Hadits
kaping 8 "Kehormatane Wong Muslim"
عن ابن عمر رضي الله عنهما أن رسول الله صلى الله عليه وسلم قال " أمرت أن أقاتل الناس حتى يشهدوا أن لا إله إلا الله وأن محمدا رسول الله ويقيموا الصلاة ويؤتوا الزكاة , فإذا فعلوا ذلك عصموا مني دماءهم وأموالهم إلا بحق الإسلام وحسابهم على الله تعالى -رواه البخاري ومسلم
Kacarito
saking Ibnu Umar Radliallahu Anhuma, Saktemene Rasulullah Sallallahu Alaihi
Wasallam dawuh: “Aku diperintah merangi menungso sahinggo wong mau nyekseni yen saktemene ora ono pengeran kang patut disembah seliyane Allah lan nyekseni saktemene Nabi
Muhammad iku utusane Allah, njumenengake sholat lan ngetokake zakat. Sopo wonge
wis nglakoni perkoro mau mongko jiwo lan bondo dunyane bakal diayomi kejobo
nganggo hak Islam lan itung-tungane ono ing ngarsani Allah subhanahu wata’ala.
(HR. Bukhori, Muslim)
Bis jurusan
Semarang-Surabya mandeg ono ing terminal Pati, saperlu ngedunke penumpang kang
pancen tujuane tekan Pati lan ngunggahke penumpang kang tumuju arah wetan.
Parmin cepet-cepet munggah bis arep-arep entuk panggonan lungguh. Nanging ora
koyo biasane, dino kuwi ternyata akeh bangku kosong. Parmin banjur lungguh
kursi kang ono ing tengah, jejer wong lanang nom-noman kang penganggone rodo
ora umum ning Jowo. Jubahan lan surbanan sarwo putih. Jenggote dowo senajan
arang-arang lan bathuke ono gosonge, ireng.
Parmin:
“Assalamu’alaikum”
Wong lanang:
“Waalaikum salam, akhi. Tepangke kulo Roihan. Njenegan kaparingan asmo
sinten?”
Parmin: “Kulo
Parmin. Niki njenengan badhe tindak pundhi nopo saking pundi?”
Roihan: “Badhe
teng Suroboyo. Lha Njenengan?”
Parmin: “Kulo
badhe silaturrahim wonten rencang ing Tuban”
Senajan lagi pertama
ketemu, nanging gayane Parmin pancen ngunu kuwi, sok akrab.
Durung sempat
ngomong opo-opo maneh, hp-ne Parmin nggeter-nggeter pratondo ono warto cekak
mlebu. Ternyata soko Atun.
Atun: “Dugi
pundi kang?”
Parmin langsung
mbalesi, “Lagi munggah bis soko terminal Pati”
Atun: “Ingkang
atos-atos”
Parmin: Iyo. Semunu
ugo awakmu. Ojo nganti kekeselen yen ngopo-ngopo. Anakmu sing ning njero weteng
perlu diperhatekke”
Atun: “Nggih!.
Kang.... kulo kok mpun kangen njenengan...”
Parmin: “Yo
kudune kangen. Yen ora aku iso diarani bertepuk sebelah tangan. Soale rong
jam ninggalke awakmu rasane koyo rong tahun. Wis yo, dongakno selamet wae”
Tukang ngamen
leren ulihe nyanyi ganti tukang koran teko. Parmin tuku siji. Isi berita
utamane, ono kabar bom kang mbledos ning klub malam Jakarta. Sing mati telu lan
sing tatu limo. Parmin ndeleng gambare sing diarani teroris lan jeneng
korban-korbane.
Roihan: “Coro
sampeyan, wong sing ngebom ngoten niku sepundi?”
Parmin: “Bolone
setan”
Roihan kaget
krungu jawabane Parmin. “Kok iso?”
Parmin: “Coba
aku tak takon. Kiro-kiro opo alasane wong kuwi ngebom?”
Roihan: “Jihad
merangi kemungkaran. Tiyang-tiyang sing wonten ning klub malam iku rak pendosa.
Dados macem nek mati. Supoyo kanggo pengiling liyane”
Parmin: “Nek
ndelok jenenge wong kang dadi korban iki, Mustofa, Salamah lan Dul Apip...
mestine wong Islam. Padahal yen miturut ngendikane kanjeng Nabi, wong kang wis
moco syahadat, sholat lan mbayar zakat kuwi jiwo lan bondone dilindungi. Tegese
ora keno dipateni tanpo sebab kang jelas diatur syariat”
Royhan: “Lho
sampeyan kudu ngerti yen kito weruh kemungkaran, kito wajib tandang. Yen iso,
yo ngrubah nganggo tangan, yen ora iso nganggo tangan nganggo nasehat, yen ora
iso ngangfo pitutur nembe nganggo ati. Lan kuwi lemah-lemahe iman.”
Parmin: “Lha
sakniki, tiyang ingkang nembe maksiyat ngoten niku nek pejah mlebet suwargo
nopo neroko?”
Roihan: “Nggih
mesti mawon mlebu neroko!”
Parmin: “Syetan
mbujuk menungso nglakoni maksiat kuwi supoyo mlebu neroko opo suwargo?”
Roihan: “Yo
mesti ngajak mlebu neroko!”
Parmin: “Berarti
wong sing ngebom kuwi ngewangi syetan saperlu ngirim menungso mlebu neroko. Sebab
yen sempat tobat, ono kemungkinan wong kang seneng maksiat mau ora sido mlebu
neroko. Nek di bom berarti ora nulungi wong supoyo tobat tapi malah ngirim
langsung mlebu neroko. Terus jenenge opo wong kang ngewangi setan ngunu iku?
Bolone syetan, kan?”
Roihan meneng
ora ngucap opo-opo.
Hp-ne Parmin
nggeter-nggeter maneh. Miss called soko Atun. Parmin banjur kirim warto cekak.
Parmin: “Ono opo
Tun? Kangenmu tambah? Kangenku luwih dene tambah”
Atun: “Njenengan
mesti jejer kalih cah estri ayu nggih, kang?”
Parmin: “Ora ono
ah!. Kok iso awakmu nebak ngunu?”
Atun: “Lha njenengan
mendadak romantis ngoten kok... padahal kulo namung ajeng matur menawi njenengan
sampun dugi kulo mangke dikabari”
Parmin: $%&@
No comments:
Post a Comment