Sunday, December 4, 2016

"Ngaji Hadist Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (8)

Hadist ke 3  " Syahadat"

عن أبي عـبد الرحمن عبد الله بن عـمر بـن الخطاب رضي الله عـنهما ، قـال سمعت رسول الله صلى الله عليه وسـلم يقـول : بـني الإسـلام على خـمـس : شـهـادة أن لا إلـه إلا الله وأن محمد رسول الله ، وإقامة الصلاة ، وإيـتـاء الـزكـاة ، وحـج البيت ، وصـوم رمضان

Koyo biasane saben dino Jumat sedurunge jumatan, Parmin ora lungo ngendi-endi. Opo meneh yen Jumat pahing. Dewekne entuk giliran khutbah, dadi wiwit isuk anteng ning omah. Kiro-kiro jam songo Parmin moco kitab karo nyekel pulpen lan kertas saperlu nyiapake bahan khutbah. Atun mari masak nyedhaki bojone.
Atun: "Khotbah mangke temanipun nopo kang?"
Parmin: "Rukun Islam"
Atun: "Niku rak mpun biasa tho kang"
Parmin: "Iku mungguhmu, Tun. Sebab kawit lahir awakmu wis dikenalke Islam. Urip mulai cilik nganti gedhe ning lingkungan Islam. Sedino sewengi krungu azan kaping limo. Jajal umpamane awakmu urip ning negoro kang Islame minoritas. Opo meneh krungu adzan, ketemu masjid wae ora gampang"
Atun: "Ndak nggih to, kang?
Parmin: "Iyo, Tun. Jare kang Wakidi sing tau menyang Amerika, Ning kota Paitpil Karo Lina Lor....,"
Atun: " Hihihi... Jeneng kutho kok Paitpil to kang... ? mboten pil pait mawon?"
Parmin: "Hush...! Ra oleh ngono. Iku ilat jowoku wae. Tulisane sih f-a-y-e-t-t-e-v-i-l-l-e. n-o-r-t-h c-a-r-o-l-i-n-a. Lha, north iku artine lor"
Atun: "Oo.. Ngaten.."
Parmin: "Ho oh. Jarene ning kutho paitpil masjid mung ono siji. Ngono wae cilik. Suwalike, angger prapatan mesti ono grejone. Genthorane (loud speaker:-red) masjid ora iso dirungu soko njobo. Masjide kedap suara"
Atun: "Wah menawi ngoten, angel nggih dados tiyang Islam wonten mriko"
Parmin: "Padahal miturut dawuhe kanjeng Nabi, Islam kuwi diumpamaake koyo bangunan kang duweni soko guru. Soko gurune kuwi pertama syahadat. Ning Njowo, memproklamirkan diri dadi wong Islam, entheng sebab kancane akeh. Yen ning Amerika, butuh keberanian doble, lho. Ning kono akeh wong kang ora ngerti opo iku Islam. Kang duweni pengertian menowo Islam iku teroris ugo akeh. Mulane ra sah rumongso hebat dadi wong Islam ning Indonesia. Ngakehnoho istighfar supoyo iso syukur. Teruse... mengko bar jumatan wae yo, Tun"
Atun; "Nggih kang... Berarti supados kito meniko saget syukur kedah angen-angen karo peparing lan kanugrahane Allah. Lan kanugrahan ingkang paling ageng inggih meniko dipun paringi iman lan Islam. Ngoten, kang?"
Parmin: "Yo bener. Termasuk kowe angen-angen kaparingan bojo kang sayang banget mbi awakmu kuwi yo biso ndadeaken syukur, Tun"
Atun: "Njenengan ngendikani kulo nopo nembe angen-angen awak njenengan kiyambak, kang?"
Parmin: "Eh kopine wis adem..."
Atun; "ehm...ehm..pengalihan opini saiki ora ning tipi thok..."
Parmin ora nyauri bojone tapi menang-meneng koyo kucing "Haaap!! Lalu menangkap!

"Ngaji Hadist Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (7)

 Hadist ke 2 "Ihsan"

Jam 10 esuk Parmin karo Atun lungo buwoh ning tonggo deso boncengan numpak Vespa Sprint tahun 75. Senajan umure motor luwih tuwo tinimbang sing numpak, nanging tenagane isih roso lan arang rewel. Panggonan lungguhe di modifikasi dadi los lan dipasangi koco spion kiwo tengen kang nganggo cagak duwur ndadeake tambah gagah lan antike.
Nalikane tekan cedhak alun-alun, akeh wong kang podo puter walik.
Atun: "Niku tiyang kok kathah ingkang puter walik wonten nopo kang?"
Parmin: "Kae ono pak polisi lagi tugas mrikso kelengkapan berkendara"
Atun: "Oo.. ngoten, kang".
Parmin: "Klathuk-klatuk wae yo, Tun, sinambi ngaji. Enake ngaji karo bojo yo ngene iki, karo numpak montor yo iso, karo lomah-lameh ning kasur yo rapopo karo mangan yo keno"
Atun: "Ten facebook utawi WA nggih monggo.."
Parmin: "Nek Facebook karo WA yo ra karo bojo, Tun. Mosok bebojoan kok melalui Internet. Dhak mbayangke thok...Ra ono rasane.."
Atun ngithik-ngithik Parmin.
Parmin: ""Heh..! Ning ndalan iki, Tun... Bahaya..! Ngko bengi wae..!
Atun: "Hihihi...Ngapuntene!"
Parmin: "Menowo wong kuwi gelem menyadari yen taat marang aturan lalu lintas iku kebutuhane dewe, mesti kahanan bakal tumoto tur apik kabeh. Aturan-aturan kang digawe menuso kan ora liyo mung supoyo masyarakat tertib lan aman anggone urip bebrayan ono ing ngalam ndunyo. Dene syaringate Allah, seliyane kanggo kepentingan menungso ning ndunyo ugo kanggo kebutuhan akhirate"
Nalikane ngliwati polisi kang lagi mrikso SIM lan STNK poro pengendara sepeda motor, Parmin arep minggirake vespane. Nanging salah sijine pak polisi menehi tondo supoyo Parmin mlaku terus ora usah mandeg.
Atun: "Kok njenengan mboten dipun ndeg, kang?"
Parmin: "Pak polisi wis ngerti karo wong kang duweni persyaratan lengkap. Ndelok gayane wis ketoro. Umpamane tetep ngendeg, kuwi mung prosedural wae. Wong kang numpak kendaraan kok gelem nganggo helm, duwe SIM lan bayar pajak tanpa kerono ono operasi lalu lintas ki jane gawe ayem lan ora kuwatir kwatir ono cegatan zebra. Sebab ulihe nglakoni kewajiban memang tulus lan murni nindaake kewajiban tumprap aturan negoro. Semono ugo wong ngibadah, yen ulihe ngibadah ora kerono menungso yo ora kerono pamrih opo-opo, nanging minangka syukur lan pasrah narimo maring titahe kang Moho Kuwoso, ulihe ngibadah mesti iso nikmat lan khusu'. Mulane menuso kudu selalu menghadirkan Allah ono ing tiap-tiap tumindake. Lagi sholat umpamane, kudu ngroso yen bener-bener madhep ono ing ngarsane Allah. Menowo durung biso koyo ngono, yo kudu yakin lan iling-iling yen Allah iku selalu pirso. Semono ugo ono ing njobone sholat. Yen rumongso lan yakin menowo Allah mirsani, mongko umpamane arep nglakoni olo yo mesti ora sido. Nah... Kuwi kang aran Ihsan"
Atun: "Kados pundi Allah mirsani sedoyo tindak tanduke sedoyo menuso niku, kang?"
Parmin: "Ojo dipadhakke karo menuso, Tun. Allah iku ora ono sing madhani. Tapi tak wenehi gambaran yo. Sekedar gambaran. Sepisan meneh Allah ora biso dipadhakke kelawan opo-opo. Awakmu bar nggoreng iwak, supoyo aman mbok deleh ning rak lan mbok tutupi baskom. Terus awakmu lungo ngaji ning musholla. Aku teko sawah arep mangan golek lawuh tapi ora weruh sebab ketutupan. Lan yo ora ngerti anggonmu ndeleh ono ngendi. Trus aku sms awakmu. Senajan ora weruh tapi awakmu ngerti ning endi panggonane, iwak opo, jumlahe piro, olehmu tuku ning ngendi, rego piro, kasinen opo ora sak teruse. Sebabe opo? Awakmu kang gawe lan ngatur panggonane lawuh. Lha.. Saiki sopo kang gawe menuso lan ngatur menuso? Allah kan? Mulane Allah pirso piye wae pasang polahe menuso. Gusti Allah ulihe pirso soko arah Al-Khalik (sang pencipta) dudu arahe makhluk"
Atun: "Lha njenengan menawi tindaan mboten kalih kulo, lajeng ketemu cah wedhok ayu, njenengan rumaos joko nopo dudo, kang?"
Parmin: "Yo tergantung keadaan, Tun! Hehehe"
Atun meneng cep ora ngomong opo-opo. Eseme ilang kari nyaprute. Cangkeme mecucu koyo pucuke doran pacul.
Parmin: "Halah diguyoni ngono wae nesu... Senyum dong.. Koco spion sing kiwo iki olehku masang tak pancerke awakmu lho.. Soale aku ora tenang yen semenit ora weruh awakmu"
Atun njur ngguyu karo ngrakut bojone.

"Ngaji Hadist Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (6)

Hadist ke-2 "Islam"

Malem tanggal patbelas, rembulan katon mencorong edi koyo peraupane widodari. Lintang siji loro isin-isin ngancani kanjeng putri purnomo.
Parmin: "Assalamu'alaikum". Atun; "Waalaikum salam. Sampun ba'dho anggenipun tahlil, kang? Kok cepet"
Parmin: "Wis. Bubar tahlil aku langsung bali. Selak kangen bojoku kang denok debleng"
Atun: "Kok ngertos menawi kulo ngrantos njenengan"
Parmin: "Pancene ono opo?"
Atun: "Niki lho.. Ten HP-ne njenengan kok wonten lagu Arab kulo pireng-pirangken kok kulo malah bingung. Asyhadu an la imro'atan atqonat lu'bata illa anti. Maksude dos pundi? Koyo syahadat... Tapi kok mboten.."
Parmin: "Ooo kuwi.. Artine: aku nekseni menowo ora ono wong wadon endi wae kang hebat babakan nglakoake lelakon urip kejobo awakmu"
Atun: "Kulo, kang? Ndak nggih no?"
Parmin: "Hehe... (Banget gemese Parmin mletet irunge Atun). Kuwi maksude declaration of love and admiration- pengakuan, penegasan cinta lan kekaguman"
Atun: "Berarti syahadat niku pengakuan dan penegasan diri bilih kito meniko namung nyembah gusti Allah. Ngoten kang?"
Parmin: "Iyo. Menowo iman iku kan manggone ono ning ati. Dadi sing ngerti hakekate namung Allah. Sementara urip ning ngalam dunyo, menuso urip kalawan menuso lan makhluk-makhluk liyane. Koyo kang wus mbok mangerteni, dene urip ning ngalam ndunyo kuwi minongko dadi sangu ono ing akhirat. Lha urip ning ngalam ndunyo kuwi yo kudu sesuai kelawan aturane ndunyo. Contone, awakmu ngerti yen aku iki sayang banget mbi awakmu. Kepriye carane awakmu ngerti? Siji aku ngomong yen aku trisno marang sliramu. Loro sak iso isoku awakmu tak perhatikke. Yo blonjomu, penganggomu, manggonmu, *ehm-ehm*mu lan liya-liyane. Semono ugo yen kito bener pasrah kelawan gusti Allah tegese mlebu agomone Allah, yo kudu nyekseni yen Allah iku siji-sijine sesembahan lan Nabi Muhammad iku bener utusane gusti Allah. Ora mung ngono Tun, kesaksian yo kudu dibuktiake kanti ngadep Gusti limang ambalan sabendinane nganggo aturan kang wis ditetetape. Seliyane noto awak, ndidik nepsu kelawan poso supoyo luwih caket karo Pengeran, lan sepodho-podho, ugo kudu duwe roso peduli maring liyan. Kepedulian mau diwujudake kanti zakat kanggone wong kang kaparingan bondo dunyo cukup. Tegese cukup tutuk jumlah lan mongso kang ditetepake syaringat. Lan paling akhir yoiku ngibadah kang ono hikmahe napak tilas sejarah leluhur. Hiyo iku Nabi Ibrahim sak keluargane. Kang rupane ngibadah kaji kanggo kang kuwoso"
Atun: "Lajeng sepundi kang menawi badhe haji lereh ngentosi 20 tahun kados tiyang Indonesia ngeten niki?"
Parmin: "Gusti Allah ora nate mekso kawulane nglakoni perkoro kang diluar kemampuane"
Atun: "Menawi kulo Insya Allah malem Jumat taksih kiat mboten ngangge dipekso"
Parmin: "Hmmm maksudmu? Hohohiho?"
Atun: "Yeee... Kang Parmin ngeres. Niku lho.. Maos sholawat ping sewu!!!. Rak njenengan tho ingkang marai kulo....?!"

Saturday, November 5, 2016

"Ngaji Hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (5)

Hadits ke -2. "Iman bagian 3"

Parmin lungguh ing dingklik kayu dowo kang ono ing teras nyawang udan kang tekone ora nganggo mongso kang jelas koyo mbiyen deweke cilik. Let sedelo, Atun melu lungguh njejeri bojone.
Parmin: "Arep masak opo dino iki, Tun?"
Atun: "Udan-udan ngenten niki econe masak santen ingkang buket"
Parmin: "Yen masak sayur bening biso opo ora, Tun?"
Atun: "Nggih saget mawon, kang. Tapi kan mboten sedep"
Parmin: "Lha yen bayu udan ki ujug-ujug ora kepingin mudhun tapi miring langsung mlebu segoro tanpa lewat darat biso opo ora?"
Atun: "Hehe.. Njenengan ki kok lucu to, kang?! Nggih mboten saget"
Parmin: "Llha menowo menuso ora gelem tuwo yo ra gelem mati, biso opo ora?"
Atun: "Mboten..."
Parmin: "Ngono kuwi kang diarani qodho lan qodar. Kabeh  makhluk tunduk kelawan qodho (katetepane) gusti Allah. Koyo banyu wis ditetepake Allah kon manggon panggonan kang paling rendah posisine. Mulo banyu mesti bakal mudun angger isih biso.
Geni ditetepke ngobong. Mulo ning ngendi wae bakal ngobong. Nanging wong kang netepake kuwi gusti Allah, yen Allah ngersaake bedo yo biso wae. Koyo ceritane nabi Ibrohim di obong. Allah dawuh: hei geni.. Ademo kowe lan aman kanggo Ibrahim. Geni banjur nurut ora ngobong nabi Ibrahim"
Atun: "Lha menawi kulo rumaos kangen njenengan sianaoso njenengan mepet kalih kulo ngeten niki nggih ketetapane Allah?"
Parmin: "Yo iyo! Eh opo Tun? Baleni jajal..!"
Atun: "Hehehe mpun supe, kang"
Parmin ngeroso gemes banget, Atun banjur didikep kenceng. Atun nglendot ono ing pundhake Parmin.
Parmin: "Kuwilah bedane menungso karo makhluk liyane. Menungso diparingi kemampuan milih, senajan pilihane ora iso lewat soko ketentuane Allah. Koyo ceritane sayyidina Umar nalikane arep tindak Syam, ndadak ono berita menowo ning Syam lagi keserang wabah penyakit. Banjur Sayyidina Umar ora sido tindak Syam. Ono salah sijine sahabat matur: Njenengan kok menghindari taqdire Allah? Sayyidina Umar njawab: Iyo aku ngindari taqdire Allah menuju taqdir Allah kang liyo. Qodar utowo Taqdir kuwi artine kadar utuwo wates. Tiap wong duweni kadar dewe dewe"
Atun; "Gamblange sepundi, kang?"
Parmin: "Gambarane, koyo wong main bal-balan. Dianggep gol menowo bale iso mlebu gawang. Terserah pinter-pintere pemain arep nglebokke lewat tengah pinggir ngarep utowo mburi asal soko njero wates lapangan"
Atun: "Dados menawi wonten kiper nglebetaken bal wonten gawange dewe, nggih taqdir?"
Parmin: "Yo iyo. Tapi dewekne kan biso milih ora nglebokke"
Ujung-ujug Atun njiwit tangane Parmin.
Parmin: "Waduh..!! ???"
Atun; "Niku taqdire Allah, kang. Ampun nesu..."
Atun banjur  mlayu mlebu ngomah  ditututi Parmin. Untung udane deres dadi glodakan ora ngganggu tonggo.

"Ngaji Hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (4)

Hadits ke-2  "Iman bagian 2"

Sinambi turonan ono ing kasur, Parmin nakoni bojone.
Parmin: "Obatmu sing soko dokter mau wis mbok ombe, Tun?"
Atun: "Sampun kang!"
Parmin: "Obat opo to kuwi?"
Atun: "Njenengan kan mpun ngertos obat kangge watuk lan flu."
Parmin: 'Lha awakmu ngerti obat kuwi digawe songko opo? Bahane opo wae?, halal opo haram? Aman opo ora?"
Atun: "Nggih mboten ngertos kang. Tapi wong niku paringane dokter, nggih kulo inum"
Parmin: "Berarti awakmu percoyo mbi dokter?"
Atun: "inggih kang.."
Parmi : " Lah iman yo ngono kuwi, Tun. Rukun iman ono nem. Yo kuwi iman marang Allah kang nyiptaaken kabeh makhluk termasuk menuso. Sarehne Allah kang gawe, Allah yo tanggung Jawab ngajar lan ndidik serto ngurusi ciptaane. Mulo Allah gawe malaikat supoyo dundum rejeki, njogo lan nyateti amale menuso, ono kang mulang kanti nyampeake wahyu kang tertuang ono kitab2e Allah. Allah yo nunjuk utusan rupo nabi supoya dadi guru lan conto. Nek wis ngono samubarang makhluk kuwi kudu rumongso menowo ono watese. Mulo ono kang diarani dino akhir. Yo iku dino kang namung Allah sing tetep. Sementara liyane rusak. Sing paling akhir, kito kudu percoyo menowo kahanan apik lan elek kuwi kabeh taqdire Allah"
Atun: "Oo.. dados tiyang saget dipun sebat iman meniko, menawi purun nggugu dawuhe Allah wonten ing dalil Quran lan anut piwulangipun kanjeng nabi, ngakeni keterbatasanipun soho tansah syukur nampi peparingipun Gusti. Lan percados menawi peparing Allah meniko sedoyo sae. Umpami kok menuso rumangso awon, niku namung amargi akale menuso ingkang cekak. Ngoten, kang?
Parmin: "Ho'o. Wah pinter tenan bojoku! I love you, Tun!"
Atun: "lop yu tu, kang... Hihihi awake dewe kok dados tyang londo. Tapi nuwun sewu kang, kulo kok taksih sekedhik gagal faham masalah qodho lan qodar"
Parmin: "Yo sesuk-sesuk dilanjut. Saiki ayo podho ngibadah bareng.... "
Atun: "Menawi tahajjud kan taksih kesontenan tho, kang.....?!"
Parmin: "Ngibadah iku kan akeh maceme."
Sinambi ngepruk-ngepruk bantal Parmin ngundang bojone, "Kene turu wae... Wis tak tatakno nggon iki"
Atun: "Ye..... Kang Parmin mupeng, ya...!!"
Parmin: "Opo maksude mupeng Tun?"
Atun: "Kirangan kang.......!?☺☺☺☺☺
Parmin: "Lho kok wis lali ki piye to... Turu menowo diniate supoyo bengi biso tangi tahajjud, isuk iso seger nyambut gawe nekani kewajiban lan ngabekti marang gusti Allah yo dadi ngibadah.....'
Atun: "Mboten kang Parmin menawi mboten pinter ngeles.. "

"Ngaji Hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (3)

Hadits ke-2 "Iman bagian 1"

Mulih solat isya songko masjid, Parmin disambut bojone sing ugo lagi lebar solat. Isih nganggo rukoh, Atun cepet2 mbukakno lawang.
Parmin: "Assalamu'alaikum ya habibti.. "
Atun: "Wa'alaikum salam, ya ruhi wa qolbi.." (Jawabe Atun ora gelem kalah)
Mari nyelehake kupluk lan klambi koko, Parmin lungguh ono ing ruang tengah sinambi nyruput kopi adem siso mau sore.
Atun: "Kulo damelke kopi malih, kang?
Parmin: "ora usah. Iki ijeh setengah gelas kok. Senajan adem nek kopi gaweanmu tetep enak. Persis karo sing gawe kopi. Senajan wis mulai melar kesamping tetep sedep.
Atun: "gombal, ah! (Gayane Atun nesu, tapi ngguya- ngguyu seneng atine) O nggih kang, nek njenengan nerasaken keterangan hadis no kalih, mbok dijelasaken masalah iman riyin, nembe Islam"
Parmin: "iman kuwi artine percoyo. Manggone percoyo iku ning ati. Nek urusan ati kuwi, Tun, kadang ora iso dipikir utowo dijelasake. Contone awakmu kok iso seneng aku, ki coro akal ra ketemu lho. Lha wong aku iki elek, ora sugih yo ora pinter. Sementara awakmu ayu lan pinter. Nanging wong seneng yo ra iso di paido. Mulane nek iman marang Allah, coro imam Sanusi ora usah kakean di akal-akal. Sebab disamping cekak, akale menuso iku wis terbiasa tunduk karo hukum adat. Panjenengane maringi conto: nek wiji kang cilik iku menowo ditandur iso thukul njur dadi wit sing gedhe, ora tau terjadi, mesti wong ora percoyo yen ujug2 awakmu moro karo nggowo wiji asem trus kondo wiji iki nek dipendhem ing jero lemah bakal dadi gedhe ngluwehi awakmu. Yo koyo umpamane ono wong ngomong nek watu akik iso ditandur terus uwoh akik sing akih mesti wong ora percoyo. Bedo ning coro Allah, Tun. Allah kuoso nyiptaake opo wae senajan ora masuk akale menuso. Mulo nalikane nabi Zakaria ndonga marang Allah nyuwun putro njur disembadani Allah, nabi Zakariya malah bingung. Duh gusti kulo niki mpun tuwo bojo kulo mandul mosok saget gadah putro. Dijawab dening Allah, aku iso gawe Adam from nothing- kang asale ora ono apa-apane, opo meneh gawe anak kang ono bapak lan ibune. Dadi Tun, menuso ki wis kesuwen anut karo hukum sebab musabbab. Kroso ngelak, bareng ngombe banyu dadi seger. Terus gawe kesimpulan nek kang marai seger iku banyu. Padahal nalikane ngombe butuh kerja ribuan saraf kang ono ing awak. Lha sopo sing ngaktifno syaraf2 kuwi? Yo gusti Allah. Jajal Allah gawe syarafe wong ra berfungsi, banyu sak kali ra bakal iso gawe seger.
Atun: "Hwaah..... Hwahhhh"
Parmin: "Wis wis ayo dho turu, aku duwe penggawehan akeh sesuk"
Atun: "Monggo.. tapi jane kulo dereng ngantuk...."
Parmin: "Lha awakmu wis klakeban ngono kok?!"
Atun: "Kulo namung ngilingno janjine njenengan nek ngajine badhe diterusaken teng kasur"
Parmin: "weee ladalah.... "

"Ngaji Hadits Arbain Nawawi bareng Parmin lan Atun" (2)

Hadits ke-2 "Adabe Sowan penggedhe"

عن عمر بن الخطاب رضي الله عنه قال : بينما نحن جلوس عند رسول الله صلى الله عليه وسلم ذات يوم إذ طلع علينا رجل شديد بياض الثياب شديد سواد الشعر , لا يرى عليه أثر السفر , ولا يعرفه منا أحد حتى جلس إلى النبي صلى الله عليه وسلم فأسند ركبته إلى ركبتيه ووضح كفيه على فخذيه , وقال : يا محمد أخبرني عن الإسلام , فقال رسول الله صلى الله عليه وسلم " الإسلام أن تشهد أن لا إله إلا الله وأن محمدا رسول الله وتقيم الصلاة وتؤتي الزكاة وتصوم رمضان وتحج البيت إن استطعت إليه سبيلا " قال صدقت فعجبا له يسأله ويصدقه , قال : أخبرني عن الإيمان قال " أن تؤمن بالله وملائكته وكتبه ورسله واليوم الآخر وتؤمن بالقدر خيره وشره " قال : صدقت , قال : فأخبرني عن الإحسان , قال " أن تعبد الله كأنك تراه , فإن لم تكن تراه فإنه يراك " قال , فأخبرني عن الساعة , قال " ما المسئول بأعلم من السائل " قال فأخبرني عن اماراتها . قال " أن تلد الأمة ربتها وأن ترى الحفاة العراة العالة رعاء الشاء يتطاولون في البنيان " . ثم انطلق فلبث مليا , ثم قال " يا عمر , أتدري من السائل ؟" , قلت : الله ورسوله أعلم , قال " فإنه جبريل أتاكم يعلمكم دينكم " رواه مسلم


Parmin: "Tun, ngko sore awakmu arep tak jak sowan pak Kiyai"
Atun: "ndere'aken, kang"
Parmim: "ojo lali nganggo klambi sing paling apik. Lan adus sing resik"
Atun: "Nggih. Tapi kok ngoten, kang?"
Parmin: "Ono ing Hadist nomer 2 songko arbain nawawi.. kang diriwayatake sayyidina Umar bin Khottob isine yen mailaikat Jibril nate mendho-mendho dadi menuso sowan kanjeng Nabi Muhammad Salla Allhu alaihi wasallam, saperlu mulang poro sahabat masalah iman islam lan ihsan. Ulihe mulang kanti takon marang kanjeng Nabi.
Atun: "Hubungane nopo kaliyan ngangem rasukan sae menawi badhe sowan kiyai...?"
Parmin: "Sabar to , Tun... Senengamu ki ra sabaran. Ing hadist kuwi diceritaake menowo ono wong lanang kang sowan kanjeng Nabi penganggone klambi kang banget putihe. Rambute banget irenge, resik awake... Coro bocah saiki styled and fashionable.... Ngono lho Tun.
Atun: "wah njenengan kok ngertos bosone londo barang..."
Parmin: "Yo kudu ngono a....Tun. Santri ki kudu up to date -mengikuti perkembangan terbaru. Wis tak teruske ya... Secara tidak langsung malaikat Jibril ngajari lan nyontoni kepriye patute menganggo nalikane sowan karo wong gedhe. Terusane hadist.... Mengko bengi nek arep turu tak terangke. Kan enak to Tun, ngaji karo kelon.... Ganjarane dobel dobel Hehehehehe"
Atun: "Halah.... Njenengan ki senengane...... (Ngomong ngono karo nyiwel pipine Parmin).