonten zamane Rasulullah."
Parmin: "Hahaha iso-iso wae, awakmu, Tun!!"
No comments:
Post a Comment